Total Tayangan Halaman

Minggu, 30 Mei 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (9)

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

9

Ing tegal mburi cedhake papan kanggo gladhen para cantrik, Wukir lan Kurantil ngresiki kulit ula sing digawa saka Grojogan Jambe Kembar. Kulit sing wis mambu pating klenyit kuwi dipenthang lan dibeber, kulit sing bagean jero wis diborehi nganggo bubukan kayu Klayu ben ora mambu lan enggal bisa garing. Para cantrik sing weruh yen wong loro kuwi padha ngupakara kulit ula, banjur padha nyedhak lan takon ngenani kulit ula sing samono amba lan dawane kuwi.

"Kowe kok oleh kulit ula samono kuwi saka ngendi lho Kang?" pitakone Gatra cantrik sing mau awan kajibah jaga regol.

"Gek gedhene ula sepira no kuwi? kulite wae ambane samono, dawane meh telung dhepa. Saiba nggegirisi ulane kuwi jaman uripe" Cantrik liyane melu omong, nuduhne eraming atine.

"Kok bisa oleh ula samono kuwi olehmu nyekel karo sapa wae no Dhi? tak kira neng mung wong sepuluh wae, mokal bisa nyekel jinis ula ngene iki" Dhukut Cantrik sing luwih tuwa melu takon.

"Lha dagine ula iki neng ngendi Kang? Daging ula ngene iki enak banget yen diolah dadi dhendheng, biyen aku tau ngrasakne pas Ki Bebau nggonku karo wong-wong kasil mateni Ula ngene iki, merga ulane bola-bali nguntal cempe sing dingon neng pinggir alas, ning ketoke ulane ora gedhe banget kaya ula sing kulite ndika openi iki"  Singsim, anake Lurah Ngepringan sing melu nyantrik neng kono,  takon lan nyritakne kawruhe bab ula.

"Olehku kulit ula iki tak tebus nganggo rasa kaget kaworan miris, nganti aku karo Kurantil ora bisa obah, ora kuwat ngglawat saking wedi lan kagete"  Wukir mangsuli pitakone kanca-kancane.

"Meh wae, aku karo KIang Wukir diulu warasan dening ula iki, neng Grojogan Jambe Kembar, nalika nindakne dhwuhe Bapa Guru" Kurantil melu mbumboni critane Wukir. Banjur wong loro gentenan nyritakne lelakon wingi sore sing wekasane bisa kepethuk karo Pangumbara loro sing isih Jaka Kumala-kala.

"Dadi tanpa rowang, ora butuh wektu sing suwe Ki Rangga mateni Ula iki ya Dhi?" pitakone Dhukut sawise Wukir lan Kurantil rampung anggone crita.

"Ya ngono kuwi mau Kakang critane, pancen Ki Rangga lan Ki Marga kae temen-temen Wong utawa malah keneng diarani Bocah sing duwe kasekten sing tanpa tandhing, Kang Dhukut mesthi bisa nggambarake, aja maneh kok mung ula sing ora duwe nalar, jeneh Lurah Sugali karo andhahane sing cacah pitulas kanthi gegaman jangkep wae, ora nganti sapanginang wis klakon digawe lumpuh tanpa daya dening Ki Marga lan Ki Rangga, kok" Kurantil wangsulan karo nambahi critane.

"Lho jare mau Ki Lurah Sugali sakancane olehe matur Ki Guru, tekane kene nyuwun pitulungan sawise kuwalat karo mBah Jenggotarang, Dhanyang Sendhang Teleng? Saiki kok nDika crita nek  Lurah Sugali sakancane dilumpuhne Ki Marga karo Ki Rangga? Genahe piye kuwi Dhi?" Dhukut rumangsa bingung ngrungokne critane Kurantil.

Wukir lan Kurantil mesem.

"Kuwi rada dawa Kang critane, mengko wae nek wis ana wektu mirunggan tak critani genahe" kandhane Wukir sabanjure.

"Mengko dhisik Kang" Singsim sing mau nakokne daging ula nyela rembug "dadi Ki Lurah sabalane kae ora ngerti nek Ki Rangga wis mateni ula iki Kang?"

"Ya ora ngerti ta Dhi, wong olehe kepethuk wong-wong kuwi lagi mau esuk kok. Ana apa ta?" Kurantil wangsulan.

"Aku tau krungu Bapa Guru kuwi tau crita karo Wong Tuwaku, nek neng Grojogan Jambe Telu sing manggone kapernah kulone Grojogan Jambe Kembar kira-kira rong atus jangkah, neng kono ana Guwa sing dadi Kratone Ula Siluman sing jeneng Ki Nagaburik. Lha Raden Sentani kuwi kabare olehe bisa sekti mandraguna kae, merga meguru lan manembah marang Ula Siluman ya Ki Nagaburik kuwi. Atake Ula sing kulite ndika penthang iki isih kaprenah bala utawa sapukawate Ki Nagaburik Kang?" Singsim nyritakne sethithik crita sing tau ditampa.

"Lha kuwi aku sing ora mudheng" Wukir wangsulan "sing cetha ula iki mati dening Ki Rangga merga arep nguntal aku karo Kurantil, banjur nyerang Ki Rangga mula banjur dening Ki Rangga dithuthuk sirahe dadi lan patine kaya sing tak omongne mau. Dadi upama Ula mau isih mambu kulawarga karo Ki Nagaburik, Ki Rangga ora kena dianggep luput, merga ula iki dhewe sing njarag malah nek bisa kira-kira arep nguntal Ki Rangga jare".

"Iya Dhi" Dhukut urun rembug "sanajana mangkono, gegayutan karo sing dicritakne Adhi Singsim lan gandheng cenenge karo Ula sing kulite ndika penthang iki, tak kira luwih prayoga yen nDika aturne marang Bapa Guru, mbok menawa wae ana guna lan paedahe".

"Iya Kakang" wangsulane Wukir "tak kira sing ndika kandhakne kuwi akeh benere, mengko aku arep ngaturake kabeh kedadeyan sing tak temoni sajroning nindakne dhawuhe Bapa Guru iki".

Sauntara Wukir lan Kurantil lagi rerembugan neng tegal mburi karo kanca-kancane, wektu kuwi ing Pendhapa Ki Guru Sukirna lagi ketungkul jagongan karo Rangga lan Marga. Wong telu kuwi lungguh neng klasa sing digelar neng jogan, karo ngupengi dhampar cilik, ing dhuwur dhampar wis cumawis wedang jahe neng cangkir bathok klapa gadhing cacah telu, sumandhing karo layah isi sukun dang-dangan sing dikrawu karo klapa parutan.

"Nuwun sewu ngger" kandhane Ki Banyugurih "estunipun anggen kula kengkenan lare kula pun Wukir lan Kurantil ngadhang tindakipun angger kekalih punika rak amargi kula nyupena ta ngger?".

"Bapa Banyugurih nyupena punapa?, gajegipun saderengipun punika kula lan Bapa Guru dereng nate kepanggih?" pitakone Rangga nanggapi kandhane Ki Banyugurih.

"Mila leres dhawuhipun Angger Rangga, awakipun piyambak babar pisan dereng nate tepang saderengipun punika" Ki Banyugurih aweh katrangan "inggih ing salebeting manah ingkang nembe susah, kula meh saben dalu nindakaken lampah maneges nyuwun palimirmaning Hyang Agung, murih pedhut peteng ingkang anglimputi Padhepokan Banyugurih minggahipun Kademangan ing Jatikerep punika enggal sirna. Ing ngriku kula lajeng nampi sasmita wujud pasupenan, inggih punika kula karawuhan satunggaling priyantun ingkang ngaken asma Ki Tanparupa".

"Ki Tanparupa Bapa?" Marga sumela takon.

"Inggih Ngger, punapa angger sampun tepang kaliyan Ki Tanparupa?" Ki Banyugurih genti takon.

Marga unjal ambegan landhung, banjur kandhane :

"Dipun wastani tepang, nyatanipun inggih dereng nate kepanggih, dipun wastani boten tepang nyatanipun Bapa Tanparupa punika asring paring tuntunan dhateng kula miwah Kakang kula punika ing pasupenan Bapa" .

"Manawi makaten meh sami kaliyan ingkang kula alami Ngger?" Ki Banyugurih mesem "kaotipun, menawi angger sampun wongsal wangsul, malah sampun kadhaku siswa dening Ki Tanparupa, menawi kula, inggih nembe sepisan punika panggih ing pasupenan, Ki Tanparupa paring dhawuh bilih pepeteng ingkang kula panggihi punika badhe ical menawi kula purun nyuwun tulung dhumateng Angger kekalih dene srananipun kula saged kepanggih kaliyan Angger kekalih, kula kedah ngengken lare kula nyegat tindakipun Angger kekalih ing caketing Grojogan Jambe Kembar".

"Makaten inggih Bapa?"

"Inggih Ngger, kamangka estunipun kula radi kuwatos kengkenan lare kalih kala wau".

"Ingkang dipun kuwatosaken punapa Bapa?" Rangga takon.

"Kula kuwatos menawi ngantos lare ingkang kula kengken wau sasar margi, awit ing sakiilenipun Grojogan Jambe Kembar punika ugi wonten grojogan sanes, ingkang nama Grojogan Jambe Telu. Ing Grojogan Jambe Telu punika kathah sawer ageng ingkang manggen ing guwa sacaketipun grojogan, malah ujaring ngakathah inggih ing mriku ngedhaton Rajaning Sawer Siluman ingkang nama Ki Nagaburik. Kathah titiyang ingkang sami memule, maguru lan manembah dhateng Ki Nagaburik punika, Ngger".

Anggone padha rembugan wong telu kuwi leren sedhela, Wukir lan Kurantil ditutne Dhukut munggah pendhapa, njaluk idin arep marak ing ngarsane gurune.

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...