Total Tayangan Halaman

Minggu, 25 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (25)

 25.


Bengi kuwi Rangga lan Marga ora turu neng prau kaya padatan. Nanging milih turu neng plogrok wit kaya sadurunge duwe prahu kae. Merga saking kesele bubar mlaku adoh ditambah rasa kuwatir sing wis akeh sudane, Ki Wangsa, bojone lan   Wanda sing turu neng pagedhongane gethek dadi angler banget. Sawengi ora nglilir. Nalika tangi, padha rada bingung, nanging ya ora suwe.


Wanda metu saka pagedhonganing gethek, sedhela nyawang banyu bengawan sing lerap-lerap kesorot langit wetan sing wiwit katon abang. Wanda nyawuk banyu kanggo raup. Bubar raup genti nyawang dharatan, ing papan sing rada lempar katon ana bedhiyang sing genine ngalad-alad. Ing cedhake Rangga lan Marga ngadeg jejer madhep mangulon, tangane sedhakep, ora suwe banjur mendhak, bali ngadeg banjur sujud ngambung lemah. Wanda kelingan, tau weruh wong sing nindakne ngono kuwi, neng ngendi ya?.


"Ooo, iya kuwi jenenge salat, sing lumrah dilakoni para kaum, kaya Ki Landhung lan anake sing jeneng Satata kae" Wanda mbatin dhewe.


Bareng Rangga lan Marga rampung nindakne salat, lagi Wanda mudhun saka gethek nyedhaki geni bedhiyang.


"Bisa turu pa ra Dhi?" Marga nakoni Wanda sing lagi teka.


"Walaah, pules sanget Kang" wangsulane Wanda "blas boten nglilir ngantos padhang".


"Ya sokur ta nek padha bisa leren" Rangga melu omong.


"Nggih Kang" Wanda semaur diterusne takon "nuwun sewu Kang, napa nDika kekalih niki bangsa kaum kok wau kula sumerep ndika sami sembahyang?".


Rangga ngguyu krungu pitakone Wanda sing mangkono iku. 


"Keneng diarani ngono Wanda" kandhane "wiwit cilik aku karo adhiku diwulang wong tuwaku supaya gelem manembah marang sing paring urip, ing antarane wujud panembah iku nindakne salat limang wektu jroning sedina sawengine, ora kena gothang".


"Nggih Kang" Wanda manthuk-manthuk "kula jane nggih pengin saged ngoten niku, mbok mengke kula diwuruki carane".


Sepisan maneh Rangga ngguyu renyah, banjur diterusne karo wangsulan :

"Lha nek bab muruki salat ngono kuwi sing tlaten Marga.........".


Marga mesem banjur omong :

"Nek bab muruki kuwi gampang Dhi, mengko awan wayahe srengenge ngglewang mangulon bisa diwiwiti, saiki coba deloken Uwi sing tak bakar neng pendheman mawa kuwi wis mateng pa rung? Nek wis mateng gawanen nyang gethek ben dingge sarapan simbahmu, ngombene banyu genthong sing ana pojokan sisih ngarep gethek kae".


"Boten sah dibeta mrika ngger kula mpun nusul mriki kok" Jebul Ki Wangsa karo bojone wis ana mburine Marga.


"Oh, inggih Ki" Marga mesem "mangga radi nyelak bedhiyang mriki kersane radi anget".


Marga banjur ngadeg, mlaku nyang gethek arep ngiseni kendhi nganggo banyu sing ana genthong.


Ora let suwe, neng pinggir Bengawan kuwi wong lima sarapan bareng. Padha mangan Uwi Senggani sing dibakar nganggo geni mawa. Uwine medhok rupane ungu semu biru, ngombene banyu Kendhi. Banyu sing dijupuk saka tadhahan banyu udan sing diimbu neng njeron genthong.


"Esuk iki aku karo Marga arep nyang Tundhan Ki" ing sela-selane sarapan Rangga omong marang Ki Wangsa "ndika karo Wanda bisa tata-tata yasa gubug dienggo palereman sawatara".


"Inggih Ngger" Ki Wangsa wangsulan "nanging ngatos-atos lho Ngger, tiyange Gambangkawat kathah tur pinter tukaran sedaya".


"Sampun kuwatos Ki" sing wangsulan Marga "kula badhe ngatos-atos, mangke saderenge serap kula kekalih sampun dumugi mriki malih".


"Inggih ngger, mugi-mugi pinayungan karahayon".


Bareng wis rampung kabeh anggone padha sarapan, Rangga lan Marga banjur budhal. Sing ndadekne gumune Ki Wangsa lan Wanda yaiku jebul nom-noman loro kuwi ora nggunakne getheke kanggo nyabrang, nanging padha pating pencolot midaki cunthik kambang sing diuncalake nyang banyu, sasat kaya bisa mabur ing dhuwur bengawan. Pancen Rangga lan Marga lagi wae nampa ngilmu anyar sing diarani aji Pangentheng Raga. Sing ditampa saka Ki Tanparupa ing alam panglemunan.



Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...