32.
Kyai Saepullah mesem midhanget atur pitakenanipun Prana ingkang makaten kalawau. Nunten paring katrangan kanthi sareh :
"Ki Prana, ndika kudu weruh nek sepira gedhene kaluputan lan dosane kawula iku, isih gedhe pangapuraNe Gusti Kang Maha Asih. Mung wae, sing bisa antuk rahmat pangapuraNe iku mung titah kang gelem kaparingan pangapura kanthi temenannan, lire ora lamis. Titah sing gelem nampa sih pangapuraNe mesthi tansah nyenyuwun pangapura, nggetuni tumindak dosa kang nate dilakoni lan mbudidaya ora ngambali tumindak dosane. Kamangka, yen tak sawang gelar wujud andika lan sedulur sing mapan ing alas kumpul lan aku iki kabeh, kuwi wis klebu ewoning titah sing gelem nampa pangapuraNe. Dadi, yen andika kabeh nganti nemoni mati sahid, mbelani bebener ing lahir trusing batin mung awit luru ridla lan palimarmaNe mangka bakal dilebokne ing suwargaNe".
Ingkang sami mireng katranganipun Kyai Saepullah sami manthuk-manthuk sajak sami ngungak ing lebeting manahipun piyambak-piyambak.
"Nyuwun pirsa Kyai" Lungit ingkang ugi siswanipun Kyai Saipullah ingkang sampun dangu ing mriku nyuwun pirsa.
"Iya, piye Ki Lungit?" Kyai Saipullah mesem sajak remen penggalihipun.
"Inggih menawi awakipun piyambak suka pitulungan dhumateng tiyang ingkang kaaniaya dening bangsa culika, lajeng pejah awit boten kuwawa ngadhepi bangsa culika wau, punapa ugi kalebet pejah utami?" Lungit nerangaken pitakenipun.
"Mengko dhisik Ki Lungit" Kyai Saepullah paring wangsulan "sadurunge pitakon ndika tak wangsuli, aku mambu ganda nyalawadi ing pitakonan ndika iki. Tulung aku ndika jarwani, kedadeyan apa kang ndika temoni temah ndika sajak kepengin aweh bebantu marang wong sing lagi kena paekane bangsa culika?".
Mireng pamundhut pirsanipun Kyai Saipullah ingkang makaten punika, Lungit nunten nata linggihipun, tumuli atur katrangan :
"Estunipun makaten Kyai, watawis tigang dinten kapengker kula nyupena. Salebeting pasupenan punika kula sumerep wonten satunggaling padhusunan ingkang pamong lan kawulanipun dipun paeka dening bangsa culika. Panguwaos dhusun badhe dipun rebat lan para bebaunipun badhe dipun pejahi. Ing ngriku Kyai nunten paring dhawuh dhateng kula miwah sadaya sedherek ingkang mapan ing ngriki supados suka pambiyantu dhumateng para ingkang kapaeka. Dereng ngantos bidhal kula sampun nglilir".
Mireng aturipun Lungit ingkang makaten kala wau, Kyai Saipullah mesem, lajeng paring dhawuh :
"Mbok menawa wae, impen ndika kuwi impen sing puspatajem, awit aku uga ngimpi sing meh padha karo impen ndika iku. Saiki, aku arep njaluk tulung marang angger Satata".
"Badhe kadhawuhan punapa Rama Kyai?" kula nyuwun pirsa.
"Iya ngger" Kyai Saipullah paring wangsulan "dina iki uga sira budhalla menyang desa papan kelahiranira, ana warta apa ing desa iku".
(Ana Candhake).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar