dening : immir
13.
Sinigeg mumete Darmun, seje papane isih nunggal critane. Ora kaya padatan Iroh sing wis tekan omah udakara jam telu awan, Depi olehe mapagne ora sumringah lan akeh omonge. Polatane suntrut, ketok nek lagi nggembol rasa sedhih ing atine. Sawise brekatan sing digawa saka sawah diupakara dening Depi, kaya padatan Iroh ya banjur menyang sumur reresik awak lan sandhangane. Lagi sawise resik awak lan panganggone Iroh metu saka kamar nggoleki adhine, arep ditakoni apa sing wis kedaden. Iroh banget nguwatirake sedulure wedok kuwi, kuwatir yen susahing atine bisa ngganggu pasinaone. Nalika Iroh metu saka kamare, neng ruang tamu ketok Bapakne lagi lungguh, karo klepas-klepus nyedhot udute, rokok klobot nglinting dhewe.
Iroh mlebu kamare Depi, sing duwe kamar lungguh neng amben sendhen tembok, mripate nyawang mengarep embuh apa sing lagi disawang. suwung.
"Thik murung lagi ana apa ta Dhik?" Iroh lungguh nyedhyaki adhine karo takon "apa bar disrengeni Bapak maneh?".
Depi ora wangsulan, Iroh dirangkul kenceng karo luhe drodosan mili saka mripate sing lindri-lindri kuwi, nelesi pipi bablas tumiba neng klambine mBakyune.
"Uwis ora sah ndadak nangis, ora becik" Iroh ngelus-elus rambute Depi "ana apa ?".
"Ibuk mBak.........." Depi wangsulan karo magep-magep.
"Iya, Ibuk keneng apa?" Iroh takon, suwarane panggah sareh.
Depi nguculi pangrangkule, banjur ndengengek nyawang praupane Iroh.
"mBak mau wis kepethuk Bapak?" Depi nakoni mbakyune.
"Lho ngapa maneh?" Iroh takon semu bingung "mau Ibuk, saiki genti Bapak? Bapak rak lagi lenggah neng kursi kae ta?".
"Ibuk wis tega mirang-mirangne Bapak mBak" Depi wangsulan karo tetep sesenggrukan.
"Piye?" Iroh rada kaget krungu wangsulane adhine ngono kuwi mau
"Lha Ibuk apa mulih? Saiki Ibuk neng ngendi?".
"Aku ora bisa nerangne mBak, kana saiki mBak ndang nyedhak Bapak, mengko Bapak rak ngomongi mBak" Depi wangsulan alon.
"Ayo ta nek ngono, mBak dikancani" Iroh ngajak adhine.
Bocah loro kuwi banjur metu saka kamar, arep nemoni Bapakne sing lungguh neng kursi ruang tamu, ora ana kancane. Depi luwih dhisik ngelapi eluhe nganggo tisu, sanajan mangkonowa tilas-tilase tangis isih katon cetha.
Arja Sampun, mbenakne lungguhe bareng anake wedok loro padha nusul lungguh neng kursi sandhinge. Iroh weruh ana layang neng jero amplop kandel rupa coklat gumlethak neng meja, mripate cepet weruh yen layang kuwi ditujokne bapakne, sing ngirim Pengadilan Agama Ngawi. Pikirane Iroh banjur nggathuk-gathukne layang kuwi karo apa sing lagi wae diucapne Depi marang dheweke bab Ibune. Nanging Iroh ya ora wani takon marang Bapakne bab layang saka Pengadilan Agama Ngawi kuwi. Nganti Bapakne ngomong, ngandhani adhine sing lungguh ana jejere :
"Uwis ta Dev, ora ana gunane kok tangisi, ngantia entek luhmu ya ora bakal ngowahi kahanan, wong kuwi kabeh wis dikarepne dening Ibumu".
"Jane enten napa ta Pak?" lagi Iroh wani takon marang Bapakne ana kedadean apa kok nganti Depi nangis kaya ngono kuwi mau.
"Ibumu ngajokne Gugatan nyang Pengadilan Agama" wangsulane Arja Sampun klawan suwara sing lumrah "lha, kuwi ta layang Panggilan Sidhang kanggo Bapak, wacanen!"
Iroh njupuk layang sing tumumpang meja kuwi, dibukak banjur diwaca. Karo maca bola-bali Iroh njengkerutne bathuke, sajak gumun karo unine layang kuwi mau.
"Ibuk ki sak jane piye ta?" Rampung diwaca layang diselehne, Iroh grenengan dhewe.
"Rak ya wis cetha ta Roh?" Arja Sampun mangsuli grenengane Iroh "uwose Ibumu wis kepengin dipisahne dening Pengadilan Agama saka Bapak. Kuwi jenenge Gugat Cerai, sing didadekne wewaton ya janjine Bapak dhewe sing ditulis lan ditandha tangani Bapak neng Buku Nikah kae".
"Nggih Pak, kula ngertos niku" Iroh wangsulan "nanging fakta sing diandharne teng gugatan niki sedaya lepat"
"Karepmu ?" Arja Sampun takon.
"Teng layang niku, Ibuk sampun ngetrek-etrek wirange Bapak sing namung lelandhesan pitnah".
"Kowe kok bisa ngarani ngono?" Arja Sampun takon.
"Lha enggih lah Pak, Ibuk nglaporne Bapak nek Bapak sing nilarne Ibuk lan putra-putrane, tanpa dipun nafkahi babar pisan ingkang dangunipun sedasa tahun langkung. Kamangka kanyatane rak malah kuwalik, Ibuk sing kesah nilar griya criyose badhe kerja teng Pabrik kangge nyekapi kabetahane kulawarga, nanging nyatane malah bablas kesah boten cetha puruge, lan sadangune kesah blas boten wonten sambang utawi layang sing ngabarake. Sedaya kabetahan kula lan adhik-adhik saha Mas Bagong, sing nyekapi nggih Bapak sedaya. Sakit manah kula Pak, kula boten trimah babar pisan, Bapak difitnah dietrek-etrek wirange kados ngoten niku". karo muni ngono kuwi ora bisa dibendung, luhe Iroh dleweran banjir saka mripate mili liwat pipine ceblok nyang jogan omah.
Krungu wangsulane Iroh lan weruh tangise anake, Arja Sampun nyecek rokok klobote nyang asbak, nyerot ambegan dawa, banjur kandha :
"Ngene lho Roh, wosing wos, Ibumu kuwi wis wegah dadi bojone Bapak, malah miturut bisik-bisike Kurir Pengadilan sing Bapak tepung wonge mau, jarene ketoke Ibumu ki wis duwe gandhengan maneh. Dadi Ibumu bisa ora bisa dituntut kudu bisa pegatan karo Bapak ngerti?. Lha supaya gugatane Ibumu iku bisa laras karo unine Taklilk-talaq, laporane kudu kaya sing kok waca ngono kuwi. Nek ora laras, kuwatir gugatane ditulak karo Pengadilan. Ngerti? Lan kowe ya kudu ngerti, urip neng jaman merdika ngene iki, ibumu ya duwe hak utawa wewenang mutusake pisah karo Bapak. Dadi kowe aja nyalahne Ibumu nemen-nemen. Merga tuking luput kuwi manggone neng Bapak, sepisan Bapak ora bisa nyukupi apa sing dibutuhne Ibumu, pindho biyen Bapak aweh idin ibumu budhal nyambut gawe nyang Sukoharjo, mula Bapak ya kudu nglenggana marang kaluputane lan kudu legawa nampa wohing kaluputan sing ditindakne. Ora liwat, muga-muga wae Gusti Sing Maha Welas, paringa kawlasan, maringi pangapura marang Bapak. Lan muga-muga Gusti nyukupne lelakon kang kaya mangkene iki mandhega tekan Bapak wae, aja nganti dibaleni dening anak putune Bapak ing dina mburi".
Krungu omonge Arja Sampun sing sareh lan ngemu rasa pasrah ngono kuwi, Iroh ora kuwawa ngempet gumronjaling dhadhane, Iroh mung bisa nangis sesenggrukan disusul Depi sing wis wiwit mau ora kober ngelapi eluhe.
"Karo maneh" Arja Sampun nambahi omonge "sing ngetik gugatan kuwi cetha nek dudu Ibumu, nanging Lawyer sing dipercaya. Olehe ngetik ya mung modhel copy-paste, dadi akeh sing kleru, mosok Pratama Yuda neng kono ditulis berjenis kelamin perempuan, terus Devia Sari ditulis laki-laki, gek sing maleni Ibumu jaman nikah biyen ya kleru olehe nulis, ditulis jenenge mBahmu lanang, kamangka jaman semana mBahmu Lanang ki wis seda. Dadi kowe kabeh tak jaluk, aja masalahne unine layang gugatan kuwi. Lan aja pisan-pisan nyalahne utawa wani karo Ibumu. Amerga Bapak ora kepengin lan ora seneng nek anak-anake cilaka uripe merga wani marang wong tuwane".
Iroh lan Depi mung meneng lan ngiyani apa sing dadi panjaluke Bapakne. Tangise durung bisa diendhegne. Saka langit sing ana ndhuwur omah, keprungu suwara bledheg sing sesautan. Banjur disusul udan deres sing kaya disokne.
ana candhake.
WOOOOS KEEEE
BalasHapus