26
Rangga lan Marga terus mlaku kebat tumuju Desa Tundhan nurut kaya sing diancer-ancerne Ki Wangsa. Mesthi wae, lakune bocah nom loro kuwi beda karo lakune Ki Wangsa, merga Rangga lan Marga ngecakne ngilmu Mabur ing Dhuwur Suket, dadi lakune bisa cepet banget. Ing wanci tengange wis nyedhaki Desa Tundhan, ketitik ing ngarepe Rangga lan Marga katon sumilak pategalan kang tinanduran maneka palawija. Rumangsa nek wis meh tekan papan sing dituju, lakune bocah nom loro kuwi salin nganggo lakune wong lumrah, sajangkah mbaka sajangkah mecaki selit sing nyigar pategalan tumuju Desa Tundhan.
Nalika lakune nom-noman loro kuwi ngliwati kali cilik sing banyune bening, suwarane kemricik, Rangga ndhangak nyawang srengenge sing wis ngglewang mangulon sethithik.
"Wayahe Luhuran Marga" Raden Rangga ngomongi Marga.
"Iya Kakang, sajake sesuci neng kali iki ya kepenak" wangsulane Marga.
Wong loro banjur mlaku alon-alon mudhun menyang kali. Bubar sesuci, tolah-toleh golek panggonan sing kepenak kanggo nindakne laku panembah. Katon neng pinggir kali kuwi ana watu kumalasa sing rada lempar, kayoman wit Preh sing gedhe ngrembuyung godhonge.
Bubar salat Luhur karo ngasar sing dijamak kosor, nom-noman loro kuwi ora banjur ngadeg nerusne laku. Nanging leren dhisik neng ngisore wit, nglaras hawa kang seger lan adhem ing pinggir kali. Dumadakan saka arah kidul keprungu suwara rame. Suwarane gegaman kang tetandhingan campur suwara bengok, pisuh lan sambat pangadhuh.
Rangga aweh sasmita marang Marga, ngajak sesidheman ndelok apa sing lagi kedadean. Trengginas Marga mencolot, munggah neng pang wit gedhe sing ana cedhake. Rangga nututi menek ing wit gedhe sacedhake. Saka kono katon paprangan sing ora timbang. Wong lima sing loro wis tuwa, sing siji isih nom-noman karo kancane telu, dikrubut wong selawenan sing katon keker-keker awake, kabeh nyekeli gegaman pedhang. Sauntara iku lurahe wong sing padha ngrubut, ngadeg neng pinggir kalangan karo bengak-bengok aweh aba marang andhahane.
"Wis Ki Landhung lan para tilas bebau, nggonmu mberot saka pakunjaran jebul mung nyepetne nggonmu arep mlebu Yamaniloka, tinimbang ngeceh-eceh tenaga becik kowe kabeh ndang padha nungkul wae, ben ora ngrekasa nggonmu arep pecat nyawa" Lurahe wong-wong sing padha ngrubut kuwi mbengok banter.
"Urip ora njaluk, mati kari nglakoni, Thungkel" wong tuwa sing kethether ngadhepi krubutan kuwi isih kober wangsulan sajak ayem wae "kudune kowe mikir ya gene Ki Landhung lan anakmas Satata sing wis kok racun kuwi ora tekeng pati? Malah bisa nguculi para bebau sing wis kok rante neng Pakunjaran, mula timbang nungkul nyang menungsa kaya dhapurmu kuwi, aku karo Ki Landhung lan kanca-kancaku iki luwih becik mati neng papan kene, ben bathangku dadi pangane asu ajak mengko bengi".
"Klakon pangajabmu he wong Saradan" wong sing disebut jeneng Thungkel kuwi wangsulan, banjur diterusne aweh prentah marang andhahane "kowe krungu dhewe kaya ngono kuwi gumendhunge wong gerang saka Saradan kuwi, ayo ca ora sah tidha-tidha cepet sirnakna wong2 sing wis meh modar kuwi kabeh".
Krungu omongane wong-wong kuwi, ora sranta, Rangga mudhun saka pang sing dipeneki, Marga nututi. Karo bisik-bisik, Rangga ngandhani Marga :
"Sing bengak-bengok kae adhepana, aku tak melu dolanan wong lima sing wis ketok kether kae".
Marga manthuk karo mesem, ora suwe nom-noman loro iku wis tekan nggone sing lagi padha kerengan.
"Sapa kowe?" Lurahe wong sing ngrubut kuwi kaget bareng saka mburi Marga nyenggol pundhake.
"Pangling ta Ki Thungkel?" Marga sing wis ngerti jenenge wong kuwi semaur karo mesem.
"Aja guyon sapa kowe? Apa karepmu teka kene?" Thungkel nggetak.
"Aku anak lanange Ki Bebau Saradan, jenengku Marga. Tekaku kene arep nglukari sandhanganmu kuwi, sebab ora pantes kewan kok jarikan kaya kowe kuwi" wangsulane Marga ayem.
Oleh uni ngono kuwi sakala Thungkel muntab. Pedhang gedhe sing ana tangane disabetne, ngarah gulune Marga. Nanging Marga luwih prayitna, mung kanthi nginger awake sethithik, pedhange Thungkel bisa diendhani. Ora mung kuwi, sikile Marga ya isih kober diobahne, tangane Thungkel sing nyekeli Pedhang disadhuk saka sisih mburi. Pedhane Thungkel ceblok neng lemah, balung tangane pepes. Thungkel njerit, nanging tangane Marga wis kadhung obah, kepelane pas nglangga uwange. Sepisan maneh Thungkel njerit, kaya wit gedhang ditebang Thungkel ambruk neng lemah klesetan.
Kaya netepi pangucape, Marga nggeret jarik sing dienggo Thungkel nganti ucul. Jarik kuwi dening Marga di pluntir dadi kaya dhadhung gedhe, banjur dipecutne, nuwuhake suwara jumedhor, nggegirisi gawe kagete wong-wong sing lagi kerengan.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar