Total Tayangan Halaman

Minggu, 02 Mei 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (69)

 69.

Kang meh bareng wektune, kang ana ing gisik sabrang lor bengawan, wong-wong andhahane Klabangireng sing wis teluk marang Kyai Saepullah padha ora ngerti nek para santrine Kyai Saepullah lunga menyang Tundhan. Awit budhale para santrine Kyai Saepullah mau ngepasi para telukan iki kaprentah budhal luru pala kependhem menyang alas klawan disuhi santri cacah sepuluh. Mula nalika wong-wong mau teka saka luru pala kependhem banjur padha gumun, merga palerenan kuwi dadi sepi. Sing kari ana kono mung Nyai Wangsa, karo wong telukan cacah sanga sing kajibah ngreksa lan ngopeni Ki Luwukabang, Tamparangin lan Klabangireng.


"Iki wong-wong kok ora katon, padha menyang ngendi ta Kang?" Sindu salah sijining telukan sing mau melu golek pala kependhem nyang alas takon marang rowange sing jeneng Kandhil, sing kajibah nunggoni Klabangireng.

"Wiwit kowe budhal mau, aku ya neng kene iki karo kanca-kanca kae, mau ketoke para pendhereke Kyai nisih mengetan mrana, jare wancine nampa piwulang ngono. Nanging nganti saiki kok ora eneng sing padha mbalik mrene. Dadi aku ya ora ngerti Dhi" wangsulane Kandhil apa anane.

"Lha para Penggedhe kok ya ora padha katon uga?" Sindu takon maneh.

"Aja nyebut Penggedhe Dhi" Kandhil semaur "nek kepireng Kyai Saepullah didukani mengko, neng kene iki jare enenge mung padha-padha sedulur ora ana penggedhe, si adhi mosok ora ngrasakne? Ing atase awake dhewe iki wong telukan sing durung cetha lungguhe wae, dening Kyai lan para Santri direngkuh ora beda karo sedulur liyane".

"Iya Kakang, aku lan meh kabeh kancane dhewe padha ngrasakne kuwi, malah padha rasan-rasan jare luwih kepenak dadi telukane Kyai Saepullah tinimbang dadi andhahane Lurahe Gambangkawat, he he he......" Sindu wangsulan karo ngguyu.

"Kuwi bener" Klabangireng sing isih ngathang-athang kuwi melu nimbrung omong.

Kandhil karo Sindu kaget, dikira nek Klabangireng mau isih turu.

"Bener pripun Juragane?" Sindu takon, kanggo nutupi kagete.

"Sing dadi rasan-rasane sedulur-sedulur mau bener, aku dhewe ya ngrasakne ngono, mula aku wis sumpah neng jero atiku sawayah-wayah aku bisa mari, aku arep nyuwita marang Kyai Saepullah wae" wangsulane Klabangireng kanthi suwara anteb nuduhne mantebing tekade "wis aja nyebut Juragane , saiki wis ora ana juragan , enenge mung sedulur. Sing nekad nyeluk aku juragan, bakal tak gibeng cendele tenan".

"Ha...ha... ha... santrine Kyai Saepullah kok gampang men arep nggibeng cengele sedulure lho?" Kandhil semaur karo ngguyu. Sindu melu ngguyu.

"Oh, iya ora sida, ora tak kapak-kapakne, ning ora arep tak sauri omongane"  Klabangireng mbaleni omongane, disusul guyu sing renyah. Wong telu banjur ngguyu maneh. Guyune wong Merdika, guyune ORANG-ORANG BAHAGIA. Dudu guyune wong sing lagi nyingidne susah.

Dumadakan keprungu swarane wong dhehem-dhehem rada banter, wong sing padha lungguh ndengengek, kabeh nyawang pernahe swara dhehem mau.

"Sajake kok lagi gumyak kisanak kabeh?" Jebul sing dhehem kuwi mau Marga sing terus alok sapaaruh.

"Inggih, inggih Ki Marga" sing wangsulan Sindu "niki napa, nembe ngrembag pepenginane kanca-kanca sedaya".

"Pengin apa? Enggal bali menyang papan sakawit? Ya, kudu sabar dhisik" wangsulane Marga "ngenteni nek Ki Luwukabang, Ki Tamparangin lan Ki Klabangireng wis pulih".

"Mboten, boten niku Ki" Kandhil nyaut rembug .

"Lha piye?" Marga takon.

"Anu. e... anu.....eh...niku lho......" Kandhil blekak-blekuk wangsulan.

"Ngeten lho Ki Marga" wekasan sing muni Klabangireng sing isih ngathang-athang "kula sakanca babar pisan boten gadhah pepenginan wangsul, lha mbok inggiha Ki Marga kersaa ngunjukaken dhateng Kyai Saepullah bilih kula sakannca kepengin sanget saged nyuwita dhateng Kyai Saepullah".

Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...