(21)
Mega abang ing sisih kulon wis ilang, mratandhani wektu sore wis sauntara suwene. Ki Landhung nunggoni rewange loro sing lagi ndulang Sipang karo Gondhes neng gandhok sisih wetan. Maune wong loro kuwi ora gelem didulang, merga rumangsa isin. Nanging dening Ki Landhung dipeksa
"Ndika kuwi durung oleh kakehan obah, malah kudu ngglethak dhisik, ben tatu sing neng jero sikil kuwi rada pulih" Ki Landhung ngandhani.
"Inggih Ki" Sipang wangsulan "kula kekalih estu sampun tumindak dosa ingkang sakalangkung ageng dhateng nDika, ewa samanten Ki Landhung taksih kersa paring pitulungan, kamangka kedahe rak kula kekalih nDika pejahi?".
"Kok kedah ki sing ngudokne sapa?" Wangsulane Ki Landhung "wis ora sah akeh sing dipikir dhisik, ndika kudu mangan sing akeh, ben ndang waras".
Sauntara Sipang karo Gondhes mangan, Ki Landhung wis nyawisake bobokan saka empon-empon lan gegodhongan kanggo nambani sikile wong loro kuwi. Bubar didulang, wong loro kuwi nuli diupakara Ki Landhung, sikil sing balunge remuk diboboki. Pancen Ki Landhung kuwi nadyan emoh diarani Dhukun, nanging kerep dijaluki tulung wong-wong sing kulawargane lagi lara supaya ditambani. Akeh-akehe sing mertamba marang Ki Landhung kuwi cepet banget warase. Klebu wong-wong sing kesleyo, ya akeh sing pulih merga diboboki Ki Landhung.
Sipang lan Gondhes sawuse keselehan bobok sikile, padha ngrasakne adhem, ora lara banget kaya dhek mau. Nalika Ki Landhung ngadeg arep ngalih, Sipang omong :
"Mangke rumiyin Ki".
"Ana apa?" Ki Landhung mandheg.
"Ki Landhung ampun ngalih riyin, kula kalih Kang Gondhes ajeng sanjang".
"Ngomong apa? Ndika kuwi mbutuhne leren dhisik, ora oleh ngomong sing akeh".
"Nggih Ki, nanging niki wigatos sanget, nyangkut nyawane tiyang kathah kalebet Ki Landhung" Gondhes genti omong.
"Apa kuwi?" Ki Landhung takon.
"Niki mengke mesthi kanca-kanca kalih Lurah kula madosi kula. Nek nek mpun panggih mesthi dirampungi, murih boten mbikak wewadi"
"Mula saderenge kula pejah, kula ajeng ngaturne wewadi niku dhateng Ki Landhung murih kadurakan sing ajeng dicakne teng Dhusun Tundhan niki saged diendheg" Sipang nambahi rembug.
"Sik....sik... mengko dhisik" Ki Landhung nanggapi "ndika sakloron iki tenane ngono sapa? Lan andhahane sapa? Duwe karep apa teka neng Tundhan iki?".
"Nggih Ki, tenane kula niki kulawarga kecu saking Cupu, lurah kula Ki Gambangkawat, dugi teng dhusun Tundhan mriki badhe ngrebat panguwaos Tundhan kanthi alus inggih kanthi kasar. Dene ingkang ngragati Ki Gambangkawat sakancane niki miturut kabar ingkang kula tampi Paguron Gunung Layang ingkang badhe mbalela saking panguwaos Mataram. Sampun namung niki sing ajeng kula aturne teng Ki Landhung" .
Ki Landhung meneng, nanging menenge karo mikir apa sing lagi wae dirungu saka Sipang lan Gondhes kuwi. Bareng wis sauntara, banjur kandha marang wong loro sing lagi ngglethak kuwi :
"Aku banget nedha nrima marang ndika sakloron merga kabar kuwi mau. Saiki ndika leren wae neng kene, muga-muga sikil ndika ndang padha waras".
Bubar muni ngono kuwi, Ki Landhung ngadeg marani ublik sing ana pojok gandhok, genine dikempus, mati. Banjur ditinggal metu, lawang gandhok ditutup saka njaba dikancing. Gondhes karo Sipang tanggap karo apa sing ditindakne Ki Landhung sing aweh pangayoman marang dheweke. Kanthi dimar sing dipateni, wong-wong ora bakal ngira yen ing kono ana wonge sing lagi lara. Apa maneh lawange gandhok sing dikancing saka jaba.
Neng pendhapa ngarep, Ki Landhung celuk-celuk Sukra supaya mara.
"Enten napa Ki?" Pitakone Sukra sawise teka ngarepe Ki Landhung.
"Kowe menyanga omahe Ki Bebau Krajan omonga nek tak kon mrene saiki, banjur bablasa nyang omahe Bebau Palkuning karo Bebau Ngampon, omonga nek Kudhine mau keri neng Gubug Tegalan, tak slempetne neng japitan welit, kon njupuk saiki".
"Nggih Ki" Sukra wangsulan cekak, banjur budhal.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar