(20).
Ki Taling mesem krungu wangsulane Ki Landhung ngono mau, banjur gawe dudutan yen wong sing owah pikire kuwi bisa ditambani nganggo cara dipenthung Lira ing garese.
"Saiki aja kesuwen, salah siji ndang diangkat ditandhu menyang omahku" Ki Landhung prentah "kowe Sukra, ngancanana bali dhisik papakna sing lagi lara iki neng gandhok sisih wetan, ambene resikana dhisik".
"Inggih Ki" wangsulane Sukra.
Wong papat sing nggawa Tandhu, gawane Ki Bebau Krajan ya banjur tumandang. Sipang diangkat luwih dhisik. Ki Bebau isih keri, ngancani Ki Landhung nunggoni Gondhes sing isih pringas-pringis ngrasakne larane.
"Mengko ndang bali mrene maneh lho Ca" welinge Ki Bau marang wong-wong sing nggotong Sipang.
"Nggih Ki Bau" wong papat wangsulan bareng.
"Ki Landhung napa wiwit enjing dereng wangsul niki wau?" Sawise bali lungguh, Bebau Krajan takon.
"Durung" wangsulane Ki Landhung "wong neng kene hawane kepenak, dadi sirku iki mau arep glethakan neng Gubug ngono, ngiras nggusahi manuk emprit sing nisili gaga".
"Ndelalah enten tiyang boten genah teka niki wau?"
"Iya"
"Dados Ki Landhung dereng pirsa nek dinten niki wau teng Tundhan kedugen tiyang-tiyang saking Mataram?" Ki Bau Taling takon.
"Lho tiyang-tiyang ? Apa akeh? Gek jare arep nyang apa? Sing dijujug nggone sapa?" Ki Landhung takon akeh-akeh.
"Inggih watawis wonten sekawan dasa tiyang. Ngakenipun gegaman saking Mataram, nanging tanpa rontek tanpa umbul-umbul miwah bandhera, njujug dhateng dalem Kalurahan dipun tampi Nyi Lurah ingkang dipun dhempingi Ki Gambangkawat. Dene tujuwanipun punapa, kula dereng ngertos".
"Nek sing nampa Nyi Lurah karo Ki Gambangkawat, kuwi ateges dudu perkarane Desa Tundhan, merga ing Tundhan kene iki Nyi Lurah utawa Ki Gambangkawat ora kasampiran wewenang kanggo makili Desa. Iya apa ora? Nek tekane sing jare ndika gegaman saka Mataram kuwi magepokan karo Desa Tundhan, mesthine sing nampa ya nDika minangka Bebau Krajan lan bisa didhempingi para Bebau liyane" wangsulane Ki Landhung.
"Lha kula kedah pripun niki Ki?" Bebau Krajan njaluk tetimbangan.
"Ya ora kudu piye-piye, wong sing teka kuwi dhayohe Nyi Guwarni. Mung wae, nDika aja tinggal kaprayitnan. Merga sing teka kuwi wong akeh, kathik nggawa gegaman jangkep, mula dingon saka kadohan wae, mbok menawa ana salah sijine dhayoh kuwi ana sing nakal. Uga para nDika parentahne marang Ki Jagabaya lan para Sinoman supaya siaga ing dhiri, samekta sawayah-wayah, sarta para Bebau ing dhukuh liyane becik yen ndika kabari".
"Inggih Ki" Bebau Taling semaur, karo ing batin ngalembana marang sikep wicaksanane Ki Landhung, sedulur tuwane sawargi Ki Lurah kuwi.
Wong papat sing nggawa Tandhu mau wis teka maneh, Gondhes genti diunggahne ing tandhu, diusung menyang omahe Ki Landhung, jumbuh lan panjaluke. Bebau Krajan lan Ki Landhung ngetutne neng mburine.
Ana Candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar