33.
Awit nuhoni dhawuhipun Guru, kula daya-daya mlampah wangsul dhateng Tundhan. Kajawi saking punika, salebeting manah ugi wonten raos was lan sumelang, nguwatiraken kawilujenganipun Dhusun Tundhan. Punika jalaran mireng cariyos pasupenanipun Kakang Lungit ingkang dening Rama Kyai Saepullah sinebat sebat mbok manawi pasupenan puspatajem.
Saiba ngunguning manah kula, nalika kula dumugi griya, ing ngriku kula sumerep Bapa kula nenggih Kyai Landhung nembe nampi tamu. Sareng kula caketi jebul tamunipun Bibi Labuh utawi Nyi Lurah Tundhan Kapindho.
"Kene, kene ngger anakku wong sigit Satata, kene melu jagongan kene" dereng ngantos kula uluk salam, Nyi Lurah sampun grapyak mbagekaken dugi kula kanthi kadhawuhan supados tumut jagongan.
Lir gudel kineluhan, tanpa semaur punapa-punapa, kula mapan linggih ing sisihipun tiyang sepuh kula.
"Ketingalipun ingkang mbaureksa Tundhan sampun ngidini panuwun kula Kakang" Nyi Lurah matur dhateng Bapa Landhung. Nanging nalika samanten Bapa Landhung boten ngendika punapa-punapa. Lajeng Nyi Lurah mbacutaken anggenipun wicanten :
"Anak kula pun Satata ingkang suwaunipun kesah lan boten kantenan benjing punapa wangsulipun pranyata wekdal punika sampun wangsul, awit saking punika kula kinten prayogi menawi enggal-enggal dipun kepyakaken anggenipun badhe katetepaken dados Lurah ing Tundhan mriki".
Mireng pangandikanipun Nyi Lurah ingkang makaten punika kalawau, kula saged mendhet dudutan bilih dumuginipun Nyi Lurah lan Ki Gambangkawat punika wonten gandheng cenengipun kaliyan Dhusun Tundhan ingkang nembe komplang awit dereng wonten ingkang nglurahi. Namung kemawon, ingkang radi ndadosaken kula ngungun, inggih punika nitik pangandikanipun Nyi Lurah ingkang pungkasan kala wau, Nyi Lurah ngersakaken ingkang kedah nglurahi Dhusun Tundhan punika kula. Nalika kula badhe wicanten nanggapi ngendikanipun Nyi Lurah, Bapa kula Ki Landhung ketingal paring sasmita dhumateng kula murih kula mendel. Pramila kula ugi boten siyos wicanten punapa-punapa.
Nalika samanten saking griya pawon, Yu Sirep tuwin Yu Simpen, kekalihipun rewang enggal ing griyanipun Bapak. Yu Sirep kaliyan Yu Simpen sami mbekta unjukan lan kaladosaken dhateng ingkang nembe jagongan ing pendhapa kalebet kula. Unjukanipun wujud degan klapa ijem ingkang sampun dipun pacaki lan dipun bolongi bathokipun.
"Walah, malah ndadosaken repot Ki Landhung punika" dupi dipun segahi unjukan Ki Gambangkawat lajeng wicanten "nanging inggih matur nuwun sanget, awit estunipun wiwit wau kula sampun kraos ngelak sanget".
"Kula inggih makaten lho Kakang Landhung" Nyi Lurah ugi ndherek ngendika.
Wasana Bapa Landhung lajeng wangsulan :
"Ya yen mangkono, ya enggal diombe wae, awit aku ya lagi krasa ngelak".
Ngendika makaten Bapa Landhung kaliyan ngangkat deganipun lan nyruput toyanipun.
"Matur Nuwun Ki" Ki Gambangkawat atur wangsulan lajeng kaliyan nyawang kula wicanten malih "mangga Anakmas Satata, dipun unjuk!".
"Inggih mangga Ki Gambangkawat" wangsulan kula kalajengaken ndherek nyucup toyaning degan ing ngajeng kula. Tiyang sekawan nunten sareng-sareng ngunjuk toya degan segahanipun Yu Sirep kaliyan Yu Simpen kalawau.
"Sepisan malih Kakang" kaliyan nyelehaken deganipun Nyi Lurah ngambali ngendika "kula nyuwun kanthi saestu, mugi Kakang Landhung Adi Sastra minangka trah Ki Tundhan Kapisan kersaa enggal mutusaken miji anak kula angger Satata madeg dados Lurah ing Tundhan, nglajengaken kuwajibanipun rayi ndika Ki Tundhan kapindho ingkang sampun wangsul ing jaman kalanggengan".
Dereng ngantos kula mireng Bapa Landhung mangsuli pangandikanipun Nyi Lurah, dumadakan kula ngraosaken weteng kula panas sanget lan sirah kraos mumet, panyawang kula kraos peteng, sedaya barang ingkang kula sawang kados munyer seser boten kantenan. Wasana kula dhawah nggeblag boten kemutan punapa-punapa. Namung lamat-lamat saderengipun kula semaput, kula mireng guyunipun Ki Gambangkawat ngakak kados guyunipun Dhedhemit kuburan sumerep mayit bayi ingkang nembe dipun kubur.
"Ha ha ha ha.... jebul mung samono katiyasane Ki Landhung sing kondhang kaloka sekti mandraguna kuwi. Sedhela maneh Ki Landhung sak anake sing dadi krikil ngalang-alangi sedya lan gegayuhanku iki bakal mati. Mati merga ngombe darubeksi sing dicampur karo banyune degan ijo sing seger. Ki Landhung .... Ki Landhung kowe mesthi ora ngira yen tenane Simpen lan Sirep kuwi wis tak apusi supaya nglebokne wisa warangan ing degan sing arep kok ombe karo sing arep diombe anakmu lanang....... he he he he"
"Wis Kakang" Lamat-lamat kula taksih mireng Nyi Lurah tumut ngendika "aja kesuwen, bebakal mayit loro kuwi enggal sereten nyang pakunjaran, woren karo Bebau-bebau sing ora keneng ditata kae".
Salajengipun kula boten mireng lan boten emut punapa-punapa malih. Ngertos-ngertos sampun ngglethak ing pakunjaran dipun upakara para Bapa Bebau ingkang wonten mriki punika.
Ana Candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar