Total Tayangan Halaman

Minggu, 02 Mei 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (70)

 70.

Marga mesem krungu tembunge Klabangireng ngono kuwi mau. Jroning atine ana rasa syukur marang Pangeran dene wong-wong kuwi wis padha gelem nampani hidayah sing diturunake Gusti marang sagung titahE. Sawuse meneng sedhela Marga banjur kandha :
"Ya coba mengko tak matur marang Rama Kyai. Nanging sadurunge kuwi aku perlu ngabarake marang ndika kabeh, yaiku kabar sing ora pati nyenengake".

"Kabar punapa niku Ki?" Klabangireng takon.

"Ki Lindhuk, Ki Gambangkawat lan Ajar Taliwangsa, telu-telune wis ndhisiki aku lan ndika kabeh, ninggalne donya iki".

"Elho? Gegedhug tiga punika sedaya sampun pejah Ki?" Sindu takon semu gumun.

"Bener Kisanak" wangsulane Marga "Ki Lindhuk tiwas awit prang tandhing lan Rama Kyai, Ajar Taliwangsa ngemasi ing tangane Kakang Rangga lan Ki Gambangkawat kapeksa tiwas merga tanganku".

Kahanan dadi sepi. Wong-wong kuwi kabeh ora ana sing ngira yen wong telu kuwi bisa dikalahake. Nanging nyatane dina iki telu-telune wis kari wujud kuburan sing ora nduweni daya lan kekuwatan apa-apa. Wong-wong kuwi ya padha nggambar ing angen-angene, kaya ngapa ramene paprangan antarane Kyai Saepullah, Rangga lan Marga mungsuh Ki Lindhuk, Taliwangsa lan Gambangkawat. Yen ngono nyata kasektene wong telu kuwi angel dijajagi sepira jerone.

"Saiki aku arep njaluk tulung marang ndika" kandhane Marga sabanjure.

"Tulung punapa Ki?" pitakone Sindu.

"Nggawekne papan sing pantes kanggo  papan palereman sing pungkasan kanggo Ki  Lindhuk, Ajar Taliwangsa apa dene Ki Gambangkawat. Ngajaka kanca sacukupe, tak tunggu neng sabrang kidul !"  Kandhane Marga karo ngadeg, terus ninggalne papan kono, bali menyang panggonan mayite Gegedhug Gunung Layang mau.

"Inggih Ki, kula tak nyeluk kanca-kanca" wangsulane Sindu sing uga terus mlaku marani kanca-kancane sing lagi leren.
               *
Mbaleni critane Ki Landhung Adi Sastra sing ngesuhi para Santrine Kyai Saepullah sing budhal menyang Tundhan. Tekan tepis wiringe desa, lakune Ki Landhung kepethuk para Bebau sarta para nom-noman sing maune keplayu merga kalah perang karo wong-wonge Ki Gambangkawat. Ora dawa critane, para bebau kuwi banjur nyawiji dadi siji karo barisane Ki Landhung, banjur nerusake laku menyang Tundhan.

Lakuning barisan sing disuhi dening Ki Landhung, cepet kaweruhan para telik sandine Ki Gambangkawat sing kajibah ngulat-ulati menawa ana sing nyujanani tumrap Desa Tundhan. Ora kesuwen, para telik sandi kuwi enggal ngadhep Kesit ing Kalurahan.

"Dadi wis tekan Tepiswiring sisih lor kulon?" Kesit negesne keterangane Teliksandi sing ngadhep.

"Leres Ki" wangsulane Teliksandi mau "ketingale, para Bebau ingkang kala emben mlajar sakniki mlempak dados setunggal ing mriku".

"Nyawiji karo Siwa Landhung karo wadya bala sing jaremu mbuh asale kuwi?" Kesit sepisan maneh negesne rembug.

"Inggih, leres makaten Ki".

"Tak tampa lapuranmu, saiki balia ing papanmu sakawit, karo Senthun warahen yen tak celuk mrene!!".

Telik sandi kuwi mundur. Nyai Guwarni genti sing metu saka omah jero.

"Ki Landhung teka maneh ta Ngger?" Karo mapan lungguh Nyi Lurah nakoni anake.

"Iya Biyung, karo para Bebau sing maune bisa mlayu, nggawa bala kira-kira wong satus" wangsulane Kesit, karo mripate sumorot sajak njaluk rerigen.


Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...