37.
Sauntara iku lepas lakune Satata sing tekuk penjalin liwat dalan liya tumuju papane Kyai Saepullah. Tekane Satata njujug neng paleremane Kyai Saepullah lan banjur matur apa sing dialami nalika tilik ing bumi kelahirane kuwi, wiwit kena apus ngombe banyu degan sing wis diwenehi darubeksi warangan, nganti tekan anggone sapatemon karo nom-noman loro sing wis aweh pitulungan marang dheweke. Satata uga matur, yen dikeparengake dheweke nyuwun bebantu marang Kyai Saepullah lan para muride kabeh kanggo nylametake Bumi Tundhan saka cengkeremane Ki Gambangkawat sakancane.
"Jebul impen sing tak tampa kae klebu impen sing puspatajem" ngendikane Kyai Saepullah sawuse Satata rampung nggone crita.
"Inggih Rama" wangsulane Satata "samangke kula nengga dhawuh salajengipun saking Rama Kyai, punapa ingkang kedah kula lampahi murih saenipun?".
"Iya.... iya...." Kyai Saepullah semaur alon, disusul prentah kanthi alus "saiki thonthongan kayu Elo sing ana langgar kae tabuhen kanthi irama dara muluk kaping pindho. Aku kepengin sedulur-sedulur padha mlumpuk, yen uwis enggal baliya mrene ana pitakonan sing mbutuhne wangsulan saka keng slira".
"Inggih Rama, ngestokaken dhawuh" Satata wangsulan banjur mundur marani thonthongan Kayu Elo sing gemandhul ing blandar langgar.
Swara thonthongan irama daramuluk, gumontang, ngumandhang ing satengahe alas sing dadi papan paleremane wong-wong sing lagi nindakne laku tobat iku. Bubar nabuh thonthongan, Satata bali ngadhep gurune lan cadhong katrangan.
"Sawuse aku ngrungokne crita sing anakmas gawa iki mau, saiki sansaya cetha sapa satemene Ki Gambangkawat, Nyai Guwarni, Thungkel lan liya-liyane sing ngaku dadi gegaman Mataram. Lan iki sing perlu anakmas ngerteni" kandhane Kyai Saepullah sawuse Satata ngadhep.
"Inggih Rama" wangsulane Satata "mila leres kula babar pisan dereng mangertos titiyang kasebat kalawau".
"Biyen" Kyai Saepullah nerusne kandha "wiwit jaman Demak, ana wong-wong abudi cendhala sing tansah kepengin gawe kisruhe negara. Wong-wong utawa golongan culika kuwi satemene ya wis ana wiwit jaman Majapahit, ya golongan iki sing melu udhu runtuhe Majapahit. Nanging nyatane Majapahit ora runtuh, nanging dibacutne kanthi madege Demak Bintara. Golongan iki banjur gawe crita yen madege Demak awit tumindak murang tatane Panembahan Jin Bun, ya Raden Patah marang ingkang ramane, Sinuwun Brawijaya. Ora mandheg ing crita, nanging golongan iki ajak-ajak wong sing ora ngerti lelakon sing sanyatane supaya gawe ringkihe Demak nganggo pawadan agama kang beda.
Aku dhewe maune ya ngandel karo critane golongan iki, gethingku marang Raden Patah lan turun-turune sarta sengitku marang Agama Rasul ora karuwan, jalaran kabar sing tak tampa Agama Islam kuwi arep numpes agama liyane. Rahayune, aku ketemu Seh Jakpar lan adu guna kasantikan, adu ngelmu njaba njero, wekasan mbarengi tumuruning hidayah saka Allah, aku dadi ngerti sing sabenere lelakon, temah aku melu ngrasuk Agama sing diasta Kanjeng Nabi iki.
Lha, bareng golongan budi candhala iku kasoran prabawa klawan para Ngulama banjur sumingkir lan nerusne tindak culikane kanthi dhedhemitan. Ora mlumpuk nanging sumebar ing ngendi-endi, padha ngedegne paguron kanuragan lan kabatinan sing mulangake barang sing ora bener mligine kanggo ngrusak agama Islam. Ing antarane paguron iku ana sing manggon neng Gunung Layang, dipandhegani Wong sing ngaku dadi Resi, nganggo sebutan Resi Dumung Seta. Lha Gambangkawat kuwi jeneng singlon, sing asli jenenge Kecruk, kuwi salah siji muride Resi Dumung Seta.
Ya gene aku ngerti?
Awit aku tau nyawiji karo wong-wong mau".
Satata mung manggut-manggut mangerteni yen Gambangkawat kuwi dudu wong siji saudhon loro saurupan, nanging isih muride Resi Dumung Seta sing nduweni kasekten sing ngluwihi pepadhaning manungsa. Satata banjur nggagas, yen ngonowa Tundhan wektu iki kena dingibararake ancik-ancik pucuking eri..........
Ana Candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar