38.
Banter playuning pikire Satata, ndadekne bocah nom kuwi getun dene mau wis nembung nyuwun bebantu marang Kyai Saepullah. Ing petung pamikire Satata, Gambangkawat mesthi didombani para gegedhug lan wadyabalane saka paguron Gunung Layang. Yen nganti Ki Landhung lan para bebau sing mung kari telu wani nglawan tan wurunga bakal karoban ing mungsuh. Sanajan bakal oleh pambiyantu saka Rangga lan Marga ditambah Kyai Saepullah lan para muride sing udakara cacahe ana pitung puluh, nanging ngadhepi gegedhug saka Gunung Layang, kena diparibasakne bakal kaya sulung mlebu ing geni. Nek ngonowa harak padha wae dheweke ajak-ajak mati siniya-siya para kancane ?.
"Ya gene keng slira katon suntrut anak mas?" Satata kaget, Kyai Saepullah dumadakan takon.
"Nyuwun pangapunten Rama" groyok Satata wangsulan "bares kemawon kula getun sampun matur nyuwun pitulungan kekiyatan dhateng Rama Kyai".
"Apa keng slira tidha-tidha marang pitulunganing Allah? Apa keng slira duwe sangga rugi marang kasetyane sedulur-sedulure dhewe ing alas kene iki?" Kyai Saepullah takon.
"Nyuwun pangapunten Rama" Satata matur prasaja "boten makaten ingkang kula getuni, nanging kula ajrih menawi nampi sesikuning Gusti awit sampun ajak-ajak rencang lan sedherek pejah kados dene Sulung mlebet ing padhiyangan".
Kyai Saepullah gumuyu, banjur kandhane :
"Muga-muga wae ora mangkono mengko dadine anakmas".
Sauntara iku murid-muride Kyai Saepullah wis padha teka. Kabeh katon gumbira lan kebak pangarep-arep bisa nampa prentah saka gurune. Ki Lungit sing wingenane takon perkara impen sing ditampa lan gandheng cenenge karo mati sahid lungguh maju ing ngarep dhewe. Dheweke duwe pangira yen anggone para murid diklumpukne iki ana sambung rapete karo pitakonane dhek wingenane kae.
Temenan, bareng kabeh wis mlumpuk Kyai Saepullah wiwit kandha :
"Sedulurku kabeh, anane ndika kabeh tak klumpukne iki, mung saperlu arep tak kabari".
"Dipun kabari punapa Kyai?" Guwara, tilas lurah kecu sing saiki nindakne laku tobat, takon.
"Kabar yen impene Ki Lungit sing ditakokne aku wingi, jebul impen sing ndaradasihi, lire impen sing dudu mung kembange turu".
"Cethanipun kados pundi Kyai?" Saka poncot wetan wong sing jeneng Bengkas takon.
Kyai Saepullah banjur nyritakne lelakon kang ditemoni Satata nalika dikongkon supaya golek warta nyang Desa Tundhan wingenane kae.
Para murid sing maune padha meneng ngrungokne, bareng anggone crita Kyai Saepullah wis ranpung, banjur padha alok karo kancane dhewe-dhewe. Suwarane mbrengengeng kaya suwarane tawon. Ana sing ngomongne pangalembana marang Lungit sing impene ndaradasihi. Ana maneh sing ngomongne, iba senenge yen kadhawuhan budhal menyang Tundhan aweh bebantu marang kang lagi kena paeka, mbok menawa ing kono bisa ditemu dalan sing anjog marang suwarga gung.
"Nyuwun pangapunten Kyai" ing tengahe suwara mbrengengeng, Lungit ngangkat tangane karo nyuwara banter.
"Ki Lungit arep ngendika apa? Mangga!" Wangsulane Kyai Saepullah alon, nanging kuwawa ngendheg wong-wong sing lagi omong dhewe-dhewe.
"Matur nuwun Kyai" wangsulane Lungit "badhe mangsuli pitakenan kula kala emben, punapa menawi kula bidhal dhateng Tundhan lajeng caos bebantu dhateng titiyang Tundhan ingkang nembe kaaniaya dening para tiyang abudi candhala, punika kenging kawastanan ndherek Perang Sabil lan saupami pejah, pejahipun pejah sahid?".
Krungu pitakone Lungit sing ngono kuwi, kabeh sing ana kono padha meneng, ngarep-arep wangsulan katrangan saka Kyai Saepullah. Kyai Saepullah mesem, banjur nata lungguhe, ora suwe banjur aweh wangsulan.
"Ki Lungit lan sedulurku kabeh, katone wangsulan saka pitakonan iki mung sepele, yaiku mung wujud iya apa ora, ngono wae wis cukup. Nanging gandheng jawaban sing bener bisa ya ya bisa ora, mula sadurunge aku aweh wangsulan tak suwun, kabeh wae aja tuna dungkap nggone nampa wangsulanku. Awit yen nganti kliru anggone nampa marang apa sing tak kandhakne, kurang-kurang bejane bakal nemu kapitunan kang gedhe".
Wong-wong sansaya dipet anggone mingkem, sansaya tenanan nggone arep padha ngrungokne pituture gurune.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar