(23)
Ki Wangsa sing ngrasa nek Ki Bebau Saradan ana sajroning bebaya, enggal ngatag bojo karo putune supaya tata-tata nindakne prentahe Bebau Saradan.
Pangira lan pangrasane Ki Wangsa ora luput. Lamat-lamat saka omahe Bebau Saradan keprungu suwarane wong padudon.
"Ki Thungkel, kaya wong ora tau tepung wae karo aku? Ya gene bengak-bengok njangkar jenengku?" Suwarane Bebau Saradan cetha nakoni wong sing lagi teka.
"He wong tuwa sing jeneng Purwa" keprungu suwarane wong semaur karo nggetak. Ki Wangsa apal kuwi suwarane Thungkel rewang gawane Nyi Lurah "tekaku mrene ngemban dhawuh saka Ratu Mataram, supaya ngrangket kowe karo kulawargamu lan nyemplungne neng pakunjaran".
"Piye?" Ki Saradan nyuwara banter "kowe Thungkel pangkatmu mung batur gawan, omonganmu kaya wong owah pikire. Apa karepmu he?".
"Ngertia Purwa" Thungkel wangsulan karo nggetak "Ratu Mataram wis ngerti, yen kulawarga saka jenate Ki Labuh lan para Bebau ing Desa Tundhan iki kabeh jebul rowange Penangsang sing isih urip, lha saiki aku sing nampa prentah supaya numpes, sisa-sisaning mungsuh negara Mataram iki".
Sauntara iku, wong-wong kancane Thungkel sing teka nyang omahe Ki Saradan isih gumrudug, kabeh padha ngliga gegamane dhewe-dhewe. Lan saka omahe Ki Saradan wiwit keprungu suwara gumlodhag, suwarane wong sing padha adu kekuwatan.
Ki Wangsa ngedhap, ora ateges ngremehne kadigdayane Ki Bebau Saradan, nanging Ki Wangsa weruh nek cacahe mungsuh adoh luwih akeh tinimbang para sinoman sing tungguk neng omahe Ki Bau. Mula kena diaranih Ki Saradan wektu kuwi ketaman karoban lawan. Yen ora teluk tan wurunga bakal lebur tanpa dadi.
Wiwitane Ki Wangsa ora tega ninggalne kahanane Ki Bebau, nanging bareng kelingan yen dening Ki Bebau dipasrahi nylametne Kyai Lothek saka incerane wong-wong abudi candhala, mangka kanthi aboting ati, liwat lawang butulan mburi Ki Wangsa, bojone karo putune lolos ninggalne omah.
Gandheng metune Ki Wangsa saka lawang butulan mburi, lakune wong telu kuwi kudu ngrusuk-ngrusuk nembus barongan pring ori sing ketel, sing dadi pager satru pekarangane Ki Bebau Saradan. Tangan sing keberet eri pring, sikil sing ngidaki eri carang, babar pisan ora dirasakne, ketang kepengine enggal ucul saka papan kono. Nalika Ki Wangsa noleh memburi, ora krasa kepengin mbengok, nanging ora sida. Saka kadohan ketok geni mubal mbulat-mbulat. Omahe Ki Bebau Saradan lan omahe para magersarine diobong dening Thungkel sakancane.
Wanda sing uga melu noleh memburi, sakala untune kerot, ngempet nesu sing ngobong dhadhane.
"Setan...." bocah nom kuwi misuh alon "ora keneng diumbar iki".
Muni ngono kuwi Wanda karo arep mbalik mara menyang omah sing wis mulat-mulat. Ki Wsngsa cepet nyaut tangane putune karo kandha :
"Aja dadi wong bodho, ayo nerusne laku".
Wong telu kuwi banjur mblusuk grumbul-grumbul, ninggalne papan kono. Ora suwe keprungu suwarane wong-wong sing nliti dalan sing diliwati.
"Ora ana tandha-tandha liwat kene" swarane wong mau omong banter.
"Ya, muga-muga sesuk konangan eneng mayit telu sing modar kobong bareng karo omahe" suwara liyane nyauti.
"Wis ayo ndang bali nemoni lurahe maneh" suwara liya ngajak bali.
Ki Wangsa, bojone karo putune sing krungu omongane wong-wong mau, mung bisa meneng karo nggeget untu.
Ana Candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar