Total Tayangan Halaman

Minggu, 25 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (17)

 (17).


Sipang lan Gondhes isih padha semaput, sawuse balung garese padha pepes merga kena sabetan teken Lirane Ki Landhung. Mesthi wae Ki Landhung ya banjur bingung wong loro kuwi arep dikapakne? Nek ditinggal ngalih, padha wae arep ndadekne wong loro kuwi dadi krayahane slira-slira sing kulina golek mangsan neng tegal kono. Nek arep digawa menyang desa ben diurusi Bebau Krajan, kerepotan anggone arep nggawa. Upamaa ora semaput pisan, wong loro kuwi genah nek wis ora bisa mlaku maneh, merga balung sikile wis padha remuk. Kamangka wektune wis rada sore. 


Bareng wis sauntara mikir, Ki Landhung kelingan marang Panggah karo Sukra sing dhek mau dandan dalan. Dadi mesthine sedhela maneh rewange loro kuwi enggal teka kono. Temenan ora suwe Panggah karo Sukra teka, nanging ana sing aneh. Panggah ketok pringas-pringis kaya ngempet lara.


"Kowe kuwi nyang apa Nggah?" Isih saka kadohan Ki Landhung wis mbengok takon.


"Wau enten tiyang edan ngamuk, kula kalih Sukra diajar ngantos semaput" wangsulane Panggah karo mlaku nyedhak.


"Wong edan ngamuk?" Ki Landhung takon sajak gumun.


Panggah ora gage-gage semaur, lagi bareng wis teka sacedhake juragane lagi lungguh karo omong :


"Nggih, boten ngerti  sangkane enten tiyang kalih teka, kula ditakoni napa sing gadhah tegil niki kula. Kula ngaken nek enggih. Tiyange malah boten percaya kula disemplak terus diidak-idak, ngantos boten eling napa-napa. Ngertos-ngertos mpun diombeni toya kalih si Sukra".


"Lha Sukra?" Ki Landhung takon.


"Pas tiyang edan niku dugi kula taksih teng Kalen mendheti sela kangge urugan, sareng kula minggah tiyange mpun kesah, namung kantun Kang Panggah sing ngglethak lemah-lemah" wangsulane Sukra.


"Lemah-lemah dhengkulmu benjo kuwi" Panggah nyendhu Sukra "genah wong semaput kok diarani lemah-lemah".


"Witikna, wong pas tak celuki meneng wae bareng tak parani malah glethakan neng suketan kok, jebul semaput" wangsulane Sukra klecam-klecem.


"Kowe ngerti ?"Ki Landhung nengahi karo nhomong "Wong edan loro mau neng kene ya ngamuk, malah nggawa pedhang barang".


"Lha lajeng?" Panggah takon.


"Wis bisa tak atasi, saiki kae ta, padha nek jarene Sukra, lemah-lemah neng suketan" Ki Landhung nudingi Sipang karo Gondhes sing lagi semaput.


Weruh wong sing milara awake padha pating glethak neng lemah, Panggah ngadeg karo nyaut penthung, marani wong loro kuwi.


"Arep ngapa kowe?" Ki Landhung mencerengi Panggah.


"Ajeng males lara kula Ki" wangsulane Panggah.


"Wonge arep kok penthungi ngono apa piye?"


"Enggih, jan kemropo tenan kula, nek ngeten niki".


"Nek kuwi sida mbok cakne, sing edan tambah siji maneh".


"Kok saged?" Panggah gumun.


"Iya, merga kowe wis ketularan dadi edan" wangsulane Ki Landhung.


Krungu wangsulane Ki Landhung sing ngono kuwi, Sukra ngguyu, senajan sak tenane ya ora mudheng karo sing dikarepne juragane. Panggah anyel Sukra dipenthelengi. Sukra ora wedi, malah guyune sansaya banter. 



Ana Candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...