dening : immir
19.
Karta Kadiran tanggap apa sing dikarepne bojone, banjur nyecek rokoke neng asbak, genti nyruput kopine, njupuk gembili siji, dionceki kulite karo omong :
"Pancen jenenge wong omah-omah kuwi nek durung kelakon, sok ngoplegne sirah kok" .
Darmun ngguyu sepa, wangsulane : "Lha enggih ta Dhe?".
"Iya, kaya critaku mbiyen entuk Yung-mu kuwi maune ya semrawut, wong sak jane aku ya gak patek cinta karo Yungmu kuwi" wangsulane Karta Kadiran karo nyuwil gembili sing dicekel terus diemplok. Darmun terok-terok, njupuk gembili terus dionceki, karo omong :
"Dados sing ngesir niku Yunge riyin Yung?" muni ngono karo noleh Yung Warti.
"Ya ora jane" Yung Warti nyauri.
"Lha pripun?"
"Olehku entuk Yungmu kuwi biyen rak merga tubrukan ta Mun?" Karta Kadiran wangsulan sawise gembili sing dipamah dilebokne wetenge.
"Tubrukan? pripun niku critane?"
"Maune ki jane aku ya rada ngesir karo Yungmu kuwi" Karta Kadiran nyritakne lelakone, "biyen aku rak buruh neng nggone Koh Chiang Lee, China Dunggalar sing duwe Truck pirang-pirang. Lha Kang Samin ya Bapakne Yungmu kuwi ya padha, kaceke aku dhapuk dadi Kernet ngetutne Sopir Mas Ramuji, nek Kang Samin nyambut gawe neng Toko Besine. Lha bojone Koh Chiang Lee kae rak wong jawa?"
"nggih, nggih ketok nek tiang Jawi nika, wong tiyangt-tiyang nek nyeluk jenenge nggih Bu Lis, boten Cik napa Yuk kok" Darmun nanggapi rembuge Karta.
"Lha Bu Lis kae duwe adhik jenenge Joni, kuliahe neng Yogya. Ning dhasar cah sregep, bareng wis lulus kuliah lan durung oleh gaweyan sing cocok, Joni kuwi banjur ngrewangi Kakange Ipe neng Toko Besine, mula Joni banjur akrap karo Kang Samin ya sing banjure dadi Bapak Maratuwaku kuwi. Cekake crita, weruh Yungmu sing jaman enome biyen mirip Chen Chen, bintang film Mandarin sing kondhang neng jamane, Joni banjuur Jatuh Cinta sak kal" Karta Kadiran meneng sedhela karo nglirik bojone.
Yung Warti njedhirne lambene karo nyauti :
"Pakmu Gedhe ki senengane ya ngono kuwi Dar, seneng madhak-madhakne uwong ning ajeg gak benere, lha wong kulitku ireng kaya ngene kok diemperne karo Bintang Film Cina kuwi rak genah nek ngawur ta?".
"Lha marahi Pakdhe Karta wektu niku rak klebet fans ne Yung-e? mula nggih wingka katon kencana ngoten nika" Darmun wangsulan karo ngguyu.
"Bener kuwi Mun" Karta Kadiran nerusne omonge "pancen maune, kaya sing tak omongne mau, sak jane aku ya ngesir nanging rung sida wani nembung, kedhisikan Joni sing apa-apane sarwa luwih timbangane aku. Aku ya terus mlipir minggir, rasa tresnaku nyang Yungmu tak puthes, thes nganti entek, terus wiwit nglirak-nglirik prawan liyane".
"Lha kok sakniki Pakdhe malah dados kalih Yung-e? Lha ipene Koh Chiang Lee niku sak niki teng pundi?" Darmun takon ngiras ngongkon Karta supaya nerusne critane ben ora kakehan menggok.
"Lha sawuse Yung-mu dilamar karo Joni" Karta Kadiran mbacutne critane "wektu kuwi aku melu ngeterne lamaran dhapuk usung-usung gawan, wong sing dadi dhuta panglamar ki Koh Chiang Lee sekaliyan, merga Joni rak wis ora duwe wong tuwa?. rembuge langsung dadi, patang sasi maneh arep ijaban, tanggal lan dinane ya wis padha disetujoni. Kang Samin ya terus tata-tata, wong arep mantu kuwi ya butuh persiapan sing mateng, wong ya omahe arep ditekani dhayuh sepirang-pirang, omahe wiwit didandani sing reget diresiki, gedhege dilabur putih nganggto gamping weton Sondhe, cagak-cagak sing dhoyong dijejegne, gendheng-gendheng sing mlorot ya dibenakne, kiwa tengen omah sing njembrung diresiki, nganti dadi mlathing kabeh. Kajaba iku ya wiwit klumpuk-klumpuk uba rampene wong arep duwe gawe, sing genah nglumpukne dhuwit sing ora sethithik. Kurang sesasi, ulem wiwit diiderne, lha wong tepungane Kang Samin ki ya akeh, wis pesen Video karo Tape Gler barang dienggo hiburane.*). Nanging ya kuwi, nadyan manungsa kuwi diwenangake duwe karep lan gawe rancangan, nanging kudu tundhuk karo karep-E sing ngecet lombok. Kurang sepasar karo olehe ijaban, Joni ora ngerti sikile midak paku teyengen. Esuk keneng paku, sorene awake panas,awak sakujur kaku-kaku kabeh, let sedina Joni wis teka ing janjine. Jare wong-wong Joni keneng tetanus".
"Inna lillahi wa inna ilaihi raji'uun" ora krasa Darmun nyebut.
"Nemoni kedadeyan sing kaya mangkono mau" ora nyauti panyebute Darmun Karta Kadiran nerusne nggone crita "kulawargane Kang Samin lan kulawargane Bu Lis Chiang Lee dadi bidhuh. Nek kulawargane Bu Lis ngono wis genah nek kudu kelangan sedulur, lha nek Kang Samin sing wis mbentuk Panitia, nyebar Ulem, pesen tarup, dhekor lan liya-liyane, kabeh ana gegayutane karo wong liya. Bisa digambarake ing angen-angen, sepira susahe nek nganti anggone duwe gawe mantu anak wedok mung siji ndhil kuwi klakon wurung?. Kang Samin banjur nemoni Koh Chiang Lee karo Bu Lis, njaluk rerigen murih becike. Pepunthoning rembug, Kang Samin kudu tetep mantu, lha calon manten lanang kudu digolekne minangka gantine Joni sing wis kapundhut ing ngarsaning Gusti".
"Lajeng tumibaning pilihan minangka sesulihe Pak Joni dhawah dhateng Pakdhe Karta?" Darmun takon karo mesem.
"Iya, maune aku ya rada wegah, lha wong senajan maune aku ngesir nanging jebul sing tak sir malah ngesir wong liya, rak aku mengko arep ngrabi wong sing ora seneng karo aku? gek kepriye rasane? Iya ora?".
"Lha ning nyatane?" Darmun takon.
"Sepisan merga aku ya ora seneng nek nganti Kang Samin wurung olehe mantu, ping pindho, Bu Lis karo Koh Chiang Lee, ngrerepa nembung lilaku supaya gelem nyulihi Joni, dadi manten lanang, nikahi Yung-mu kuwi, kabeh uba rampe sing wis dicepakne kanggo Joni, kaya mas kawin, sasrahan, paningset, sak sandhangane pisan dipasrahne aku. Malah budhalku menyang omahe calon maratuwa ya ora saka omahku dhewe, nanging saka omahe Koh Chiang Lee, minangka gantine wong tuwaku".
Karta Kadiran mandheg olehe crita, genti Yung Warti sing omong :
"Maune aku ya sengit banget karo Pakmu gedhe kuwi, merga tak anggep wis nggunakne kesempatan dalam kesempitan, malah nganti sedina sadurunge ijaban aku isih durung bisa nampa kanyatan sing kaya ngono mau. Nanging arep kepriye maneh? kahanan sing kudu tak lakoni pancen ya kaya ngono".
"Dados Yung-e dinikahne kalih Pakdhe niku, babar pisan boten wonten raos tresna Yung?" Darmun nyelani takon.
"Iya, jebul Pakmu Gedhe kuwi ya padha, kabeh-kabeh gelem nglakoni nikah kuwi merga nganggo dhasar madhangne pepeteng sing disandhang wong tuwaku. Mula nganti sepuluh dina luwih, najan turune sak senthong, aku ya babar pisan ora disenggol karo Pakmu Gedhe. Olehe mapan turu gentenan, sok-sok sing turu neng amben aku Pakmu gedhe neng ngisor nggelar klasa,sok sok ya aku sing neng ngisor Pakmu gedhe sing turu neng amben. Thik ngonowa, nek neng ngarepe wong liya klebu neng ngarepe wong tuwaku, aku karo Pakmu gedhe ketok nek wis atut tenanan ngana kae, wong saben esuk aku ya adus kramas ben dikira nek bengine wis ngibadah karo Pakmu Gedhe kuwi".
Darmun manthuk-manthuk ngrungokne critane wong-wong sing wis wiwit nglakoni dadi wong tuwa kuwi. Pikirane melu nglambrang nggambarake kaya apa ruwete lelakon sing tau disandhang Yung Warti karo Karta Kadiran.
ana candhake.
cathetan : Video karo Tape Gler barang dienggo hiburane = kuwi ing Kedunggalar sakiwa tengene jaman semana asring ditanggap dening wong duwe gawe kanggo ngregengne swasana.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar