34.
Tiyang kapisan ingkang kula tingali nalika kula wangsul emut saking semaput inggih punika Kakang Bebau ing Ngampon ingkang mangku sirah kula. Lajeng kula sumerep Bapak kula nembe jagongan kaliyan Ki Bebau Saradan lan Ki Bebau Palkuning.
Dupi pirsa menawi kula sampun emut saking semaput, Ki Bebau ing Ngampon ngendika atur uninga dhumateng Bapak :
"Ki Landhung, Adhi Satata sampun wungu saking anggenipun tilem".
"Ya nDika kongkon tangi dhisik, lan ndika takoni isih krasa mumet apa ora?" Wangsulanipun Bapa Landhung.
Saderengipun Ki Ngampon nangekaken lan ndangu, kula langkung rumiyin tangi mapan linggih, lajeng wicanten :
"Sanpun kok Kakang, kula sampun saged tangi lan sampun ngraosaken sakit utawi puyeng".
Bapak tuwin para Kadang Bebau sami ketingal rena ing penggalih. Nembe kula dipun jarwani dening Bapak, bilih estunipun wisa warangan ingkang dipun wor lan toya degan punika nggadhahi kekiyatan mejahi sok sintena ingkang ngunjuk ing salebeting setugel dinten. Nanging gandheng Bapak dhuk rumiyinipun nate kaparingan sekedhik hawa murni panawa wisa, Bapak estunipun boten punapa-punapa. Namung ethok-ethok semaput, awit Bapak kepengin pirsa ing pundi para Bebau dipun kunjara.
Saestu, Bapak lan kula dipun lebetaken ing papan kangge ngunjara para Kadang Bebau. Inggih punika ing tilas lumbung pantun. Lajeng kula kausadan temah saged saras malih.
Bapak ugi pirsa bilih, estunipun lumbung pantun punika badhe kabesmi sasampunipun ngancik tengah dalu murih sedaya ingkang kinunjara ing mriku pejah kabesmi. Pramila, dupi kula sampun saged tangi, Bapak lajeng ngajak para Kadang Bebau medal saking pakunjaran. Salajengipun, inggih kados ingkang andika kekalih pirsani, meh kemawon Bapak, para Bebau lan kula pejah ing papan puniki. Rahayunipun enggal kadenangan andika kekalih ingkang paring pitulungan.
"Makaten Kakang, menggah cariyosipun Kyai Saepullah lan larah-larahipun kedadosan ing dinten punika kala wau. Awit saking punika borong anggen andika kekalih nanggapi atur kula" Satata mungkasi critane.
Rangga lan Marga katon kasengsem ngrungokne critane Satata. Mula bareng Satata wis rampung anggone crita, Rangga tumuli kandha :
"Wis cetha banget apa sing ndika kandhakne Adhi Satata. Yen mangkono, becik si Adhi daya-daya sowan marang Kyai Saepullah lan ngaturake apa kang wis dumadi ing Tundhan. Yen nyata Kyai Saepullah ngersakne aweh bebantu marang Tundhan, ndika aturne yen Ki Landhung lan para Bebau sing isih slamet ngenteni ing sabrang loring bengawan. Dadi sawayah-wayah Kyai Saepullah lan para santrine budhal menyang Tundhan, adhi Satata aweha tandha, supaya aku, Ki Landhung lan para kadang Bebau sing ana kene iki bisa ngerti lan banjur budhal nyawiji ing barisane Kyai Saepullah".
"Babar pisan, kula nyuwun pirsa Kakang, kados pundi anggen kula caos sasmita, awit mokal menawi namung mawi suwantening thonthongan, boten badhe kapireng saking mriki" kandhane Satata marang Rangga.
Rangga mesem, banjur ngetokne barang bunder sak ndhog banyak gedhene, saka waliking klambine, diulungne marang Satata karo kandha :
"Sawayah-wayah Kyai Saepullah jengkar budhal menyang Tundhan, barang iki ndika balangake menyang langit nganggo bandhil, mangka barang iki bakal pecah ing awang-awang lan nuwuhake sasmita sing bisa tak ngerteni saka ngendi wae".
Satata nampani bunderan kuwi, banjur pamitan arep budhal sowan Kyai Saepullah.
"Kaliyan ngentosi pawartos saking Adhi Satata, mangga Kyai kula dherekaken dhateng papanipun Ki Wangsa leren" sawuse Satata budhal Rangga matur marang Ki Landhung.
"Lha tiyang-tiyang punika?" Ki Landhung takob karo nudingi pernahe Thungkel lan kanca-kancane sing isih pating blasah neng pasuketan.
Rangga mesem banjur wangsulan :
"Tiyang-tiyang niku sampun boten gadhah daya kekiyatan kangge nyikara tiyang sanes, ngantos sekawan dasa dinten ingkang badhe dumugi. Murih boten dados mangsanipun kewan lan gegremetan, kersanipun dipun gugah Adhi kula Marga supados sami wangsul lan wadul dhateng Gambangkawat".
Tanpa nunggu dikongkon, Marga ngadeg nyedhaki sing lagi padha ngglethak, banjur ngetokne pecut sing disabukne neng bangkekan, pecut disabetne neng awang-awang nuwuhake suwara jumlegur. Eloking kahanan, wong-wong sing maune pating blasah ngglethak, sakala bisa tangi lan banjur padha mlayu ninggalne papan kono, klebu Thungkel sing praupane bengep.
"Menawi makaten, mangga Ngger kula ndherek" kandhane Ki Landhung sawuse weruh mungsuhe wis padha mlayu.
Wong nem banjur bebarengan mlaku ngalor tumuju papan panggonane Ki Wangsa leren.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar