Total Tayangan Halaman

Minggu, 25 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (19)

 (19).


Ki Landhung sing ana gubug krungu nek Sipang karo Gondhes melung-melung padha nangis, ngira yen Sukra wis tumindak sing ora bener. Karo semu muring, Ki Landhung mudhun saka gubug banjur mara karo ngucap, mbengoki Sukra :


"Sukra, aja ketularan edan kowe!. Wong loro kuwi kok kapakne he?".


"Boten kula napak-napakne kok Ki" wangsulane Sukra ayem wae "kula senggol mawon boten kok. Tiyang boten waras rak nggih ngoten niku gaweyane? Sok ngguyu dhewe, sok nangis piyambak, malah sok seneng ngamuk napa. Kersane neh diumbar mawon mengke nek kesel rak nggih meneng dhewe".


Ki Landhung sing wis neng sandhinge Sipang karo Gondhes, banjur nakoni wong loro kuwi :


"Bener ndika sakloron ora dikapak-kapakne karo Sukra?".


"Ampun Ki.... kula kapok saestu...." wangsulane Sipang karo nangis.


"Estu ta Ki?" Sukra nigas rembug "diaturi nek tiyang boten genah niku nggih ngoten niku kok, tiyang kula takoni apik-apikan mawon malah kula digetak-getak kok".


"Iya, nanging menenga dhisik, coba wong loro iki tak jake omong dhisik" wangsulane Ki Landhung sing banjur ditutugne omong marang Sipang lan Gondhes "ya aku njaluk pangapura ndika wong loro Kisanak, aku kapeksa nggunakne Liraku. Jeneh ndika wong loro nggunakne pedhang kok, dadi aku kuwatir yen aku ketaton".


"Nggih Ki, kula nyuwun ngapunten, kula kapok tenan Ki, kula nyuwun gesang" wangsulane Sipang.


"Lho ndika kuwi isih urip, kok njaluk urip maneh ki piye?" Ki Landhung semaur "karo maneh, sing duwe urip kuwi Gusti Allah dudu manungsa. Aja maneh kok arep aweh urip, wong uripku dhewe iki sing menehi ya Gusti Allah, jare".


"Kajeng kula, kula ampun dipejahi Ki" Gondhes sing genti wangsulan.


"O, ngono? Iki aku malah isih kongkonan rewangku, golek bebantu kanggo nandhu ndika wong loro nyang omahku utawa nyang omahe Bebaune ben gampang olehe nambani tatu ndika kuwi".


"O, dadi kula ajeng ditambani Ki?" Sipang takon.


"Lha ya ngono, genah nek sikil ndika mbutuhne tamba ngono kok, lha aku arep kongkonan ngabari batih ndika, ya ora ngerti neng ngendi olehe nggoleki. Jare Rewangku mau, bocahe takon malah ndika getak-getak? Timbang digetak aku ya milih ora takon wae".


Sipang lan Gondhes gumun ngerti sikepe Ki Landhung sing sabare kaya ngono kuwi. Menang-meneng wong loro kuwi mau getun dene wis nggugu omonge wong sing ngongkon supaya mateni Ki Landhung. Wong loro kuwi kepengin tobat awit wis kerep nglakoni gaweyan sing ora lumrah, yaiku ngilangne nyawane wong sing diijoli nganggo picis.


Sauntara kuwi, Bebau Tundhan Krajan wis teka karo nggawa kanca papat sing nggawa Tandhu siji.


"Niki ta tiyange Ki Landhung?" Bebau sing jeneng Taling kuwi takon sawuse cedhak "ande Panggah mau ora omong nek wong loro".


"Iya Ki Bau" wangsulane Ki Landhung "ya mengko nggawane diumbal ping pindho wae".


"Kula ajeng dibeta teng pundi Ki?" Sipang nyela takon.


"Digawa nyang omahku utawa omahe Ki Bebau, ben luwih gampang olehe ngopeni" wangsulane Ki Landhung.


"Anu Ki, nek badhe ditambani kula nyuwun ditambani teng griyane Ki Landhung mawon".


"Ngono ya kenek, mengko siji ben ditambani neng omahku sing siji neng omahe Ki Bau" Ki Landhung wangsulan.


"Boten Ki" Gondhes nyaut "kula nggih nyuwun ditambani teng nggene Ki Landhung mawon".


"Lha niki pripun Ki?" Bebau Taling takon marang Ki Landhung.


"Ya nek karepe Kisanak Sipang karo Gondhes mangkono, ya ora apa-apa kabeh tak openane neng omahku" wangsulane Ki Landhung.


"Lha niki wau pripun ta Ki larah-larahe?" Ki Taling takon maneh.


"Lha apa si Panggah durung crita?" Ki Landhung genti takon.


"Sampun, criyose wonten tiyang edan ngamuk mbeta dedamel, lajeng dipun lumpuhaken Ki Landhung ngoten".


"Ya ngono kuwi larah-larahe, nanging katone bareng ketiban Liraku owahe wis rada pulih kok" wangsulane Ki Landhung "keneng diajak omong, ya ora ngamukan maneh".

 


Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...