Total Tayangan Halaman

Minggu, 25 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (13)

(13).


Kabeh kuwi wong lumrah ngarani sarwa kabeneran utawa mbeneri, nanging mungguhku kuwi andilalah, wis dadi kersane Gusti Allah. Wiwit awan aku ketaman rasa kangen sing angel disuyuti ngana kae. Nek kangen karo wong sing isih ana ngono wae lumrah, nanging kangenku iki aneh. Aku kangen marang Bapakku sing wis ora ana kuwi. Gandheng tak empet-empet ora betah, wusanane aku budhal nyang kuburane Bapakku. Tekan ngenggon aku mlebu neng jero cungkup, banjur lawange tak kancing saka jero. Dadi nek ora diungak saka dhuwur kotangane blabag gebyog, ora ana sing ngerti nek aku ana jero cungkup kono. Aku mapan ngglethak neng sisihe pusara.


Bareng wis rada sauntara aku ngglethak neng kono, neng jaba keprungu ana jangkahe wong sing nekani papan kuwi. Lawang cungkup tak sawang, ora ana tandha-tandha yen arep ana wong mlebu. Dadi aku ya ayem wae. Jebul wong sing lagi teka mau sing diparani kuburane Adhiku Si Labuh. Kanthi cetha suwarane sing lagi teka kuwi ngomong marang kuburane Labuh sing wis ora bisa ngrungokne apa-apa kuwi.


"Ki Lurah, gandheng nDika sampun sekeca anggenipun sare teng mriki, kula badhe matur lan nyuwun palilah ndika kula badhe ngladosi tiyang jaler sanes ingkang badhe ngukup randha tilaran ndika niki" nadyan aku ora weruh wonge, nanging aku apal, kuwi suwarane Guwarni bojone si Labuh.


"Nggih Ki Lurah, sak empune sawatawis tahun semah kula ndika agem, sak niki kula baleni malih. Kula nggih matur nuwun anak kula si Kesit mpun ndika gedhekne, ndika rengkuh kados yoga ndika piyambak. Nggih mengke si Kesit kula kandhanane supados boten nglalekne ndika, kersane ndika didamelne cungkup ingkang patut" genti ana suwara lanang, aku titen banget yen iki suwarane Gambangkawat.


Dhadhaku kaya dibleki gunung rasane krungu tembung-tembung sing ditujokne marang adhiku sing wis ora bisa ngrungokne suwarane wong urip kuwi. Wong loro sing ora ngerti nek omongane tak kuping kuwi banjur omong-omongan dhewe.


"Kok Kakang mau olehe ngomong sawatara tahun ndika agem ta?" Guwarni sing takon marang Gambangkawat.


"Lha nyatane rak ya ngono ta?" Wangsulane Gambangkawat genti takon.


"Iya ning nyatane ora sawutuhe bener" wangsulane Guwarni.


"Karepmu?" Gambangkawat negesne.


"Wong nadyan wis dadi bojone Ki Lurah, si Kakang ya isih sok njaluk jatah ngono lho".


"Witikna, wong ya padha butuhe kok" Gambangkawat gumuyu ngakak. 


"Nanging Kakang wekasane ya ora sabar ngono lho?" Suwarane Guwarni sajak nggemesne.


"Lha nek ngenteni ngurage ya kesuwen ngono? Terus aku bageyan apa? Lha nek mung nunggu klenane kaya sing uwis-uwis genah bisa mati garing awakku".


"Nanging jamu racikanmu nyata ora nguciwani, tanpa tandha apa-apa sing bisa nekakne sujana, Ki Lurah bablas angkler sarene".


"Uwis ora sah diomong, srengengene wis mendelep rada suwe, mundhak dadi enten-entenane wong-wong sing arep slametan mengko, ayo bali".


Getihku umub. Nanging aku ora duwe seksi kanggo nyekel durjana loro kuwi. Nek aku ngetok, gedhene tumindak nuruti nesuku tan wurunga aku kena pitnah. Durjana julig ngono kuwi pinter ngolah crita, dhandhang diucapne kuntul tetep akeh sing padha percaya. Mula aku banjur mikir, kepriye carane murih musuh sing gawe kisruhe Tundhan iki bisa tak ringkus lan nampa pidana sing murwat. Utang nyawa kudu disaur nyawa.


Nanging teka saiki durung diparingi cara dening Gusti Allah. Malah meh wae kebobolan karo carane Gambangkawat anggone arep ngrebut panguwasa ing Tundhan kaya sing dicakne mau bengi kae.


Sepisan maneh sing diadhepi wong-wong ing Tundhan iki menungsa licik budine cendhala, kuciwane wong Tundhan dhewe isih akeh sing kepilut karo ujar manise Iblis Gambangkawat sak kancane.



Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...