kacariyosaken malih
dening : Rust Luh Getih
12
Sanaosa nggadhahi teku lan karemenan ingkang benten, suprandene yoganipun Ki Demang punika boten nate tukaran utawi padudon babar pisan. Tetiganipun tansah rukun, inggih awit kaperbawan dening kawibawanipun tiyang sepuh ingkang sakalangkung wicaksana.
Nalika Sukirna ngancik umur tigawelas tahun, piyambakipun matur dhateng tiyang sepuhipun bilih badhe ndherek Gurunipun ingkang Nama Kyai Ramelan ingkang gegriya ing tepining wana. Awit nalika samanten Kyai Ramelan sampun sepuh lan asring sakit, lajeng Sukirna asring kadhawuhan nyulihi mucal para ingkang sami ngangsu kawruh dhateng griyanipun Kyai Ramelan. Murih gangsaripun lampah Sukirna lajeng matur dhateng tiyang sepuhipun bilih badhe manggen tunggil sagriya kaliyan Kyai Ramelan.
"Lekasmu kang mangkono iku aran lekas sing becik Thole" ngendikanipun Ki Demang Sudiya nalika Sukirna nyuwun idi badhe ndherek manggen tunggil sagriya kaliyan gurunipun "nanging apa pepenginanmu wis cukup mung tekan semono wae?".
"Liripun kados pundi Bapa?" Sukirna ingkang dereng mudheng kaliyan paraning pangandikan saking tiyang sepuhipun punika nyuwun pirsa.
"Karepku ngene lho" nunten Ki Demang njlentrehaken menggah ingkang dados kersanipun "mumpung awakmu isih nom, isih rosa sarta nadyan wis sepuh Kyai Ramelan ya isih durung jempo, apa ora luwih becik yen kowe yasa papan sing luwih jembar kanggo mulang muruk para mudha lan wong-wong sing kepengin nyecep ngilmu bab agama Rasul ? Gampanging rembug, apa ora prayoga kowe yasa padhepokan? Murih sing padha sinau luwih krasan lan saupama ana wong adoh sing kepengin melu sinau bisa manggon neng kono pisan ora kudu saben dina bali menyang omah?"
Sukirna dangu boten saged atur wangsulan, awit siti ingkang kagadhuh dening Kyai Ramelan mila boten wiyar, namung cekap dipun degi griya satunggal lan pakarangan sakedhik. Ketingalipun Ki Demang saged maos punapa ingkang dipun manah dening anakipun ingkang pambarep punika, ketitik lajeng paring dhawuh makaten :
"Yen kowe sarujuk karo panemuku mau, layang kekancingan saka Kasultanan Pajang, rupa palilah mbabat alas kanggo njembarake padesan lan pasawahan ing sisih kulone Jatipethuk iki isih ana lan isih bisa digunakake. Layang iki bakal tak pasrahake marang kowe. Dadi kowe bisa ngajak kanca kanggo babad lan bisa kok enggo ngedegne Padhepokan. Kepriye?"
Wasana Sukirna sarujuk kaliyan eguh pratikel saking tiyang sepuhipun kala wau. Let nem wulan saking anggenipun rerembagan punika, Padhepokan sampun ngadeg jangkep kaliyan siti garapan kangge tedhanipun ingkang mapan ing padhepokan kala wau. Anggenipun yasa Padhepokan punika, kajawi kabiyantu dening para ingkang sami ngangsu kawruh dhateng Kyai Ramelan, ugi kabiyantu dening warga padhusunan ing Kademangan Jatipethuk ingkang nggadhahi pepenginan benjing saged muruitakaken anak-anakipun ing padhepokan kala wau.
Padhepokan kasebat kaparingan tetenger Padhepokan Banyugurih, awit nalika nyambut damel yasa Padhepokan wonten satunggaling tiyang ingkang ngelak sanget, kamangka toya kangge ngunjuk nuju telas, lan nembe dipus pendhet dhateng belik, ingkang wonten nenggih duduh jangan bening ing kiuwali sisanipun lawuh nedha kala wau. Dening tiyang ingkang ngelak kala wau, duduhipun jangan dipun uyub, dados inggih kraos gurih. Sareng ingkang kajibah pados toya kangge ngunjuk dugi, tiyang ingkang ngelak wau dipun criyosi. Nanging gandheng sampun nguyub duduhing jangan, tiyang wau lajeng criyos makaten :
"Aku wis ora ngelak kok, aku lagi wae ngombe".
"Lha gajege banyune mau wis entek ta? banjur sing kok ombe apa?" tiyang ingkang kajibah pados toya pitaken. Wangsulanipun ingkang dipun takeni kaliyan gumujeng :
"He he he, sing tak ombe duduh jangan bening, rasane gurih".
Kyai Ramelan lan Sukirna ingkang mireng rerembaganipun tiyang kalih wau sami mesem. Lajeng kaliyan mesem Sukirna wicanten :
"Ngene sedulur, biwarakna marang kanca-kanca kabeh, kanggo ngeling-eling kedadeyan iki sarta anggonmu wis padha labuh murih Padhepokan iki bisa ngadeg, mula Padhepokane dhewe mengko tak jenengne Padhepokan Banyugurih".
Inggih wiwit punika siti babadan sakupengipun padhepokan lajeng karan Banyugurih.
Pitung tahun sasampunipun Padhepokan ngadeg, Kyai Ramelan kapundhut dening Gusti Ingkang Murbeng Gesang. Lajeng Sukirna ingkang gumantos nglenggahi kalenggahan minangka suhing Padhepokan, kanthi sesebatan Ki Guru Sukirna utawi Ki Banyugurih. Nalika samanten Ki Guru Sukirna sampun yuswa meh selikur tahun. Tiyang-tiyang anem kathah ingkang sami ndherek nyantrik wonten ing padhepokan Banyugurih, boten ngemungaken nem-neman saking Jatipethuk kemawon ingkang sami nyantrik ing mriku, nanging ugi wonten ingkang asalipun saking papan sanes. Ing Padhepokan Banyugurih para cantrik dipun wucal babagan kawruh agami, ulah tetanen, ulah kaprigelan undhagi, ulah kasarasan sarta sakedhik dhedhasaring ulah kanuragan. Mila boten karan aneh bilih ing Padhepokan mriku wonten setunggal kalih cantrik ingkang dereng ngrasuk agami Rasul lan taksih kathah nadyan sampun ngrasuk agami Islam nanging inggih dereng pati pinter ngecakaken lampahing sarengat.
Anuju sawijining dinten, wonten utusan saking Kademangan Jatipethuk, Ki Guru Sukirna katimbalan dening tiyang sepuhipun. Ki Guru Sukirna inggih lajeng marak sowan.
Sadumuginipun Ki Guru Sukirna, dening Ki Demang kadangu menggah kamekaraning Padhepokan. Ki Guru Sukirna inggih lajeng matur punapa wontenipun, bilih samangke Padhepokan sansaya reja, cantrikipun sampun wonten sekawan dasa langkung, kajawi marsudi kawruh agami ugi wonten ingkang wekel nyinaoni ulah tetanen, ulah tetukangan utawi sinau dados Undhagi, ugi wonten ingkang katungkul nyinaoni ginanipun ron-ronan, sekar-sekaran lan oyot-oyotan kangge jejampi lan ulah kasarasan, ugi ing mriku kawucalaken ulah raga lan kanuragan minangka srana kangge bebela dhiri. Ki Demang Sudiya mratelakaken bilih ndherek remen lan sukaning panggalihipun.
"Aku melu seneng krungu kabar sing kok gawa iki thole" makaten pangandikanipun Ki Demang ing Jatipethuk dhateng Ki Sukirna "nanging, sajroning seneng iki, aku uga lagi ngrasakne susah sajroning ati".
"Punapa kula dipun keparengaken mangertosi punapa ingkang sampun ndadosaken sekeling penggalih Bapa?" klawan ngatos-atos Ki Guru Sukirna nyuwun pirsa dhateng tiyang sepuhipun.
"Mesthi wae oleh" wangsulanipun Ki Demang "ya merga susahing atiku iki kowe tak celuk mrene iki mau".
"Inggih Bapa"
"Kowe mesthine ya wis ngerti yen Bapakmu iki wis tuwa lan banjur tambah tuwa wae, kaya adhi-adhimu ya wis padha ngerteni iki. Nanging mung adhimu si Sentani sing anggone nggagas sansaya tuwane Bapakmu iki, kuciwa anggone nggagas rada kebanteren,merga sajake gagasane Sentani lerege banjur marang kabutuhaning pribadine dhewe".
"Jlentrehipun Kados pundi Bapa?" Ki Guru Sukirna pitaken labet kirang pana dhateng ingkang dipun kersakaken Ki Demang.
Ki Demang Jatipethuk unjal ambegan landhung, nunten nglajengaken anggenipun ngendika :
"Gandheng bapakmu iki wis tuwa lan sansaya tuwa, kadangmu Si Sentani matur supaya Bapak enggal marisake palungguhan Demang iki marang anake. Miturut Sentani, kowe wis repot karo para cantrik ing padhepokanmu, adhimu si Sukirdi uga akeh ora ana ing Jatipethuke merga ngecakne laku dedagangan ing manca panggonan, mula kari Sentani sing bisa dipasrahi nggenteni kalungguhane Bapakmu iki. Lan Sentani nyuwun supaya aja kesuwen anggone masrahne kalungguhan Demang iki marang dheweke".
Ki Demang kendel sakedhap anggenipun ngendika, Ki Guru Sukirna ugi boten nyela wuwus, namung salebeting manah rumaos ngungun dhateng lekasing adhinipun pupon ingkang makaten kala wau. Ki Guru Sukirna nggadhahi pamanggih bilih aturipun Sentani ingkang makaten punika kalebet atur degsura, ingkang sinurung niyat anggege mangsa, tanpa mawi petang tetimbangan langkung rumiyin dhateng para-para ingkang mesthinipun pantes kaajak rerembagan. Pramila Ki Guru Sukirna lajeng nggadhahi gagasan, badhe manggihi Sentani lan badhe dipun tuturi murih saenipun, punika awit angemuti bilih Ki Guru Sukirna punika jejer minangka kadang sepuh saking Sentani.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar