(22).
Durung suwe anggone Sukra metu, katon Ki Taling sing dadi Bebau Tundhan Krajan, ngunggahi pendhapa omahe Ki Landhung.
"Wonten dhawuh punapa Ki?" Bebau kuwi takon sawuse lungguh neng lincak ngadhep Ki Landhung.
"Lha tiyang edan kalih wau terus pripun?" Durung nganti pitakone diwangsuli, Bebau Taling takon maneh.
"Aku rada sujana marang wong loro mau, saiki wis tak tambani lan tak dhelikne. Sujanaku, atake kanca-kancane ora narimakake banjur nggrudug neng omahku kene, kuwi sing rada tak kuwatirake, mula aku banjur kongkonan Sukra marani ndika mau".
"Menawi makaten, awakipun piyambak kedah siaga ing dhiri Ki" wangsulane Ki Bebau Taling "mangke kula printahne teng para nem-neman lan Ki Jagabaya supados jagi ing dalem mriki".
"Matur nuwun Ki Bau" tanggape Ki Landhung "nanging murih ora pati ngawistarani, wengi iki aku tak lunga saka omah. Perkara kaslametane kulawarga lan omahku tak pasrahne marang Ki Bau. Piye yen ngono?" .
"Inggih Ki, kula kinten niku nggih langkung prayogi".
Bebau Tundhan Krajan kuwi banjur pamitan arep ngomongi para sinoman lan Ki Jagabaya. Ki Landhung iya banjur budhal menyang Gubug ing pategalane, arep nemoni Bebau Palkuning karo Bebau Ngampon.
Sauntara iku, ing Saradan, sawise Bebau Ngampon lan Talkuning padha pamitan bali, Bebau Saradan isih getem-getem dhewe. Bebau tuwa kuwi ngrasakne keduwung dene wis nyarujuki panjaluke Ki Tundhan Kapindho sing njaluk supaya ing tembe kalungguhan Bebau Saradan marang putra pupone Ki Lurah.
"Saupama ngerti nek Kesit kuwi anake Gambangkawat, mokal aku nglilakne dheweke nggenteni palungguhanku" ngono batine Ki Saradan karo isih lungguh neng klasa pringgitan "luwih-luwih nek ngerti nek Guwarni kuwi jebul iblis wedok, hm..........".
Nyuuut. Ki Saradan kelingan, biyen jaman Ki Tundhan Kapisan isih, dheweke nate diparingi wujude pusaka pikukuh palungguhan Bebau ing Saradan. Pusaka kuwi wujud Keris sing jenenge Kyai Lothek.
"Purwa" kandhane Ki Tundhan jaman semana "iki keris jenenge Kyai Lothek, minangka pikukuh nggonmu madeg dadi Bebau ing Saradan kene. Rawatana sing becik, awit ya mung sing nduweni sipat kandel Kyai Lothek sing kuwat ngemban kuwajiban dadi Bebau ing Saradan kene".
Eling karo paweling kuwi, Ki Saradan banjur mesem karo ngunandika jroning ati :
"Tujune Kyai Lothek durung tak pasrahne marang Kesit, dadi najan wis disekseni wong akeh nek sing bakal nggenteni aku mbesuk si Kesit, mokal dheweke kuwat suwe dadi Bebau Saradan tanp Sipat Kandel Kyai Lothek. Saiki kanggo njagani sing ora dikarepne, becik piyandel iki tak titipne wong magersariku wae ben ora konangan Gambangkawat utawa Guwarni".
Ki Saradan tumuli njupuk piyandel Kyai Lothek saka pasimpenan, banjur metu marani omahe Magersarine sing aran Ki Wangsa.
"Ki Wangsa" kandhane Ki Saradan, ya Ki Purwa sawuse tekan omahe Ki Wangsa "aku njaluk tulung, rawatana piyandel iki. Aja nganti ilang utawa direbut wong. Merga sing sapa wonge kuwawa nggadhuh pusaka iki, bakal kuwat madeg dadi Bebau ing Saradan kene. Nek ana apa-apa sing tumanduk marang aku, pusaka iki wenehna putumu Si Wanda, muga-muga mbesuk bisa nerusne lelabuhanku ing dhukuh Saradan kene".
Durung wae Ki Wangsa wangsulan, keprungu suwara rame-rame. Suwarane wong pirang-pirang sing pating brengok mlebu platarane Ki Bebau Saradan. Ki Saradan sajak kaget, nanging isih bisa omong kanthi cetha, sanadyan ing batin wis nyipta bakal ketekan bebaya.
"Wis Ki Wangsa, kowe karo bojomu sarta putumu aja rame-rame slametna pusaka Saradan. Lungaa mengalor nek perlu nyabranga bengawan, aja nganti konangan kanca-kancane Gambangkawat".
Bubar muni ngono kuwi, Ki Saradan bali mulih arep mapagne wong-wong sing pating brengok mlebu plataran omahe.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar