Total Tayangan Halaman

Minggu, 25 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (27)

 27.


Krungu suwara jumedhor wong-wong sing padha ngrubut wong lima kuwi padha mencolot mundur banjur nyawang asal pernahe suwara. Sepira kagete wong-wong kuwi, bareng weruh Lurahe ngglethak klesetan ana lemah, lan ing sacedhake ana bocah nom-noman nyekeli jarik sing wis dipluntir dadi dhadhung. Ora nganggo diabani, wong sepuluh bareng ngebyuk nyedhaki Marga karo ngathung-athungne pedhange.


Sauntara iku wong-wong liyane bali ngrubut wong lima sing wis sansaya ketleyek mundur. Tekane Rangga babar pisan ora direken dening wong-wong sing wis kesetanen selak kepengin mateni wong lima kuwi. Thungkel sing dadi lelurahe wong-wong kuwi, mau wis kandha, yen Ki Landhung lan Satata sarta para Bebau sing wis diluwari saka pakunjaran dening wong loro kuwi, bisa kecekel urip utawa mati, mangka dening Ki Gambangkawat, wong-wong kuwi arep diundhaki blanjane, tikel pindho karo sing saiki.


Ki Landhung sakancane nadyan tenane ngono ora mung wong siji saudhon loro saurupan, nanging gandheng kalah cacah, wong siji kudu ngadhepi wong lima, ditambah para Bebau sing wis lemes neng pakunjaran, dadine ya terus kadheseg mundur. Ewa samono ora ana tandha-tandha nek gelem nungkul, sanajan neng gegere wis ketok getih dleweran kegarit pucuk pedhange musuh. Pancen wis diniyati, tinimbang bali dadi bandan luwung lumawan nganti tumetesing getih sing pungkasan.


Sing padha ngrubut terus ndheseg lan sansaya galak. Wong telu sing ngepung Bebau Ngampon kari sedhela maneh bakal ngrampungi musuhe, merga Bebau Ngampon wis entek tenagane. Malah tandange wis sasat tanpa kekuwatan. Lan nalika salah siji saka mungsuhe nyurung pedhange tumuju dhadha, Ki Bebau wis nyipta yen ing kono tekane janjine bali marang asal-usule. 


Nanging, nyata yen pitulunganing Gusti Allah kuwi sok ora bisa dinyana-nyana.  Nalika Bebau Ngampon wis entek pangarep-arepe, dumadakan wong sing arep nyudhet dhadhane Bebau Ngampon kuwi njerit, tiba nggeblag memburi. Wong loro liyane melu kaget, nanging durung nganti ilang kagete, tanpa ngira sangkan parane bilahi. Wong loro kuwi gentenan rubuh ora eling, pulung atine ketiban tungkake Raden Rangga sing sawuse njambak rambute wong sing arep ngrampungi Bebau Ngampon lan ndhengkul bangkekane, nerusne obah ndugang wong loro kuwi.


"nDika minggirKi, dienggo leren dhisik, wong telu kuwi sajake wis ora bisa tangi maneh" kandhane Rangga karo njupuk pedhange musuhe sing gumlethak neng lemah, terus nyedhaki Bebau Saradan sing sansaya kethetheran nangkis lan ngendhani pedhange musuh-musuhe.


"Matur nuwun Den" wangsulane Bebau Ngampon sing uga banjur njupuki pedhange wong sing padha semaput kuwi disingkirne rada ngadoh.


Sauntara iku wong sing nggrudug Marga karo pedhang sing siap kanggo nyacah lan ngudhel-udhel mungsuhe, ora nyana nek sing diadhepi muride Ki Tanparupa. Kira-kira kurang sadhepa sadurunge  tekan panggonane Marga, Marga mecutne jarik sing dipluntir ana tangane. Ana suwara jumlegur, banter banget, lebu sing ana ngarepe mumbul kaya ampak-ampak. Disusuli suwarane wong-wong sing pating brengok, sambat kelaran. Bareng lebu sing mabul-mabul kuwi sumilak, katon wong-wong sing padha arep ngramog Marga kuwi padha pating glethak. Ana sing semaput, nanging ana sing isih kejet-kejet kaya pitik disembeleh.


Nanging Marga ora kober maelu polahe wong-wong kuwi, merga Marga ya weruh nek eneng wong lima sing butuh dislametne saka krubutane menungsa-menungsa sing sing ora tau duwe rasa kamanungsan. Nanging Marga kasep, merga kadhisikan Rangga sing nyolahne pedhang silihan saka mungsuhe mau. Nadyan anggone nyabetake pedhang dipilih mung methok, ewa samono ora nganti sapanginang wong-wong sing padha ngrubut wong lima kuwi wis padha ngglethak ora kuwat lungguh apa maneh ngadeg. 


Thungkel sing dhek mau klesetan neng lemah, bareng ditinggal Marga ngladeni wong-wong mau, kober tangi. Banjur mbrangkang, arep ninggalne papan kono. Nanging pranyata Rangga luwih cepet, mung karo mencolot ping telung colotan, Thungkel wis kesusul, karo malangkerik neng ngarepe Thungkel, Raden Rangga alok :


"He Thungkel, kowe arep menyang ngendi? Ngertia!, kowe kuwi wis ketiban pupuhan Gundhala Putih, nek ora enggal diwenehi panawa, kowe bakal mati sajroning seprapat dina. Ayo bali awor kanca-kancamu kae yen kowe ora kepengin cepet mati".


Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...