SENDHANG
MUSTIKANING WARIH III
kacariyosaken malih
dening : Rust Luh Getih
11
Estunipun wiwit pungkasaning jaman Majapahit Jatipethuk punika sampun wonten, nanging dereng jejer minangka Kademangan, inggih kajawi dereng kathah warganipun ugi dereng wiyar babadanipun. Wiwit radi wiyar pategilan saha wiwit wonten pasabinan punika nalika jamanipun Kangjeng Sultan Trenggana jumeneng Nata ing Nagari Demak. Sadaya warga Jatipethuk nalika samanten ugi sampun ngakeni bilih piyambakipun punika perangan saking Nagari Demak, sanadyan nalika samanten dereng wonten warga ing Jatipethuk ingkang ngrasuk agami Rasul. Nalika wonten ontran-ontran rebat kuwaos, dening Kanjeng Adipati ing Jipang Jatipethuk kadadosaken satunggaling Kademangan, ing pangangkah sageda sadaya warga ing Jatipethuk sami purun anyengkuyung lekasipun Gusti Arya Penangsang ingkang kepengin jumeneng Nata, ngratoni sadaya kadipaten ingkang mangayom dhateng Kasultanan Demak Bintara. Minangka Demang kapisan ing Jatipethuk, inggih punika Ki Demang Sudiya, ingkang lajeng kaprah sinebat Ki Jatipethuk. Punika maksih kapernah tiyang sepuh kula piyambak. Nalika Kraton tanah Jawi ngalih saking Demak dhateng Pajang, nuwun inggih sasedanipun Gusti Arya Penangsang, Jatipethuk karawuhan utusan saking Pajang nenggih Ki Pemanahan. Wosing gati Ki Pemanahan mundhut prasetyanipun Ki Demang Jatipethuk, bilih Jatipethuk punika laladan ingkang kabawah Kasultanan Pajang. Gandheng Jipang sampun bedhah lan Gusti Arya Penangsang ugi sampun gugur ing palagan, boten wonten pilihan sanes tumrap Ki Demang Jatipethuk kajawi namung ndherek kersanipun Kanjeng Sultan Adiwijaya ingkang dipun sulihi Ki Pamanahan kala wau.
Sansaya dangu Kademangan Jatipethuk sansaya reja, labet saking warganipun ingkang wekel ing damel, pasabinan sansaya wiyar, pleret-pleret (bendungan) kathah ingkang dipun damel kangge ngoncori pasabinan. Pagesanganipun para kawula ing Jatipethuk inggih sansaya makmur. Ki Demang Sudiya pancen sanget dipun aji-aji dening kawula ing Jatipethuk, inggih labet kawicaksanan ingkang dipun cakaken sadaya saged damel kasaenaning para kawula.
Nalika samanten putranipun Ki Demang Sudiya nembe setunggal, inggih punika lare jaler ingkang nami Sukirna. Ki Demang kepengin sanget kagungan putra malih murih Sukirna boten dados lare ontang-anting kebanting, nanging dangu dereng saged kasembadan. Andilalah ing satunggaling enjing Jatipethuk dipun gegeraken awit wonten bayi ingkang nangis kekejer ing margi catur tanpa tinunggon dening biyungipun, malah kepara bayi punika yoganipun sinten inggih boten kamangertosan. Wasana dening Ki Demang, bayi punika kabekta wangsul lan kapupu minangka yoga.
"Gandheng bayi iki ora karuwan sapa wong tuwane, kamangka ditemokake ana dalan prapatan Jatipethuk, lan aku minangka bapakane wong sa-Jatipethuk, kudu gelem nampa lan ngopeni bayi iki kaya dene ngopeni anakku dhewe. Mula padha seksenana, wiwit dina iki bayi iki dadi anakku lan tak paringi tetenger Sentani" Ki Demang ngepyakaken anggenipun mupu bayi punika dhateng titiyang ing Jatipethuk.
"Inggih Ki Demang, kula sedaya sami anekseni lan ndherek bingah, mugi-mugi ing benjingipun Sentani saged dados putra ingkang sae bekti dhateng Tiyang Sepuh saha bekti dhateng Bumi Jatipethuk punika" wangsulanipun titiyang Jatipethuk dhateng Ki Demang.
Sanaosa yoga pupon nanging katresnanipun Ki Demang saha Nyai Demang dhateng Sentani boten benten kaliyan soking katresnan dhumateng yoganipun piyambak. Samanten ugi katresnanipun Sukirna dhateng rayinipun pupon ugi sakalangkung ing asihipun. Pancen kaoting yuswa antawisipun Sukirna kaliyan Sentani wonten gangsal tahunan.
Nalika Sukirna yuswa pitung tahun lan Sentani yuswa kalih tahun, Nyai Demang Sudiya kaparingan putra malih, miyos jaler kaparingan nama Sukirdi. Putra tetiga, kalih putra deles, setunggal yoga pupon punika ginulawenthah kanthi sae dening Ki Demang. Sareng tetiganipun ndungkap akil diwasa, nembe katingal bilih tetiganipun nggadhahi karemenan ingkang boten sami.
Sukirna, nadyan tiyang sepuhipun taksih ngrasuk kapitayan lami, nanging langkung remen sinau ngaji dhateng Ngulama. Dening tiyang sepuhipun ugi boten dipun awisi malah kepara dipun sengkuyung sakuwaosipun.
"Thole, yen kowe seneng marsudi ing kawruh marang Ngulama pandhereke para Wali, pun Bapa melu seneng lan nyengkuyung apa sing dadi tekadmu. Mung welingku ya ngger, nadyan kowe wis ngrasuk agama Rasul nanging aja pisan-pisan kowe gething, munggahe sengit marang sok sapaa sing isih kok anggep kapir. Nulada lekasing Kanjeng Sultan ing Demak, nadyan ingkang Ramane durung kersa ngrasuk agama Rasul nanging ora suda bektine Raden Patah marang Sri Brawijaya, mula nalika Sri Brawijaya lolos saka praja awit Majapahit kabedhah dening Adipati Girindrawardana, Raden Patah ora kendhat anggone atur bebela marang ingkang Ramane" Makaten pituturipun Ki Demang Sudiya dhateng anakipun mbarep nenggih Sukirna.
"Pangestunipun Bapa ingkang tansah kula suwun" wangsulanipun Sukirna nalika samanten "mugi anggen kula marsudi kawruh dhateng para Ngulama punika, benjingipun saged migunani tumrap sadhengah titah".
Sentani yoga puponipun Ki Demang, gadhah karemenan nenepi ing papan wingit, ugi remen marsudi ing reh kadigdayan lan kanuragan, ingkang dipun udi siyang pantara ratri, namung babagan tosing balung wuleting kulit. Namung ing ngriki wonten kuciwanipun, gandheng sampun rumaos punjul ingapapak, kadhang kala Sentani dhemen ngremehaken titiyang ingkang ringkih lan remen migunakaken kadigdayanipun kangge ngajrih-ajrihi tiyang supados manut kaliyan piyambakipun. Nalika Ki Demang pirsa lekas lan tekunipun Sentani ingkang makaten kalawau, dening Ki Demang Sentani dipun paringi pitutur :
"Ngger anakku Sentani, pun Bapa banget seneng dene kowe karem ulah laku prihatin, dhemen marsudi ing kanuragan lan kadigdayan. Kanthi mangkono kowe bakal bisa dadi bentenging kademangan samangsa-mangsa ana payo-payo sing nedya ngganggu katentremaning Jatipethuk. Mung welingku, aja nganti merga kowe duwe kekuwatan sing punjul tinimbang liyane, kowe banjur kethukulan sipating kewan, yaiku dhemen dadi wong menangan sing kadigdayane ora migunani marang liyan, malah kepara kanggo nindhes sing ringkih. Ngono kuwi sipating kewan, aja pisan-pisan kok terokne ya ngger".
Nalika samanten Sentani boten wangsulan punapa-punapa kajawi namung manthuk. Lan manthukipun Sentani tinampi dening Ki Demang minangka tandha bilih Sentani badhe nindakaken pituturipun.
Benten malih karemenanipun Sukirdi, putranipun Ki Demang ingkang waruju. Piyambakipun wekel ing damel baud ing ulah tetanen punapa dene ing babagan lampah dagang. Ingkang dipun persudi sarta dipun udi inggih undhaking bandha lan kasugihan. Saking remenipun dhateng kadonyan, asring anggenipun tumindak tansah mawi petangan bathi lan tuna. Menawi mbatheni inggih dipun lampahi, kosok wangsulipun menawi kapetang boten wonten bathinipun inggih boten dipun lampahi. Purun tetulung menawi kapetang benjing ing tembenipun ingkang dipun tulungi saged males budi, utawi purun tetulung murih katingalan ing liyan bilih piyambakipun punika tiyang sae lan loman, dados tansah ngajeng-ajeng titiyang ingkang sami ningali ing tembenipun remen pepetangan ing reh lampah dagang kaliyan piyambakipun, ingkang saged ndumugekaken bebathen. Estunipun Ki Demang Sudiya sampun asring paring pitutur dhumateng yoganipun ingkang ragil punika makaten :
"Thole Sukirdi, tenane bandha donya kuwi mung titipan, umure mung winates klawan umure sing dititipi. Bandha donya sing saiki kok duweni, durung karuwan sesuk utawa suk emben tetep dadi duwekmu. Kajaba bandha donya sing kok tanjakne kanggo tetulung sapepadhaning titah, nadyan tata gelar bandha sing kok gunakne kanggo mitulungi liyan kuwi kena diarani ilang, nanging satemene malah mlebu simpenan sing ora bakal ilang, nadyan kowe wis tekan pati pisan, sing kok tulungi bakal tetep kelingan, malah kepara bakal tumurun marang anak lan putune. Dadi sanajan wis dadi wujud kuburan, kabecikanmu tetep dadi pocapan. Poma-poma dipoma welingku marang kowe aja seneng urip kaya prau, yaiku geleme obah mung ngalap opah".
Sanadyan asring tampi pitutur luhur, nanging Sukirdi namung kendel, langkung pitados kaliyan kajengipun piyambak, katimbang kaliyan pituturipun tiyang sepuh.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar