(18).
Ki Landhung mesem weruh rewange loro sing lagi gojegan kuwi. Panggah dicedhaki, pundhake dipuk-puk karo dikandhani :
"Panggah, kowe kudu ngerti wong sing senengane ngamuk kuwi wong edan. Seneng gawe cilakane liyan kuwi wong sing nalare lara, wong sing seneng nganggo guyon kasangsaran utawa kekurangane liyan kuwi wong sing bodho. Kaya wong loro sing ngglethak kae, merga seneng ngamuk mula kok arani wong edan. Merga nek wong waras ora bakal ngamuk, wong sing keneng nglarani ragane liyan kuwi mung siji yaiku nalikane kapeksa. Mau aku kapeksa nglarani wong loro kae, jalaran aku kapeksa. Nek ora tak lawan, wong loro kae niyat arep nggawe cilakaku malah wis padha nggunakne pedhange barang, kurang-kurang bejane aku mau bisa mati. Mula aku kapeksa nglumpuhne wong loro kae nganggo Lira. Ketoke ana balunge sikil sing remuk. Lha nek wis ngene iki, aku malah ketambahan kuwajiban nulungi wong loro kae ben ora kebablasen olehe sengsara".
"Nanging kula rak sadermi ajeng males mawon ta Ki?" Panggah ngeyel.
"Males?" Ki Landhung mesem "nek olehmu males nganggo cara sing padha, tegese kowe niru lekase wong edan loro kae, banjur apa bedane? Edan diwales edan ? Sing endi sing waras? Nek kowe pancen kepengin males, walesen nganggo cara sing becik, wong loro kae openana ben ora nemen-nemen larane. Kuwi sing diarani males. Lha nek kowe ngarani wong loro kae luput, ya pasrahna sing duwe wewenang ngadili lan aweh ukuman. Kowe, aku, Sukra iki ora kasampiran wewenang ngadili luwih-luwih aweh ukuman. Ngerti?".
"Ngertos Ki" Panggah ndhingkluk.
"Karo maneh tak kandhani ya? Sabecik-becike manungsa kuwi sing bisa nggunakne uripe murih bisa migunani sapepadhaning titah. Lan menungsa sing seneng pamer kekuwatan, kepinteran, kesugihan kanggo ngalahne menungsa liyane, kuwi nuduhne yen isih ngingu sipat-sipat ala sing ana ing sipating kewan".
"Inggih Ki"
"Saiki gandheng awakmu isih kaya ngono, kowe baliya dhisik lan mampira neng omahe Bebau Krajan, omonga yen tak kongkon supaya ngabarake neng tegalan kene ana wong loro sing mbutuhne ditandhu digawa menyang omahe Ki Bau Krajan. Wis gek ndang budhala!".
"Nggih Ki" Panggah wangsulan karo mangkat bali lan nindakne prentahe juragane.
Ki Landhung banjur ngatag Sukra :
"Saiki wong loro sing lagi leyeh-leyeh kae tunggonana, ben ora diparani slira".
"Nggih Ki" wangsulane Sukra.
Pas Sukra teka sandhinge, Sipang karo Gondhes wis padha eling saka nggone padha semaput. Nanging ora padha bisa obah, ngrasakne larane sikil sing balunge padha pepes.
"Adhuuuh...... adhuh ......" wong loro kuwi padha sambat.
Sukra sing krungu wong loro kuwi padha sambat, banjur ngiling-ngilingi. Ngerti nek ana wong ing cedhake, Sipang sambat njaluk tulung :
"Adhuh..... tulung....tulung....".
"Ndika kuwi kena apa Kisanak?" Sukra nambong.
"Sapa kowe?" Sipang mentheleng karo takon.
"Aku rewange sing duwe Tegal iki, ndika kuwi keneng apa?" Wangsulane Sukra.
"Adhuh.... lha Ki Landhung mau menyang ngendi?" Genti Gondhes sing takon.
"Lagi leren neng gubug" wangsulane Sukra "ndika ki jane ngono sapa?".
"Ora perlu, kowe ngerti" Gondhes semaur sereng.
"Ya wis. Ora apa-apa" Sukra wangsulan ayem "ndika ki ya aneh, wong loro padha glethakan kok neng cedhak susuhe semut geni lho? Apa niyat arep njajal awak? Sik nek ngono, tak obrak-abrike nggone, semute ben gelem ngroyok ndika wong loro.....".
"Apa? Semut geni? Ajaaaaa....... aku paling ora tawar nek dimungsuh upase semut geni......" Gondhes mbengok.
"Sak karepku ta, wong tegal iki sajroning panguwasaku, ndika pisan-pisan ben ngrasakne segere dikereg semut geni, pengin ngerti aku.....".
"Aja.... aja Kisanak, welasa marang aku, aku jalukna pangapura marang Ki Landhung" Sipang omong karo nangis.
"Lha wong ditakoni apik-apikan wae ndika malah nggetak-nggetak kok, mau malah wis ngajar sedulurku nganti semaput, terus wani arep gawe cilakane juraganku barang. Saiki wayahe ndika dikroyok semut geni, sedhela maneh ndika ben dikrokoti slira-slira sing ana tegal kene" Sukra wangsulan kanthi suwara sing sajak ayem.
Sipang karo Gondhes mbengok-mbengok, njaluk kawlasan, Sukra ora mangsuli malah ngguya-ngguyu karo omong dhewe :
"Ketoke bakal lucu mengko, ndelok wong lempoh dirubung semut geni terus dikrikiti slira, apike ben rada rame digolekne Klabang karo Kalajengking iki, dilebokne neng jero klambi karo kathoke".
Karuwan Sipang karo Gondhes sansaya seru nggone padha bengok-bengok.
Ana Candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar