Total Tayangan Halaman

Minggu, 25 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (36)


36.


Ki Purwa ya Bebau Saradan manthuk, banjur bali lungguh ing papane sekawit. Bareng wis sauntara, banjur wiwit omong :


"Ki Wangsa lan kowe ngger Wanda, padha sumurupa biyen nalika aku wis sarembug karo sawargi Ki Lurah Tundhan kapindho, magepokan karo kahananku sing ora kaparingan turun, yaiku nyarujuki yen sawayah-wayah aku wis ora kuwat ngayahi kuwajiban momong warga ing dhukuh Saradan bakal masrahake kalungguhanku minangka Bebau marang putra pupone Ki Lurah yaiku Kesit. Sanajan wektu kuwi aku ya wis lila lan legawa, nanging saka kersane sing nganggit lakon aku kelalen, ora masrahake piyandel dhukuh Saradan sing wujude Keris Kyai Lothek marang si Kesit. Andilalah Ki Lurah Tundhan Kapindho sajake iya kesupen, dadi ora ngrembug anane Kyai Lothek sing ora bisa dipisah klawan Dhukuh Saradan".


"Lha Ki Lurah punapa pirsa Ki Bau?" Wanda sing maune mung ndhingkluk kuwi nyela rembug "Menawi Dhukuh Saradan kagungan sipat kandel Kyai Lothek punika?" 


Ki Saradan ngguyu lirih banjur wangsulan :


"Ya mesthi wae pirsa, merga Kyai Lothek kuwi biyen sing masrahake marang aku Ki Lurah Tundhan Kapisan lan Ki Lurah Tundhan Kapindho nalika samana iya ndherek nekseni".


"Sing didhawuhne Ki Bebau Saradan kuwi nyata bener" Ki Landhung melu negesi "kajaba si Labuh, wektu kuwi aku ya ana".


"Inggih Ki" Wanda semaur "wiwit medal lan mlajar saking griya ingkang sampun dipun obong dening Thungkel nika, Simbah Wangsa ngengken kula supados ngreksa Wangkingan Kyai Lothek ingkang kula sengkelit punika. Welingipun Simbah,  wangkingan punika boten kenging uwal saking badan kula kajawi menawi kula  pejah. Pramila, wangkingan punika tetep kula sengkelit dugi sapriki. Samangke gandheng Ki Bebau Saradan sampun dumugi mriki, kula namung badhe cadhong dhawuh punapa Wangkingan Kyai Lothek badhe kapundhut kangge ngadhepi mengsah punapa kedah kula sengkelit murih boten kadenangan tiyang budi candhala?".


Ki Purwa meneng sedhela banjur wangsulan :

"Mengko dhisik Wanda, sadurunge pitakonmu tak wangsuli, aku arep matur marang Ki Landhung luwih dhisik".


"Kok ndadak nganggo arep kandha marang aku barang ta Ki Bau?" Ki Landhung nyaut gunem "arep takon utawa kandha apa?".


"Makaten Ki" Bebau Saradan matur alon "esthining kajeng, kula kepengin masrahaken Ki Lothek punika dhateng pun Wanda. Nanging kula taksih emut yen kula kaiket ing prajanjen kaliyan Sawargi Ki Lurah prakawis Kesit. Lha niki lajeng pripun saenipun?".


Ki Landhung ngguyu krungu pitakone Ki Saradan mangkono iku. Wangsulane :

"Lha wong wis cetha ngono lho? Kok ndika ki malah bingung dhewe?".


"Cetha pripun Ki?"


"Sepisan ndika wis kaiket prajanjen karo Labuh bab anggon ndika arep nglintirake kalenggahan Bebau marang Kesit. Kapindho, ndika arep masrahake Keris Kyai Lothek marang Wanda. Dadi loro-lorone isih mandheg ing arep. Tembung arep, kuwi durung karuwan kelakone, lire bisa kelakon bisa ora, beda karo tembung wis, tembung wis, kuwi mesthi kelakone".


"Lajeng jlentrehipun kados pundi Ki?" Bebau Saradan ketok sansaya bingung.


"Biyen Kesit duwe janji apa marang nDika lan marang Labuh?" Ki Landhung genti takon.


Ki Purwa meneng, sajak ngeling-eling janji sing tau dirungokne saka Kesit marang dheweke lan marang Ki Tundhan Kapindho.


"Boten wonten janji punapa-punapa Ki, kajawi namung badhe setya dhateng Padhukuhan Saradan minggahipun dhateng Dhusun Tundhan" wangsulane Ki Purwa sawuse meneng sauntara.


"Nah, saiki wis cetha ta? Kesit meneng wae lan malah kepara nyengkuyung lekase Gambangkawat anggone ngrusak Saradan lan gawe kisruh Tundhan?".


"Inggih Ki" wangsulane Bebau Saradan kuwi alon.


"Dadi prajanjen antarane nDika lan Labuh wis ora kanggo maneh, amarga wis dirusak dening pakartine Kesit. Saiki nek nDika arep mercayakake Kyai Lothek marang Wanda, tak kira ora ana alane yen enggal dileksanakake".


Ana Candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...