(14).
Bebau Palkuning karo Bebau Ngampon nganti kaya reca, awit saking kasengseme karo critane Ki Landhung. Bebau loro kuwi babar pisan ora duwe pangira yen Desa Tundhan wis suwe klebon musuh, sing saiki wis meh terang-terangan arep ngrebut panguwasa kanthi cara sing licik.
"Dados sedanipun Ki Lurah kala emben awit saking pangreka dayanipun Gambangkawat lan Nyi Lurah, Ki ?" Bebau Palkuning takon, sawise sauntara Ki Landhung meneng.
"Bener" wangsulane Ki Landhung "kuwi miturut omongan antarane Gsmbangkawat karo Guwarni sing tak kuping pas wong loro kuwi nyekar neng kuburane Labuh".
"Namung kuciwanipun wekdal niku Ki Landhung boten gadhah seksi" Bebau Ngampon melu omong.
"Ya kuwi sing banget tak getuni, awit mokal ana wong sing gelem percaya karo omonganku sing magepokan karo wewadi sing tak gembol iki".
"Kula kinten Para Kadang Bebau lan Mancakaki mesthi pitados menawi ingkang ngendika Ki Landhung" Bebau Palkuning wangsulan, diterusne karo pitakon "punapa boten saenipun para Kadang Bebau lan Mancakaki dipun klempakaken lajeng dipun jarwani wewadi niki Ki?".
Ki Landhung unjal ambegan, banjur wangsulan :
"Andika kudu ngerti, nek ing antarane rolas Bebau kuwi ketoke ana sing condhong lan raket karo Gambangkawat sing pancen baud micara, mligine bebau sing isih nom-nom. Mengko nek tak klumpukne banjur tak ajak omong bab iki, mesthi ana sing banjur wadul marang Gambangkawat, terus Gambangkawat nyebarne warta yen aku wong tuwa sing seneng nyebar pitnah lan gawe ora tentreme Desa. Kajaba saka iku, aku ya nguwatirake marang wong-wong sing duwe kasetyan marang adhiku labuh, bisa-bisa banjur kobong rasane banjur tumindak sing nalisir saka paugeran".
"Leres Ki niku" Bebau Ngampon genti semaur "sakniki pripun nek wewadi niku digethok tularne dhateng kanca-kanca piyambak, sarta dipun emutaken murih boten sami nerjang paugeran?".
Ki Landhung meneng sauntara. Bathuke dijengkerutne, ketok nek mikir lan nenimbang apa sing diomongne Bebau Ngampon kuwi.
"Niku ketingale sae Ki" Bebau Palkuning numpangi rembuge Bebau Ngampon "namung nggih kedah ngatos-atos, mergi sinten sing dados mengsah lan sinten sing dados rowang wekdal niki angel dipun bentenaken".
"Ngene wae" Ki Landhung wusanane omong "ndika rembug perkara iki karo Kakang Bebau ing Saradan. Kanggo sawatara aku tak nerusne olehku mikir golek cara sing becik kanggo nylametne Desa Tundhan sing wis mancik lambene jurang cerung iki".
Bebau loro kuwi manthuk-manthuk ketara nek mathuk. Ora suwe banjur padha pamitan arep bali nyang omahe dhewe-dhewe.
Sapungkure Bebau loro kuwi, Ki Landhung ya banjur tata-tata arep bali. Nanging lagi wae mudhun saka Gubug, neng ngarepe Ki Landhung katon ana wong loro sing sajak nyalawadi. Wong loro sing durung tau ditepungi dening Ki Landhung Adi Sastra.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar