31.
Satata nata lungguhe, banjur kanthi ngati-ati wangsulan :
"Kados pundi menawi ngundang srayan kangge mbiyantu ngawonaken Ki Gambangkawat sawadya balanipun?".
"Genahe ngono piye Adhi Satata?" Marga takon negesne rembug.
"Estunipun makaten Kang" Satata wiwit crita.
Ing satengahing wana kapernah sawetanipun Tundhan watawis tigang pal tebihipun, ing ngriku dhedhepok satunggaling Guru. Ingkang asmanipun Kyai Saipullah.
Kyai Saipullah punika rumiyinipun asma Ajar Udaya, satunggaling ajar lajeng sasampunipun kepanggih satunggaling ngulama lan bawarasa ngantos pinten-pinten peken, lajeng ngrasuk agami Rasul sarta puruita dhateng ngulama kalawau. Sasampunipun tutug anggenipun puruita Ajar Hudaya ganti asma Kyai Saipullah lan kadhawuhan dening Sang Ngulama murih nyebaraken kawruhipun.
Mila radi aneh anggenipun nyebaraken kawruhipun Ki Saipullah, inggih punika kanthi angumbara ndhatengi susuhipun para begal, kecu lsp. Kathah para durjana ingkang dipun telukaken dening Kyai Saipullah lan kadadosaken siswanipun, kaajak gesang ing tengahing wana ingkang tebih kaliyan padhusunan. Ing ngriku para siswanipun Kyai Saipullah dipun wucal tata cara manembah dhumateng Allah adhedhasar Wahyu ingkang katurunaken dhateng Kangjeng Nabi Muhammad ingkang jumeneng Rasulullah. Dene kangge gesang sadinten-dinten, kawucal tata caranipun nanem taneman tedha kados dene Pohung, Uwi Gembili, Gaga lsp kanthi mbabat wana, boten kaparengaken wiyar-wiyar, namung cekap kangge tedhanipun kemawon.
"Aku ora kepengin madeg padhepokan ing kene, nanging aku kepengin ndika kabeh bisa enggal bali menyang desa asal ndika kanthi teku lan kelakuwan sing wis beda karo nalikane sadurunge ndika tepung karo aku" makaten dhawuhipun Kyai Saipullah dhumateng para siswanipun.
Sanaosa makaten sampun meh tigang tahun sasampunipun Kyai Saepullah mapan ing wana mriku, parandene dereng wonten siswa ingkang purun nilaraken papan mriku, awit sami rumaos dereng cekap anggenipun sami mertobat dhateng Allah sarta sami ngrumaosi taksih mbetahaken tuntunan kangge saged ngibadah ingkang sae.
Kamangka meh saben wulan ing papan mriku kedugen siswa enggal, inggih radin-radin tilas durjana ingkang sampun teluk dhateng Kyai Saepullah. Boten ateges rumaos tiyang resik, ambok bilih namung kula siswanipun Kyai Saepullah ingkang dede bangsa durjana. Kula meguru dhateng Kyai Saepullah jalaran katulung nalika kula meh pejah awit dipun begal dening durjana. Tujunipun kadenangan dening Kyai Saepullah, dipun tulungi wekasan kula lan Begal cacah tiga ingkang badhe damel cilaka kula, sareng-sareng dados siswanipun Kyai Saepullah.
Anuju sawijining dinten, Kyai Saepullah nate nyariyosaken bilih tiyang ingkang pejah nglabuhi bebener punika sakalangkung ageng ganjaranipun. Tiyang ingkang pejah makaten kalawau kasebat pejah sahid, sineksen dening jagad lan malaikat bilih pejahipun pejah utami lan badhe kalebetaken dhateng suwarga, sanajan dosanipun sakalangkung kathah.
"Nuwun Sewu Kyai" salah satunggal siswanipun Kyai Saepullah ingkang nami Prana sumela atur.
"Iya ana apa Ki Prana?" Kyai Saepullah andangu.
"Mendah begjanipun tiyang ingkang saged pejah sahid ngaten punika, punapa kula ingkang dosa kula sampun tumpuk undhung makaten punika menawi pejah awit labuh bebener ugi badhe kalebetaken swarga dening Gusti Allah?".
Ana Candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar