29.
Wong pitu kuwi banjur ngiyub neng ngisor wit trembesi sing gedhe ngrembuyung, oyot-oyote padha ketok gedhe-gedhe, dadi kena digawe linggihan. Anggone padha lungguh mubeng, ngedhuweng sajak wis ketok raket antarane wong lima kuwi karo Rangga lan Marga.
"Nuwun sewu Kyai" sawuse padha lungguh Marga wiwit omong marang Ki Landhung "menawi boten kepetang wadi ingkang muwatiri, estunipun kula kepengin mangertos larah-larahipun ngantos wonten regejegan rebut gesang antawisipun Kyai lan para Bebau mengsah Ki Thungkel sakancane niki wau".
"Inggih Ngger" Ki Landhung unjal ambegan dawa "estunipun niki panjang cariyosipun, menawi kaaturaken kanthi wetah. Nanging menawi dipun ringkes, kenging kawastanan bilih kula lan para Bebau ing Tundhan punika nembe ngadhepi mengsah saking njawi rangkah ingkang kepengin ngrebat bumi Tundhan, inggih punika Thungkel lan rencang-rencangipun".
"Nanging samangke Thungkel sampun saged dipun lumpuhaken Kyai? Punapa Kyai lajeng badhe kundur dhateng Tundhan?" Marga takon, jroning ati api-api ora ngerti kedadeyan sing sanyatane.
"Dereng Ngger" wangsulane Ki Landhung "kajawi ing Tundhan wekdal niki taksih dipun jegi mengsah, inggih punika Ki Gambangkawat sawadya balanipun, kula kepengin pados bebantu dhateng Mataram. Awit, Ki Gambangkawat sakancane sampun kumawantun ngaken bilih piyambakipun punika gegaman saking Mataram ingkang badhe numpes sisa-sisa pandherekipun Arya Penangsang".
"Arya Penangsang? Lho punika rak crita kina jaman Panembahan Senapati taksih timur lan taksih ngagem asma Danang ?" Marga takon sajak gumun.
"Pramila saking punika ngger" wangsulane Ki Landhung sareh "kula gadhah gagasan bilih Ki Branjangkawat punika estunipun badhe damel kuceming asmanipun Sinuwun Panembahan Senapati utawi malah sengaja badhe damel ringkihipun Mataram. Awit estunipun kula inggih sampun angsal pangakenan saking andhahanipun Ki Branjangkawat".
"Pangakenan kados pundi Ki?" Rangga sumela takon.
"Criyosipun makaten Ngger" wangsulane Ki Landhung, sing banjur nyritakne lelakone neng Tegalan nalika dikrubut Sipang karo Gondhes wingenane.
Rangga lan Marga manthuk-manthuk krungu critane Ki Landhung sing pranyata ora geseh karo crita sing ditampa saka Ki Wangsa neng pinggir bengawan kae. Mulane Rangga lan Marga banjur duwe niat arep blaka marang wong lima kuwi.
"Nuwun sewu Kyai" Marga miwiti omong sawuse sauntara critane Ki Landhung rampung "punapa salah satunggal saking andika sami punika wonten ingkang tepang kaliyan Ki Wangsa, Nyi Suti sarta putunipun ingkang nami Wanda?".
Krungu pitakone Marga ngono kuwi sing katon kaget semu seneng Ki Purwa Bebau ing Saradan. Banjur kandhane :
"Inggih Ngger, tiyang tiga niku tiyang ingkang kula kengken nylametaken sipat kandel padhekahan Saradan. Punapa Angger kekalih natw kepanggih kaliyan tiyang tiga kalawau Ngger?".
"Leres Ki Bau" wangsulane Marga "salah satunggal anggen kula kaliyan Kakang Rangga ngantos dumugi mriki inggih awit saking cariyos ingkang kula tampi saking Ki Wangsa kalawau, inggih cariyos wiwit Ki Tundha mbabat wana, mbikak Dhusun ngantos pengetan sekawan dasa dintenipun Ki Tundhan Kapindho ngantos dumugi griyanipun Ki Wangsa ingkang kobar dipun obong kancanipun Thungkel".
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar