Total Tayangan Halaman

Minggu, 25 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (28)

 28.

Thungkel ora semaur, mung mripate manther ora kedhep nyawang Rangga, sajak durung mudheng karo sing dikandhakne bocah nom-noman kuwi. Raden Rangga tanggap karo sikepe Thungkel sing ngono iku mau. Mula banjur ngomong maneh :


"Ngertiya Kowe Thungkel, mau merga saking ora srantane krungu omonganmu, adhiku wis namakne ajine sing aran aji Gundhalaputih. Dikira kowe wong sing sekti mandraguna, jebul mung padha wae karo kanca-kancamu. Nek ora enggal ditambani, kowe sedhela maneh mesthi mati".


"Aja gumendhung kowe bocah nom. Aja dumeh bisa natoni aku lan kanca-kancaku. Ngertiya ya, sing kok lumpuhne iki kabeh gegaman saka Mataram, yen kowe ora enggal njaluk pangapura mesthi bakal ditumpes dening panguwasa negara. Ngerti?" Thungkel sing wis megap-megap kuwi isih kober wangsulan lan malah meden-medeni.


Rangga ngguyu ngakak, krungu wangsulane Thungkel sing genah nek ngawag lan umuk kuwi.


"Dadi aku lan adhiku kudu njaluk ngapura marang kowe, ngono?" ing pungkasane guyune Rangga takon, karo tangane nyoklek pucuk kayu sing ana cedhake, gedhene sak jenthikan tangan, dawane rong kilan.


"Yen kowe kabeh ora kepengin mati kanthi disiksa luwih dhisik" wangsulane Thungkel atos.


Rangga maju sajangkah, nyedhaki Thungkel, banjur semaur :


"Ya yen ngono, sing gedhe pangapuramu ya? Lambemu sing nek omong waton mangap lan seneng gawe pitnah marang Panguwasa Mataram kuwi pancen kudu rada dibenakne sethithik". Bubar muni ngono kuwi Rangga, banjur nyabetne pucuking cuthik sing digoceki kuwi marang lambene Thungkel sing lagi mecucu. Thungkel sing ora ngira sadurunge nek arep disabet, sakala mbengok karo dlamakan tangane ndekep lambene sing gubras getih. Ngerti lambene Thungkel ngucurne getih, Rangga nambahi sabetane diarahne nyang pipi kiwa tengene Thungkel. Thungkel tiba gulung koming nek lemah karo melung-melung, untune padha rampal. Rangga nyedhak, sikile Thungkel disaut, diseret diworne kanca-kancane sing uga isih pating blasah ngglethak neng lemah. Marga mlaku nyedhaki Rangga sing isih ngadeg neng sandhinge Thungkel sing klesetan karo gero-gero, misuh-misuh ora karuwan. Jarite Thungkel sing mau dienggo gaman Marga, diuncalne dibalekne nyang Thungkel maneh.


,"Kula ngaturaken genging panuwun Ngger" Ki Landhung sakkancane nyedhaki Rangga lan Marga, kabeh lungguh jengkeng lan Ki Landhung nyulihi kanca-kancane ngaturne panuwun.


"Inggih dhawah sami-sami Kyai" Raden Rangga wangsulan karo mesem semanak, beda karo padatan Rangga anggone wangsulan nganggo basa krama alus  "punapa kula ajeng-ajengan kaliyan Ki Landhung Adi Sastra?".


"Leres ngger, Kula Landhung" wangsulane Ki Landhung banjur karo nudingi kanca-kancane nerusne kandha "punika anak kula pun Satata, dene tetiga punika Ki Purwa Bebau Saradan, Ki Sengging Bebau Palkuning lan Ki Rikat Bebau saking Ngampon. Menawi kula keparengaken ngertos, angger kekalih punika satriya saking pundi ngagem asma sinten?".


Raden Rangga gumuyu renyah, embuh apa sababe neng ati rumangsa seneng tetepungan karo Ki Landhung sakancane kuwi.


"Kula punika dede Satriya Kyai" Rangga mangsuli pitakone Ki Landhung "nami kula Rangga lan punika adhi kula, Marga. Kula kekalih lare Kleyang kabur kanginan, tanpa dhangka tanpa kayang. Andilalah punika kala wau ngepasi liwat mriki, kula mireng wicantenipun Thungkel lan Ki Saradan, lajeng kula kepengin nrambul ngaten kemawon. Awit saking punika, kula nyuwun pangapunten menawi kaanggepa sampun ngresahi Kyai sarowang".


"Kula ingkang nyuwun pangapunten Ngger, awit kawontenan, Angger kekalih boten kraos mardika tindak - tindak ing Dhusun Tundhan mriki. Malah saupami boten wonten Angger kekalih, mbok menawi kula sakanca sampun dumugi pejah, sepisan malih kula ngaturaken gunging panuwun Ngger" wangsulane Ki Landhung.


"Jagongan wonten nggen benter kok sajak kirang sekeca Kyai" Marga nyela rembug "mangga kendel teng ngandhap Trembesi ageng nika, ketingale kok radi sekeca".


"Inggih, inggih Ngger, nanging......" Ki Landhung nyawang Thungkel sakancane.


"Sampun kuwatos Ki" Marga ngerti sing dikarepne Ki Landhung "miturut petang kula, tiyang-tiyang niku taksih radi dangu sagedipun tangi".


Ana Candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...