Total Tayangan Halaman

Minggu, 30 Mei 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (10)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

10

Ki Guru Sukirna tumuli ngawe sing lagi padha teka supaya maju nyedhak. Wukir , Kurantil lan Dhukut aweh kurmat banjur mara lan mapan lungguh ing klasa sing wis dicawisake.  Rangga lan Marga nginger lungguhe, dadi ora ngedhang-edhangi lungguhe wong telu sing lagi teka mau.

"Wong telu ora tak timbali padha munggah pendhapa, sajake ana perkara wigati sing arep padha dikandhakne marang aku ya?" Ki Banyugurih nakoni cantrik-cantrike kuwi.

"Inggih Bapa" wangsulane Wukir "badhe njangkepi atur magepokan kaliyan anggen kula lumawat dhateng Grojogan Jambe Kembar, kala wingi".

"Apa isih ana sing kliwatan durung kok aturake?" Ki Banyugurih takon.

"Inggih Bapa" wangsulane Wukir sing banjur nyritakne anggone wis arep dicapok ula gedhe, sing kulite ula kuwi saiki dipenthang arep diawetake. Ora kliwatan Wukir uga nggandhengake lelakone karo crita sing ditampa saka Singsim mau.

"Kula lajeng dados radi samar, menawi ngantos anggen kula ngrawati wacucalipun sawer punika lajeng kaanggep lepat nunten tampi walat saking Ki Nagaburik, Bapa" ature Wukir sawuse rampung critane.

Ki Banyugurih gumuyu lirih, Rangga lan Marga padha mesem amba, krungu rembuge Wukir sing keri dhewe iki mau.

"Sajake rasa samar lan kuwatire Lurah Sugali saandhahane mau wis nular marang kowe, Wukir?" Kandhane Ki Banyugurih isih karo gumuyu lirih. Wukir ora semaur, nanging malah ndhingkluk karo mesem, neng atine ana rasa isin sethithik merga wis digeguyu karo gurune.

"Nanging ya ora dadi apa" Ki Banyugurih nerusne kandha "jenenge rasa samar merga durung mudheng lan durung cetha apa sing dikuwatirake kuwi lumrah, Sumurupa ya Ki Wukir, Kurantil lan Dhukut, satemene Jagat sing gumelar iki dicawisake dening Sing Nitahake kanggo nyukupi kabutuhane manungsa, kajaba ana siji loro sing ora dikeparengake, kabeh kena digunakake waton olehe nggunakake klawan bener lan ora klawan nganiaya marang apa sing digunakne.Upamane : awake dhewe ora dikeparengake mangan Babi utawa Celeng, nanging dikeparengake mangan kewan liyane waton anggone mangan kuwi nganggo cara sing bener, ora kena nganggo cara sing nganiaya marang kewan mau. Kowe uga kena wae, murih kulite Ula gedhe sing dipateni Angger Rangga kuwi, nanging anggonmu njupuk kulite nganggo cara sing bener, ora ulane isih urip banjur kok kuliti warasan. kuwi ora kena. Lha upama Ula sing mati kuwi isih ana sambung rapete karo Ki Nagaburik, banjur Ki Nagaburik ora nrimakake, kuwi ya lumrah. Nanging kowe ora sah was, ora perlu sumelang, awit neng kene ana aku, ana Angger Rangga, ana Angger Marga sing uga ora bakal lila lan meneng wae saupama ana sapa utawa apa wae sing arep degsiya marang kowe".

"Inggih ngaturaken genging panuwun Bapa" Wukir ngaturake panuwun, praupane katon sumringah mratandhani wis ilang rasa was lan kuwatire.

"Estunipun Bapa" genti Dhukut sing munjuk atur "suwaunipun ingkang kula sumelangaken punika kajawi teluhipun Ki Nagaburik, kula inggih nguwatosaken menawi Raden Sentani lan prajurit trah Majapahit ingkang boten narimahaken, lajeng soroh amuk dhateng Padhepokan mriki, kados pundi punika Bapa?"

"Lha nek kuwi seje maneh" Ki Banyugurih wangsulan "upama Sentani ora trima merga matine Ula mau, sing dienggo wewaton ora trima apa? Sentani kudu bisa nuduhne bukti yen ula sing mati kuwi temen-temen Ula sing sekti sing dadi sesembahane. Lha nek nyata ula sing sekti sing wis kulina diaji-aji lan disembah dening menungsa, mesthine ya ora galak lan cluthak wani arep nyaplok menungsa sing dudu pepancene ngono kuwi, lan uga mesthi ora gampang dipateni. Malah saupama kuwi ula sing suci tur sekti, aja maneh kok jaman uripe nadyan wis mati pisan bangkene isih sok malati. Nyatane Wukir lan Kurantil babar pisan ora kangelan nguliti ula kuwi, kuwi nandhakne yen ula lumrah, dadi ora ana dhasare yen Sentani arep ora nrimakake".

Dhukut manggut-manggut krungu pitutur sing diucapne gurune mangkono iku mau. Mangkono uga karo Wukir lan Kurantil sing sansaya ilang rasa samar ing atine.

"Nuwun Sewu Bapa Guru" sawuse sauntara meneng, Rangga kandha.

"Inggih badhe paring dhawuh punapa Angger Rangga?" Ki Banyugurih wangsulan .

"Wiwit kala wingi kula kula wongsal-wangsul mireng nami Raden Sentani dipun sebat-sebat, kok kadosipun tiyang ingkang nami Raden Sentani punika priyantun luhur ingkang tiyangt-tiyang kathah ingkang sami ajrih kaliyan piyambakipun. Malah Lurah Sugali piyambak ugi nyebat bilih Raden Sentani punikia nggadhahi panguwaos tumrap Kademangan Jatipethuk saisinipun. Kula lajeng kepengin ngertos Bapa, Raden Sentani punika sinten lan punapa sambung rapetipun kaliyan Kademangan Jatipethuk tuwin Padhepokan Banyugurih  ?"

"Inggih Bapa" durung nganti Ki Banyugurih wangsulan Marga nambahi pitakonan "menawi boten klentu pamireng kula, ketingalipun Raden Sentani punika satunggaling senapati perang ingkang mbawahi prajurit kathah, inggih tetunggulipun para prajurit Trah Majapahit, lha ing mriku kula dados boten mudheng, sangertos kula sasampunipun Majapahit ngalih dhateng Demak, nunten Demak ngalih dhateng Pajang lan samangke ngalih dhateng Mataram, nami Majapahit punika sasat sampun boten kocap. Dumadakan ing mriki kula mireng wonten Prajurit Trah Majapahit salah setunggal lurahipun nama Ki Lurah Sugali ingkang sampun kula tepangi kala wau punika. Punika cethanipun kados pundi Bapa?".

Ki Banyugurih njengkerutne bathuke, sajak lagi ngeling-eling lan nata ukara kanggo mangsuli pitakone Rangga lan Marga. Ora mung Rangga lan Marga sing ngenteni wangsulan sarta katrangane Ki Guru Sukirna, nadyan Wukir, Kurantil lan Dhukut uga kepengin weruh sapa sejatine Raden Sentani kuwi lan apa sing dikarepake karo sebutan Trah Majapahit.

"Angger Rangga lan Angger Marga" Ki Banyugurih banjur kandha "estunipun wangsulan saking pamundhutipun pirsa angger kekalih punika boten saged kapisahaken kaliyan anggen kula badhe nyuwun pitulungan saha bebantu saking Angger kekalih punika, awit wangsulan kula mangke inggih wujud pedhut peteng ingkang samangke anglimputi Kademangan Jatipethuk saha Padhepokan Banyugurih punika".

Ki Banyugurih leren sedhela anggone omong, ana cantrik munggah npendhapa ngladekne kopi lan jahe anyar sing isih kumebul pegane. Uga ngladekne mbothe bakaran sing isih anget manget-manget sing diseleh ana layah dilemeki godhong gedhang.

"Dipun unjuk rumiyin Ngger, mumpung taksih anget" Ki Banyugurih ngacarani dhayohe, banjur kandhane marang Wukir, Kurantil lan Dhukut "ayo padha dirahabi kareben sing nyuguhi ora cuwa atine".

"Matur nuwun Bapa" bebarengan Rangga lan Marga wangsulan karo ngangkat cangkir bathok isi wedang kopi sing isih panas kuwi.

"Inggih Bapa" Wukir sakancane uga wangsulan lan terus padha nyandhak cangkire dhewe-dhewe.

"Estunipun kenging dipun wastani antawisipun Sentani kaliyan kula punika" Ki Banyugurih nerusne critane sawuse nyruput kopi saka cangkire "kenging dipun wastani kadang katut, awit meh saben tiyang mastani, kula punika sedherekipun Sentani. Sanaosa, estunipun kula lan Sentani punika tiyang sanes, liripun boten wonten sambetipun rah antawisipun kula lan piyambakipun".

"Kok saged makaten Bapa?" karo nyandhak mbothe bakar, Marga nugel wuwus.

"Inggih Ngger, murih cethanipun, samangke prayogi Angger kekalih kendel sawatawis, kula badhe nyariyosaken lelampahan ing Jatipethuk saking kawitan" Ki Guru Sukirna muwus alon.

Rangga lan Marga wis  siyaga ngrungokne crita.

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...