Total Tayangan Halaman

Minggu, 25 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (35)


35.

Nadyan anggone mlaku wong nem kuwi nganggo aji laku cepet, ewa samono Rangga isih luwih cepet maneh. Mung Marga sing dikongkon mbarengi lakune Ki Landhung lan Bebau telu, Rangga sing luwih dhisik tekan nggisik banjur nyabrang Bengawan lan njupuk gethek sing disabrangake mangidul, dadi ngepasi Ki Landhung sakancane teka, prahu getheke wis cemawis banjur padha disabrangake mengalor. Ki Landhung sing satemene eram ngerteni kacepetane Rangga sing ndhisiki laku lan prigele Marga nggelak gethek nyabrangi bengawan, mung meneng ora wani takon apa-apa. Mung sajroning ati rumongsa sansaya ayem, awit rumangsa oleh bebantu saka wong-wong sing nduweni kasekten linuwih, sing bisa dijibne kanggo munah satru sekti sing wis gawe dahuru ing bumi kelahirane.


Nalika semana wektune wis meh wayah surup surya.  Ki Wangsa sing sedina mau ibut gawe gubug kanggo palereman wis sauntara anggone leren, semono uga Wanda sing mau luru pala kependhem lan woh-wohan ing alas, oleh-olehane diseleh neng bakal panggonan gubug, malah uga isih kober golek iwak ing bengawan sing entuk-entukane saiki lagi dibakar dening Nyi Suti neng pawonan cedhak bakalan gubug.


Sepira kaget lan gembirane atine wong telu kuwi, nalika dumadakan weruh ana wong papat sing numpak gethek sing disabrangne Marga tumuju papan anggone padha leren. Ki Wangsa gita-gita mara menyang gisik bengawan mapag sing lagi padha teka.


"Ki Landhung...... " Ki Wangsa ora sranta nubruk sikile Ki Landhung arep ngabekti. Dening Ki Landhung bahune Ki Wangsa diangkat dadi ora sida sujud neng lemah. 


"Wis Ki Wangsa, aja kaya mangkono, sing baku aku, Ki Saradan, Ki Palkuning lan Ki Ngampon kabeh bisa kaparingan slamet awit konangan Angger Rangga lan Angger Marga. Ayo aku terna tak leren neng panggonan ndika leren!" Kandhane Ki Landhung sateruse.


"Mangga-mangga Ki, kula dherekaken" wangsulane Ki Wangsa sing terus ngunggahi dalan sing tumuju papan bakal gubuge.


Ki Landhung lan para Bebau banjur padha mapan lungguh ing papan bakal gubug dikancani Ki Wangsa lan Nyi Suti. Ora suwe Wanda melu nemoni karo nggawa suguhan rupa gembili sing dibakar. Kendhi kebak banyu ora keri. Wong-wong kuwi banjur rame jejagongan gumyak banget, sakeplasan lali karo lelakon ing Tundhan sing banget gawe ruweting pikir.


Dumadakan Bebau Saradan sing mau melu rame ngrembug gembili bakar sing medhok,  alok sajak seneng wor lan gumun :


"Wanda, jebul kowe sing bakal nerusne sejarah Saradan".


Sing padha krungu aloke Bebau Saradan ngono kuwi mau padha bareng meneng karo nyawang Wanda sing uga mlengak sajak ora mudheng karo sing dikandhakne Bebau Saradan.


Ngerti yen si Wanda katon bingung, Ki Purwa nyedhak banjur ngepuk-epuk pundhake Wanda karo ngucap :


"Kyai Lothek wis nyawiji karo jiwamu Wanda, dadi ora kleru nggonku nitipne piyandel dhukuh Saradan iku marang simbahmu ya Ki Wangsa".


"Kula kok malah dados bingung ta Ki Bau?" Ki Wangsa sing ana sandhinge Wanda takon karo nyawang Bebau Saradan.


"Garising takdir sing kudu diliwati Wanda pancen kudu mangkono Ki" wangsulane Bebau Saradan karo mesem.


"Becik diterangne sing genah wae Kakang Saradan" Ki Landhung aweh pamrayoga marang Bebau Saradan.


Ana candhake. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...