dening : immir
14.
mBuh sapa sing miwiti crita, kabar yen Arja Sampun pegatan merga diemohi bojone wis sumebar tekan saindenging desa. Dhasar wong akeh, ora sethithik sing melu rumangsa prihatin nanging uga akeh sing maido. Maido Arja Sampun sing jaman nom-nomane kondhang pintere, nanging jebulane kabukten diemohi bojone. Ya ana sing maido Supeni, bojone Arja Sampun sing nadyan duwe rupa ayu, nanging ora weruh ing kabecikan. Wiwit dadi bojone Arja Sampun, Supeni sing dhasare anak Randha sing manggone mung mondhok-mondhok neng nggone wong, banjur manggon neng omah sing didegne neng pekarangane wong tuwane Arja Sampun, malah sak simboke banjur diboyong dijak manggon dadi saomah, diopeni nganti sakmatine. Ewa samono bareng ngerti rupane dhuwit, merga bisa nyambut gawe dhewe, ngepasi rejekine Arja Sampun seret, suwe-suwe tega lan mentala ngajokne gugat cerai neng Pengadilan Agama.
Senajan sing jenenge pegatan kuwi barang sing tenane lumrah, nanging gelem ora gelem tumrap sing nglakoni lan anak-anake dadi cathetan sing kurang nyenengake dening tangga teparo lan sanak karuhe. Kaya ing lelakon iki, sanajan sing pegatan kuwi Arja Sampun karo Supeni, nanging anak-anake kabeh melu dicathet yen turune wong sing bubrah rumah tanggane. Tumrap anak lanang kaya si Bagong utawa Catur, cathetane ora sepira ketara, beda karo cathetan sing ditampa anak wedok kaya Iroh lan Depi. Senajan rupane ayu pisan, nanging tetep akeh sing "jarene" melu nguwatirake yen ing tembene bakal tiru-tiru wong tuwane sing seneng bubrah rumah tanggane.
Arja Sampun sak anake kajaba ya kerep krungu rerasanan bab anggone bubrah anggone omah-omah, uga ngrumangsani yen unine kukum adat sing lumaku ing masyarakat ya ngono kuwi, dadi klawan sabar mbudidaya nglakoni "mata micek, nguping budheg" yen ana suwara miring kang tumiba marang awake. Sinartan muwuhi kayakinan yen satemene kabeh sing dumadi wis ginaris dening arane pesthi, manungsa saderma nglakoni nurut garising Gusti, pambudidayaning manungsa yekti tan kuwawa ngungkuli kersane sing gawe crita. Jenenge siji pesthi, loro jodho, telu wahyu, papat drajat, lima nugraha, titah mung wenang mbudidaya nanging kabeh bakal tundhuk klawan Karsaning Kang Maha Kawasa.
Crita pegatane Arja Sampun lan Supeni wis teka ngendi-endi, merga akeh sing menehi weruh marang sanak lan tepungane senajan tenane ora ana gunane. Ing kene klebu Pak Kandar sing uga tau nyritakne lelakon sing disandhang Arja Sampun iki marang Pak Muh, majikane. Maune Pak Muh ya blas ora nggagas karo crita sing diomongne penggarap sawahe, nanging dadi malih kelingan bareng anuju sawijining dina, anake lanang, Setya Basuki matur yen sajak wis kepethuk jatukramane.
"Lha sing kok karepne kuwi bocah ngendi? putrane sapa? nyambut gawene apa? prawan apa randha?" ngono pitakone Pak Muh sing lungguh jejer karo Bu Muh, nalika Setya kandha yen atine wis kecanthol karo sawijining wanita.
"Ya pancen jenenge wong arep omah-omah kuwi keneng diarani yen gampang luwih gampang yen angel angel kelangkung Bas" Bu Muh numpangi rembug sadurunge Setya mangsuli pitakone Bapake "dadi sadurunge kudu ditintingi sing tenanan, ngenani bobot, bebet lan bibite. Bobot tegese wujud, sanajan ayu kuwi relatif, nanging kaudiya aja aja milih sing duwe cacadan luwih-luwih cacading kelakuwan. Bebet tegese sandhangan, ora ateges mbedak-mbedakne pangkat lan carane golek pangan, nanging yen bisa kudu disingkiri, lire aja milih wong sing kulawargane anggone urip seneng ancik-ancik kasangsaraning liyan, dhemen mangan riba lan karem necep getihe tanggane. Tegese Bibit kuwi asal usul, ora jeneng mbedak-mbedakne uwong yen kudu ngati-ati nggone milih jodho awit milih sing kira-kira luwih genah asal lan usule, sapa kang nganakake lan kapriye teku lan kelakuwane wong tuwane. Sebab kabeh bayi iku linahirake sajroning kasucen, dene dadine uwong gumantung marang wong tuwane".
"Inggih Bu" Setya atur wangsulan.
"Banjur kepriye karo pandangune Bapakmu mau? Ibu ya kepengin ngerti" Bu Muh mbaleni pitakone Pak Muh marang anake.
"Lare Kedunggalar Bu".
"He? Kedunggalar apa Ngarengan ?" Bu Muh njelih rada kaget.
"Inggih Ngarengan napa Kedunggalar mrika nika?" Setya wangsulan karo mesem.
"Jenenge sapa omahe nggik ngendi? Karo Omahe Pak Kandar adoh pa gak?" Bu Muh mbrondong pitakonan.
"Kalih nggene Pak Kandar nggih boten pati tebih, naminipun Koiroh, rumiyin murid kula ing SMA kalih Ngawi" Setya wiwit nggenahne.
"Sokur ta, nek tilas muridmu dhewe dadi kowe wis weruh lagak lageyane" Bu Muh nanggapi becik.
"Jenenge Koiroh? tegese Becik, kuwi putrane sapa?" Pak Muh genti takon.
"Putranipun Pak Arja Sampun Bapak" wangsulane Setya alon.
"Karepmu Sampun Arja Sumbaga?" Pak Muh nggenahne jawabane Setya.
"Inggih , punapa Bapak sampun tepang?" Setya genti sing takon.
"Ya, turah tepung ngono" wangsulane Pak Muh "Kae wong pinter sing sok-sok gawe bingune wong sing nyawang, merga banjur sakarepe dhewe".
"Mila makaten Bapak?" Setya takon.
"Iya, jaman nom-nomane biyen Si Sampun kuwi nate dadi santrine Eyangmu Kakung neng kene. nanging olehe nyantri ya ora neng nggone Eyangmu thok, ya sinau neng jalan Kenari barang nyang nggone muride Prof.Ahmad Muhammad sing ngembangne aliran Ahmadiyah versi Lahore, ya melu ngaji nggone Jemaat Ahmadiyah versi Qadian, ya sinau neng nggone Pak Rustamadji sing nggilut aliran Sumarah, malah tau melu sinau lan kerep diskusi karo Dra, Blandina sing dadi sapukawate UNIKA Widya Mandhala barang. Pokoke jaman nom-nomane seneng nyinaoni babagan agama lan kebatinan apa wae. Mulane wonge dadi pinter ing samubarang reh" Pak Muh nyritakne jaman nom-nomane Bapakne Iroh.
"Makaten Bapak?" Setya ndomblong sajak gumun krungu critane Bapake.
"Wong kae ya tau melu test PNS lan diangkat dadi CPNS nanging ora dilakoni, merga wektu kuwi dheweke duwe rasa sengit marang Suwargi Pak Harto sing dianggep kebacut nggone degsiya marang tilas anggota PKI lan kulawargane. Jaman semana, jenenge Sampun kuwi nek diskusi mbelani tilas anggota PKI jan ora karu-karuwan, ngalah-ngalahne wong sing asli Marxis ngana kae".
"Menawi makaten Pak Sampun punika namung simpatisan PKI, Bapak?" Setya takon nugel critane Bapake.
"Ya dudu wong kae ki ya Anti Komunis tenanan, jeneh tau nyuwita nggone Pak M.Natsir neng Jakarta barang, malah sing keri dhewe ya tau diragati Sawargi Pak Sjafruddin Prawiranegara, kon melu kursus apa ngono lho, aku gak pati cetha".
"Aneh" Setya grenengan alon.
"Pancen wong kae sok aneh, nanging wong kae klebu wong pinter, lha wong jaman durung akeh wong pinter kaya saiki iki tulisane wis tau lolos sensore Koran Kompas lho, uga sok nulis neng Majalahe Rusydi Hamka sing jeneng Panji Masyarakat barang".
"Nek ngoten Pak Arja Sampun niku nggih klebet tiyang sing pinter nyingidne kapinterane Bapak, tiyang sak niki niku damelane namung sade Ulam anggenipun mancing dhateng Benawi?" Setya ketrucut nyritakne gaweyane Bapakne Iroh.
"Dadi gaweyane mung Tukang Mancing? Pantes nek ngono!" Pak Muh wangsulan suwarane kaya wong ngunandika sing ditujokne awake dhewe.
"Pantes kados pundi Bapak?" Setya nyuwun pirsa.
ANA CANDHAKE.
MANG MEMANG MEMANG MEMANG ANEH NEH NEH NEH
BalasHapus