(15).
Ki Landhung maju sajangkah, wong loro sing lagi teka kuwi disawang. Katon keker awake.
"Nuwun sewu Kisanak" Ki Landhung nyapa sing lagi teka "aja diarani tambuh, wong ya pancen aku durung ngerti, ndika sakloron iki sapa lan ana parigawe apa kok sajake arep mampir neng gubug kene? Ya nuwun sewu, apa mung kapinujon liwat wae?".
"Apa kowe sing jeneng Landhung? Sedulure Lurah Tundhan sing wis mati kuwi?" Salah siji saka wong loro iku ora mangsuli pitakone Ki Landhung, nanging malah takon karo basa sing kasar.
Oleh pitakon sing ngono kuwi, Ki Landhung mung meneng ora wangsulan, mung mripate ora kedhep nyawang sing nakoni, jroning batin wiwit ngira yen tekane wong loro iki arep ngajak gendra.
"He Pak Tuwa, aku takon ki ndang diwangsuli" wong kuwi nggetak "aja ngenteni aku nesu. Ngerti?".
Ki Landhung mesem, banjur mangsuli karo pitakonan :
"Yen dudu arep ngapa? Yen iya ya arep ngapa? Kowe dudu juraganku lan aku ya dudu andhahanmu. Ya sakarepku, aku wangsulan ya kenek ora wangsulan ya ora ana alane".
"Wong tuwek arep disamber gelap, ditakoni apik-apikan kok wangsulane angger mangap, apa njaluk dikaplok cangkemmu dhisik ? Ben bisa omong sing bener he?"
Krungu kancane misuh-misuh ngono kuwi, wong sing sijine ngguyu banter, banjur ngucap :
"Kowe kuwi kok sabar men ta Dhi? Wong ngono kuwi ndang dikampleng ndhase wae, rak ndang ngaku. Nek ngeyel ya diceklek-ceklek sikile terus diseret neng dalan prapatan kana ben dadi tontonane wong sak desa".
Getihe Ki Landhung krasa anget krungu rembuge wong loro sing ana ngarepe kuwi. Sikile sing kiwa dijokne, siaga masang kudha-kudha, njagani nek ana apa-apa. Untune digegetne kenceng, lambene diingkemne rapet. Neng atine wis ana niyat ora arep aweh wangsulan marang wong loro kuwi.
Wong sing dhek mau nakoni Ki Landhung mencolot mengarep karo tangane kemlawe njotos ngener uwang. Nanging, sing dijotos dudu reca sing ora bisa obah. Ki Landhung ngiringake sirahe mangiwa, kepelan sing ngarah uwange mung ngenani angin. Ngerti sing dijotos ngendhani, sing njotos dadi muring, genti tangane kiwa digunakne ngaplog sirahe Ki Landhung saka sisih kiwa. Sepisan maneh Ki Landhung ngiringne sirahe genti manengen. Kepelane sing ngampleng mung kena papan suwung. Ki Landhung ora mung endha, nanging disambi karo ngobahne tangan sing digegemne kenceng, lurus mengarep, pas keneng dhadhane mungsuhe, sing terus kesurung memburi rong jangkah, karo misuh-misuh :
"Woo.. wong tuwek ora keneng dibeciki, wani njotos dhadhane Sipang, klakon tak remuk balungmu tenan kowe mengko".
Nadyan lambene ngincim, nanging wong sing jeneng Sipang kuwi ora enggal tumandang. Kepelane Ki Landhung najan kepetung ora banter nanging wis bisa gawe ampege dhadhane.
Ngerti musuhe ora enggal ngrangsang, Ki Landhung nata sandhangane, jarike disingkapne memburi, usus-ususe kathok dikencengi. Banjur siaga masang kuda-kuda, ngadhepi tekane bebaya. Weruh Ki Landhung siaga, Sipang sansaya muntab, maju maneh karo ngirimne serangan. Sikile ndugang diarahne menyang dhadhane Ki Landhung. Ki Landhung prayitna, tekane dugang ditadhahi karo tangan kiwa sing disilangne dhadha, tangan tengen ditekuk sikute dijokne ngarah garese mungsuh. Petunge Ki Landhung pas, dlamakane Sipang ngenani lengen kiwa sing malang neng ngarep dhadha, kanthi cepet sikute ki Landhung nyotho ugel-ugelane sikil. Ora sranta, Sipang nggeret sikile sing kelaran memburi. Nanging lengen tengene Ki Landhung luwih cepet, obah nyabet kaya pedhang nyabet garese musuh. Kepethuke balung gares karo balung lengen ndadekne Sipang mbengok kelaran, karo mencolot memburi. Ki Landhung nututi karo sikil tengene ndugang mengarep pas igane musuh. Sepisan maneh Sipang mbengok, awake kebanting memburi. Ki Landhung sing oleh empan pas, mburu mengarep karo menehi imbuh sikil kiwa nyadhuk dhadha, banter. Sipang gulung koming neng lemah karo misuh-misuh.
Kancane Sipang sing maune mung nyawang, mencolot maju Pedhange wis didudut saka wrangkane, digegem kenceng lakune ngener nyedhaki Ki Landhung.
"Aja kesusu bungah kowe wong tuwek sing kemaruk, dumeh wis bisa nglarani Sipang sing lagi ngantuk" kandhane wong kuwi karo mlaku nyedhak "kena disabet pedhange Gondhes sida gumlundhung ndhasmu!".
Ki Landhung rada ngedhap weruh musuhe sing jeneng Gondhes kuwi arep namakne pedhange. Nanging tetep ora tinggal kaprayitnan. Nalika pedhange Gondhes klakon mbabat ngarah gulune, kira-kira kari kurang sakecu saka gulu, Ki Landhung nibakne awake nyang lemah. Pedhange Gondes nyuwara siyut, ngenani angin. Awake Gondhes kegeret tenagane mengarep. Ki Landhung sing isih ngglethak nemplek lemah waspada, sikile disapokne nyang sikile Gondhes saka sisih mburi, Gondhes sing ora ngira sadurunge kaget, tiba nggeblak memburi.
Sawantara iku, Ki Bebau Pal Kuning karo Bebau Ngampon jebul mau ora bablas bali menyang omahe dhewe-dhewe. Nanging malah bablas menyang Saradan arep nemoni Ki Bebau Saradan.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar