Total Tayangan Halaman

Minggu, 25 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (12)

 12.

Wusanane klakon, Adhiku si Labuh sing nggenteni kalenggahane Bapakku. Kanthi sinengkuyung kabeh para Bebau lan Mancakaki, Labuh dadi Lurah neng Tundhan kene. Aku dhewe melu seneng ngerti cara sing dicakne Labuh anggone nata Desa Tundhan, babar pisan ora nalisir saka paugerane desa lan tansah mbudidaya murih wong-wong Tundhan luwih makmur uripe. 


Mung siji sing sok ngganjel neng jroning pikirku. Yaiku ngenani sisihane Labuh.Si Guwarni kae, dirabi Labuh tanpa nganggo panglamar. Ora cetha sapa wong tuwane lan ngendi asal-usule, mung jarene saka padesan sacedhake Kutha Gedhe Mataram kana. Guwarni teka ing Tundhan, mbeneri Tundhan ngarepake upacara Metri Desa sabubare Panen. Guwarni teka bareng karo kanca-kancane sing bareng-bareng mbarang tayub, lha Guwarni kuwi salah siji sing dadi Pesindhen ngrangkep dadi Tledhek. Gandheng wektu kuwi Bapakku butuh nanggap tayub kanggo upacara Metri Desa, banjur rombongan Tayub sing lagi mbarang neng Desa Tundhan, dening Bapak diendheg lan dikon nayub neng Upacara Metri Desa.


Adhiku Labuh weruh rupa lan solah bawane Guwarni dadi lan kepencute. Banjur ditembung marang tetuwane rombongan nek Guwarni dijaluk keri neng Tundhan arep didadekne sisihane.


"Kowe niyat ngrabi Guwarni kuwi wis mbok pikir tenan apa durung ta ngger?" Pitakone Ki Tundhan marang Labuh wektu kuwi.


"Sampun Pak" wangsulane Labuh manteb "estu kula tresna sanget dhateng Guwarni".


"Kowe ngerti jenenge wong rabi? Kuwi ora kena dienggo dolanan. Bojo kuwi ora mung kanggo sedina rong dina nanging kanggo selawase" Ki Tundhan nambahi pitutur.


"Nggih, kula nggih mpun ngertos bab niku. Lan Guwarni badhe dados semah kula ngantos kula pejah".


Klakon Labuh ngrabi Guwarni. Mung sing dadi gumune atiku, sasuwene duwe bojo Guwarni, Labuh ki durung tau sapa wong tuwane Guwarni lan ing ngendi desane Guwarni.


Kira-kira let sepasar sawuse Labuh nggenteni dadi Lurah lan Guwarni katut dadi Nyi Lurah, ana dhayoh teka ing omahe Labuh. Ngakune jare sedulure Guwarni, jenenge Thungkel jarene isih sedulure Guwarni. Tekane Thungkel nggawa bocah lanang kira-kira umur 10 tahun, bocahe njloned ketok bagus, jenenge Kesit, jarene kuwi isih ponakane Guwarni sing wis lola ditinggal mati bapa biyunge.


Labuh sing wis suwe omah-omah karo Guwarni nanging durung duwe momongan, kepencut kepengin mupu Kesit dadi anake. Guwarni seneng banget merga Labuh mupu ponakane dhewe.  Thungkel uga nayogyani marang lekase Labuh lan bojone. 


Kulawarga sing saka Ki Tundhan, klebu aku ya seneng-seneng wae Ki Tundhan Kapindho mupu bocah sing jare wis lola kuwi. Awit kabeh padha duwe gagasan kajaba supaya Ki Tundhan Kapindho lan sisihane ora tansah kasepen, uga ngiras nulung titah sing pantes tinulung sing wujude Kesit si Bocah lola kuwi.


"Kepiye panemune Kang Landhung  saupama aku mupu si Kesit kae dadi anak puponku?" Labuh pancen njaluk panemuku nalika dheweke karep mupu anak si Kesit.


"Mupu anak kuwi ana becike lan ya ana alane Dhi" wangsulanku "luwih-luwih mupu anak sing ora cetha asal-usule, merga nadyan ora kabeh, nanging ora sethithik tekune anak kuwi sok katutan sipat-sipate wong tuwane".


"Iya Kang" Labuh semaur "nanging teku dhasar kuwi rak bisa diowahi klawan ajar ta Kang?". 


"Bener, waton olehe ajar tenanan lan sing nuntun ing ajar uga tenanan. Yen si Adhi bisa dadi ajar sing becik, ya pancen ora ana alane Si Kesit kae didadekne anak pupon" wangsulanku.


Wasanane klakon si Kesit dipupu dadi anak dening Si Labuh.


Nanging, aku dadi gela carub anyel carub pegel carub bingung wor suh dadi siji, bareng ing dina kaping pitu sawise Adhiku Labuh tinggal donya. Awit aku krungu lan weruh wewadi sing disimpen rapet sasuwene iki dening Guwarni, wanita sing banget ditresnani sedulurku lanang ya Ki Tundhan Kapindho.


Jebul Gumarni kuwi mungguhku, wanita sing luwih njejemberi ngluwihi wadon palanyahan. Luwuh wengis tinimbang Iblis. Luwih nggilani ngungkuli Bathari Pramuni. Nduweni lan ngrembakakne sipat murka ngungkuli raseksa.


Ana Candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...