24.
Ki Wangsa nyandhak kendhi sing ana ngarepe, banjur ngombe oleh telung ceglokan. Karo nyelehne kendhine banjur nerusne omonge :
"Ngoten wau larah-larahe kula kalih bojo lan putu kula saged dumugi mriki ngger. Sakniki kula mpun radi ngraos aman, mpun radi tebih saking Tundhan. Nanging kula nggih dereng ngertos ajeng teng pundi?!?".
Rangga karo Marga inget-ingetan, banjur Rangga nakoni Marga :
"Piye Dhi?".
Marga mesem, banjur kandha marang Ki Wangsa :
"Nggih Ki, crita nDika mpun saged kula ngertosi. Namung kemawon, pripun criyose Ki Landhung. Ki Satata terus Bebau Palkuning lan sanese nDika nggih dereng ngertos ta?".
"Inggih leres, ngger" wangsulane Ki Wangsa "kula boten ngertos nek Angger Satata putrane Ki Landhung niku tigang dinten saderenge sekawan dasa dintene Ki Lurah, kesah. Mugi-mugi dereng wangsul".
"Kabare lunga menyang ngendi Ki?" Raden Rangga takon.
"Angger Satata niku rak meguru dhateng satunggale Ngulama ta ngger? Nanging ngulama pundi kula nggih boten ngertos".
"Sakniki ngeten mawon Ki" Marga genti omong "benjing enjing. Ndika lan Adhi Wanda saged miwiti yasa Gubug teng cakete benawi niki. Dene saderenge gubug saged dipanggeni, saged manggen teng prau kula niki. Bab tedha, ing wana mriku ketingale taksih kathah woh-wohan lan pala kependhem ingkang saged ditedha, makaten ugi ing benawi niki nggih taksih kathah ulam ingkang eca dipangan. Pripun ?".
"Inggih ngger" Ki Wangsa semaur "mugi-mugi sasampunipun lerem ing papan ingkang adoh lor adoh kidul niki enggal pikantuk pitulunganing Pangeran murih sagedipun dahuru ing Tundhan enggala rampung".
"Inggih Ki, punika saged kagalih kalih mlampah" Marga wangsulan.
"Aja kuwatir Ki" Rangga melu urun rembug "aku karo adhiku saben dina arep golek warta, apa wae sing kedadean ing Desa kuwi, dadi nDika ya bisa ngerti apa sing perlu ditindakne murih slamete Desa Tundhan".
"Inggih Ngger, kula nedha nrima sanget awit pitulungan angger kekalih".
"Nuwun sewu Kakang" Wanda sing maune mung meneng karo ndhingkluk melu omong.
"Piye Adhi?" Marga nanggapi.
"Lha Kakang punika griyanipun pundi?" Wanda takon.
Rangga ngguyu krungu pitakon sing tenane pitakon sing lumrah kuwi.
"Marga genahna sapa awake dhewe iki, ben Ki Wangsa karo putune ora sujana" Rangga ngongkon Marga supaya aweh wangsulan.
"Ngene ya Dhi" Marga wiwit aweh katrangan "tenane aku karo kakangku iki bocah saka Mataram".
"Saking Mataram Kakang?" Wanda mlengak kaget.
"Bener" wangsulane Marga "nanging ora ana gandheng rapete karo sing jare wong Mataram sing ana Tundhan kuwi".
"Inggih Ngger, kula ngertos lan pitados dhateng angger Rangga lan angger Marga" Ki Wangsa melu semaur.
"Inggih Ki" panyaute Marga sing diterusne karo kandha marang Wanda "aku bocah loro pancen seneng dolan, dadi aku karo Kakangku ya ora duwe panggonan sing jothok. Dadi keneng diparibasakne nek aku karo sedulurku iki Kandhang Langit Kemul Mega, tanpa dhangka tanpa kayang".
"Ooo dados ngaten nggih Kang?" Wanda takon katon yen gumun.
"Lha niyatku karo adhiku iki" Rangga numpangi rembug "kepengin dolan nurut iline Bengawan iki, mengko nek wis bosen ya bali munggah maneh".
"Inggih, inggih Kakang" Wanda manthuk-manthuk. Neng pikirane tuwuh gegambaran yen Rangga lan Marga kuwi mesthi bocah nom sing duwe kaluwihan lan kasekten. Awit mokal yen bocah lumrah bisa dolan saka Mataram nganti tekan kono. Semono uga gambaran sing ana angen-angene Ki Wangsa, ora kacek adoh karo sing ana pikirane putune.
Ora krasa srengengene sansaya mudhun ing cakrawala sisih kulon. Marga banjur ngandhani Ki Wangsa lan bojone supaya leren ing pagedhongane prahu, dheweke pamitan arep golek pala kependhem neng alas lan Rangga arep golek iwak neng bengawan, kanggo mangan mengko bengi. Wanda nembung arep melu mlebu alas golek pala kependhem Marga.
Ana Candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar