30.
Ki Saradan katon seneng krungu yen Ki Wangsa isih slamet lan malah wis kepethuk karo Raden Rangga lan Marga, sarta nyritakne lelakon kang dumadi neng Desa Tundhan. Kanthi mangkono wong lima kuwi luwih percaya lan manteb yen Rangga lan Marga dudu bocah nom sembarangan, nanging paraga kang dikongkon sing gawe crita supaya tumindak nylametake Tundhan saka tumindake wong-wong sing abudi cendhala.
"Lha menawi kula dipun parengaken ngertos, samangke Ki Wangsa dhateng pundi Ngger?" Ki Saradan takon.
Marga mesem, banjur wangsulan :
"Ingkang cetha, Ki Wangsa sak Kyai Lothek ingkang dipun beta, sampun nyabrang Benawi Kyai, menawi Kyai ngersakaken panggih mangke saged kula dherekaken mrika".
"Inggih Ngger, keng bapa ngaturaken genging panuwun. Menawi boten wonten Angger Marga tuwin Angger Rangga, kula boten ngertos kadospundi critanipun Dhukuh Saradan minggahipun Dhusun Tundhan".
"Sampun ngendika makaten Ki" Rangga sing semaur "nyenyuwun dhumateng Gusti Allah kemawon, mugi-mugi kula lan adhi kula mpun Marga kinodrat dados sabab kawilujenganipun Dhukuh Saradan minggahipun Dhusun Tundhan miwah para pamong saha kawulanipun sedaya".
Sing ana kono padha manthuk-manthuk, mbenerake apa sing dadi panemune Raden Rangga sing lagi wae dikandhakne kuwi mau. Awit, pancen sanyatane sing bisa gawe beja cilakane manungsa lan kawula liyane ing lumahing bumi iki muhung Gusti Allah thok. Dene pambudidayaning manungsa iku mung sabab sing bisa dikabulake utawa ora dening Gusti Allah, Dzat Kang Wenang Murba lan wenang amasesa.
"Sakniki ngaten Ngger" Ki Landhung kandha "kula lan para bebau ing Tundhan rumaos, awrat ngadhepi Gambangkawat. Malah samangke, wonten Bebau ingkang taksih kinunjara, wonten malih ingkang boten cetha purugipun, ugi wonten ingkang sampun manunggal kaliyan Gambangkawat".
"Lajeng kersanipun Kyai?" Rangga nyela takon.
"Inggih awit kula sakalangkung pitados bilih Angger Rangga lan Angger Marga punika saged dados srana pajaring Dhusun Tundhan saking ampak-ampak ingkang sakalangkung peteng punika, kula pasrah nyuwun bebantu dhumateng angger kekalih, murih pajaring swasana".
Rangga karo Marga pandeng-pandengan. Bareng wus sawantara wektu, lagi Rangga sing omong :
"Menawi makaten Kyai, ndika sedaya kedah pitados bilih Mataram babar pisan boten ngertos prakawis ing Tundhan punika. Kaping kalih, Mataram sampun boten memengsahan malih kaliyan Jipang, ugi boten memengsahan kaliyan turun utawi trah saking Arya Penangsang sapandherekipun, ingkang boten ganggu damel adegipun nagari Mataram, kalebat Pamong lan kawula ing Tundhan mriki. Kaping tiga, Gambangkawat sakancanipun punika dede gegaman saking Mataram".
"Inggih ngger, kula sakanca nggadhahi kayakinan ingkang makaten punika" wangsulane Ki Landhung.
"Menawi sampun makaten, Gambangkawat sakanca ingkang kedah saged dipun endheg anggenipun damel onar ing Tundhan punika, dene caranipun para Bebau, para Sinoman, ugi sadaya kekiyatan ing Tundhan katata malih kangge ngadhepi Gambangkawat lan kanca-kancanipun. Ingkang kinunjara kedah saged dipun uculi, ingkang keplajar kedah dipun padosi".
"Punika ingkang radi angel Kakang" Satata sumela atur.
"Angel kepiye Dhi?" Marga sing wangsulan.
"Ingkang dipun lebetaken ing pakunjaran, mila boten kathah watawis tiyang selangkung. Lha para nem-neman ingkang keplajar punika ingkang radi kathah. Namung emanipun dhateng pundi anggenipun mlajar, punika ingkang kiramg cetha, wonten ingkang ngaler, ngidul, ngetan ugi ngilen. Nanging kula ugi gadhah pamanggih mbok menawi Kakang kekalih nyarujuki".
"Panemu sing kepiye Dhi?" Marga takon.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar