Total Tayangan Halaman

Minggu, 25 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (16)

 (16).


Bebau Saradan gita-gita mapag tekane Bebau Ngampon lan Palkuning. Kekarone banjur diajak mlebu menyang jero pringgitan. Lawang saka ngarep ditutup rapet, supaya ora ana wong ngira yen Bebau Saradan lagi nemoni dhayoh.


Wong telu lungguh neng klasa sing digelar neng tengah pringgitan. Ora suwe rewange Ki Bebau Saradan nyuguhne wedang kopi kimplit sak panganane gembili godhog karo uwi.


"Wis wiwit mau olehku ngenteni salah siji saka ndika sakloron" Ki Saradan miwiti rembug "upama ora wedi tlingsingan ngono mesthi aku wis nyang Palkuning utawa Ngampon".


"Nek Tlingsingane niku mesthi Bapa" Bebau Ngampon sing luwih dhisik wangsulan "merga wiwit enjing kula kaliyan Bebaune Palkuning manggihi Ki Landhung teng Tegilane. Lha dhek dalu nika Bapa Saradan rak ngengken kula murih nedhi ngapura teng Ki Landhung?".


"Iya, ya ?" Bebau Saradan tumanggap "nganti lali aku. Lha dadi nDika wong loro iki ya durung ngerti kabar saka Kalurahan sing gawe mirise ati kuwi?".


"Dereng Kakang" Bebau Palkuning semaur "gek niku kabar napa?".


"Aku dhewe durung genah" wangsulane Bebau Saradan "Mung saka bocah kene crita yen ing omahe Nyi Lurah ketekan wong sapirang-pirang komplit sak gegamane kaya prajurit arep nglurug perang. Saking akehe, wong-wong mau banjur padha yasa tendha ing plataran Kalurahan".


"Lha niku tiyang saking pundi lan ajeng napa Bapa?" Bebau Ngampon takon.


"Aku ya durung ngerti. Mung wae, aku duwe pangira yen kuwi ana sambung rapete karo krdadean mau bengi, ya kuwi bab anggone Nyi Lurah karo Ki Gambangkawat ngotot kepengin nglungguhne Kesit dadi Lurah Tundhan".


"Kula kinten nggih ngoten Kakang" Bebau Palkuning nindhihi rembug "kula prasetya jroning ati kula dhewe, kula boten badhe lila menawi Tundhan dilurahi tiyang kados si Kesit, sing pranyata anake Gambangkawat kaliyan Gumarni napa Guwarni niku saderenge Guwarni dipundhut semah kaliyan Ki Tundhan Kapindho".


"Sik...sik.... nDika ngandhakne si Kesit niku anake Gambangkawat ? Piye kuwi genahe?".


Bebau Palkuning banjut nyritakne anggone jagongan karo Ki Landhung esuk mau.


"Ooo......" Bebau Saradan ngomong alon kaya mung ditujokne marang awake dhewe "nyata setan keparat si Guwarni karo Si Gambangkawat, ora pantes suwe urip neng Tundhan. Mbuh piye carane, menungsa loro kuwi kudu enggal disirnakne saka lumahe bumi iki".


"Sabar Bapa" Bebau Ngampon ngomong alon "wau Ki Landhung ugi weling pitutur".


"Pitutur piye?"


"Awakipun piyambak sampun ngantos tumindak awit nuruti kebrananging manah, puniku mbebayani, sadaya tumindak kedah linandhesan mawi niyat ingkang utami linampahaken mawi kukum ingkang adil".


"Tulung ndika genahne sing sak genah-genahe" Bebau Saradan negesne rembug.


"Ngeten Kakang" Bebau Palkuning genti sing omong "mila mokal menawi ngertos kelakuwanipun iblis Gambangkawat kaliyan Guwarni punika awakipun piyambak boten nesu. Nanging, welinge Ki Landhung wau nek nesu niku dituruti kanthi manah sing kebranang, entuk-entukane bakal keduwung. Prayogine nesuning manah kedah katuntun kukum adil lelandhesan niyat ingkang suci. Dados kawiwitan niyat milujengne Desa Tundhan saking pokal gawene iblis, lajeng mbudidaya murih Gambangkawat saged nampi pidana ingkang murwat. Boten kok namung butuh ajeng damel cilakane mungsuh thok".


Bebau Saradan manggut-manggut, jroning ati ngucapne sokur marang Pangeran lan nedha nrima marang Ki Landhung.


Kang bareng wektune karo iku, ing tegalane Ki Landhung wis kasil nglumpuhake Sipang lan Gondhes sing nadyan isih luwih nom lan keker awake, nanging ora nggandra sepira bareng ngadhepi Ki Landhung Adi Sastra.


Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...