Total Tayangan Halaman

Minggu, 30 Mei 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (8)

 


kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

8

Saka Sendhang Teleng kuwi katon gumrudug lakune wong selikur mlaku mengidul tumuju menyang Kademangan Jatipethuk, ana papat sing gentenan karo kancane mikul tandhu sing kanggo ngglethak Lurah Sugali sing durung eling saka semapute. Para andhahane Sugali tenane padha nyumelangake keslametane lurahe sing kaya ngono kuwi. Kabeh rumangsa kuwatir yen nganti Sugali pecat nyawane sadurunge tekan ing Banyugurih. Marga banjur aweh weruh lan panglipur marang wong-wong mau klawan tembung sing alus lan manteb :

"Aja padha samar, Ki Lurah kuwi mung semaput lan ora bakal tumekeng pati, aku ngerti merga sing ndadekne Lurah Sugali kantaka kuwi mau merga  kena duganganku, lan dugangan sing tak tibakne ing lambunge Lurah Sugali kuwi pancen tak sengaja mung gawe semapute ora bakal mbebayani tumrap nyawane, karo mlaku titenana sedhela engkas Ki Lurah rak banjur bali eling, yen wis keprungu sambate lerena sedhela banjur wenehana ngombe nganggo banyu iki, dimen cepet pulih tenagane" Marga ngelungne banyu ana kanthong kulit marang salah sijine sing kajibah mikul tandhu.

Oleh katrangan saka Marga ngono kuwi, wong-wong ya banjur ayem. Tenan. Kira-kira anggone padha mlaku oleh telung pambalang, saka tandhu keprungu suwarane Lurah Sugali sing sambat-sambat :

"Adhuh, krasa ilang otot bayuku, aku iki neng ngendi lan ya gene aku dipikul kaya mayit arep digawa nyang kuburan ?"

Krungu lurahe sambat ngono kuwi, sing mikul tandhu banjur mandheg. Tandhu alon-alon diselehne neng lemah, salah sijine sing mikul banjur aweh wangsulan marang lurahe :

"Kauningana Ki Lurah, awakipun piyambak niki wau nembe kemawon tampi walat saha sesiku saking mBah Jenggotararang ingkang mbaureksa Sendhang Teleng, sakniki niki kanca-kanca sedaya badhe pados usada murih saged lepas saking bebendu saha sesikunipun mBah Jenggotarang, jumbuh kaliyan dhawuh ingkang katampi saking wayahipun mBah Jenggotarang kala wau. Lha Ki Lurah kados pundi? tumut lekasing kanca-kanca napa gadhah pilihan sanes?"

"Aku wis ora bisa apa-apa, aku pasrah lan manut marang kanca-kanca kabeh, arep digawa menyang ngendi lan arep dikapakne wae, mongsa bodhowa kanca-kanca, sing baku aku ya kepengin banget bisa lepas saka bebendu lan sesikune mBah Jenggotarang" wangsulane Lurah Sugali pasrah bongkokan.

Banjur dening andhahane Lurah Sugali diombeni banyu bening olehe menehi Marga mau. Bubar ngombe Sugali ngrasakne awake rada kepenak, kekuwatane alon-alon nggremet ing sakujuring awake. Tandhu bali diangkat, wong-wong nerusne anggone mlaku.

Ing dhuwur tandhu karo ngrasakne rasaning awake, Sugali banjur ngeling-eling kedadeyan sadurunge dheweke ora eling. Sugali wiwit kelingan, mau lagi wae kerengan karo bocah nom sing jeneng Marga, banjur diganggu suwaraning Wukir lan Kurantil sing bengok-bengok nyebut-nyebut jenenge mBah Jenggotarang. Iya, mau dheweke wis niyat arep nebas cengele Wukir lan Kurantil nganggo pedhange, banjur keprungu suwara jumedhor kaya bledheg, pedhange disabet nganggo pecute Marga, lambunge didugang banter lan banjur dheweke lali lan ora ngerti kedadeyan sateruse.

"Mau aku kena dugangane Marga nganti aku semaput" Sugandhi omong neng jero ati "apa bener sing dikandhakne Rangga lan Marga mau? Bocah loro kuwi putune mBah Jenggotarang Dhanyang Sendhang Teleng? Aneh!. Mosok tumon ana Lelembut duwe putu menungsa?. Nanging kanyatane saiki aku kaya ngene, wong-wong kuwi kabeh sajake wis manut miturut karo Rangga lan Marga. Banjur aku iki arep digawa menyang ngendi? jarene arep golek usada murih luwar saka sesiku lan bebendune mBah Jenggotarang............" Lurah Sugali dadi bingung karo kabeh lelakon sing lagi wae ditemoni. Gandheng bingung lan ora oleh wangsulan, wekasan Lurah Prajurit kuwi bali keturon neng dhuwuring Tandhu.

Nalika srengenge wis mlaku mudhun ing cakrawala imbang kulon, lakune Rangga lan Marga sing ditutne Wukir lan Kurantil sarta wong pitulas sing nggotong Lurah Sugali wis tekan Padhepokan Banyugurih. Dening Cantrik sing lagi oleh jaga regol, kabeh dipapakne ana pendhapa,digelarne klasa mendhong sing ambane saambane jogan pendhapa, banjur Cantrik mau rembugan sedhela karo Wukir lan Kurantil, mungguh apa kepriye murih becike. Wukir lan Kurantil sing rumangsa nampa dhawuh saka Ki Guru Sukirna lan saiki arep atur palapuran mungguh asiling dinuta, banjur njaluk idin arep menyang paleremane Ki Guru Sukirna. Cantrik sing lagi jaga uga nayogyani.

Ora suwe Wukir lan Kurantil wis menyang Pendhapa karo ndherekne Kyai Guru Sukirna sing banjur mapan lungguh ing ngisor blandar sisih mburi, manggon neng tengah dijejeri Wukir lan Kurantil sarta para tetuwaning para cantrik sing tekane meh bareng karo Ki Banyugurih.

"Ngaturaken kasugengan sarawuhipun ing Padhepokan Banyugurih mriki Angger Rangga miwah Angger Marga" Ki Banyugurih gupuh mbagekne Rangga lan Marga.

"Inggih awit pikantuk berkah pangestunipun Bapa Guru, rahayu sowan kula boten langkung pangabekti kula kekalih mugi katur ing ngarsanipun Bapa Guru" Rangga wangsulan alus manuhara.

"Matur sewu gunging panuwun dhumateng angger kekalih ingkang sampun kepareng minangkani panyuwun kula murih rawuh ing Padhepokan mriki. Gandheng wancinipun sampun ndungkap anyaketi suruping surya, kaparenga angger kekalih reresik salira langkung rumiyin, sarta sakedhap angleremaken salira, mangke dalu kemawon kula aturaken sadaya panyuwun kula dhateng Angger kekalih" Ki Guru Banyugurih wangsulan, banjur aweh prentah marang salah siji saka tetuwaning Cantrik sing ana kono "Ki Banjangan, tulung dherekna Angger Rangga lan Angger Marga menyang pancuran dimen padha reresik salira, yen wis banjur aturana lenggah ing gothakan sing wis dicepakne kanggo paleremane Angger Rangga lan Angger Marga".

"Nuwun Inggih sendika ngestokaken dhawuh Guru" wangtsulane Cantrik Branjangan, banjur kandhane marang Rangga lan Marga "mangga adhi kula dherekaken".

"Matur nuwun Bapa Guru, kepareng badhe lengser rumiyin" Rangga lan Marga pamitan marang Ki Banyugurih, banjur wangsulan marang Cantrik Branjangan "Iya kakang, mangga".

Rangga lan Marga mudhun saka Pendhapa ditutne Ki Branjangan arep dituduhne panggonan kanggo adus lan reresik awak sarta gothakan kanggo leren.

Ki Banyugurih genti rembugan karo Lurah Sugali sing wis bisa lungguh karo kabeh andhahane sing cacah pitulas. Lurah Sugali durung bisa omong klawan cetha kagawa saka kahanan ragane sing durung pulih, mula banjur matah salah siji saka andhahane supaya omong minangka dadi talanging basa.

"Lajeng kersanipun Ki Lurah rawuh mriki kaliyan para prajurit punika punapa?" Ki Banyugurih nakoni mungguh sing dadi sedyane wong-wong kuwi.

"Ngaten Kyai" sing dipatah dadi talanging basa dening Lurah Sugali aweh wangsulan "estunipun kula sakanca punika nembe kabendon dening mBah Jenggotarang temah sampun nampi sesikunipun".

"Kabendon kados pundi? punapa andika sampun ngganggu katentremanipun Ingkang mBaureksa Sendhang Teleng ?" Ki Banyugurih takon semu gumun.

"Leres Kyai, awit kula sakanca babar pisan boten mangertos bilih Raden Rangga lan Raden Marga punika wayahipun mBah Jenggotabang" wong kuwi wangsulan banjur nyritakne yen mau esuk wis padha nukari Marga lan Rangga neng cedhake Sendhang Teleng. Wong-wong kuwi ngrumangsani yen kuwalat, klebu Lurah Sugali sing rada nemen kuwalate. Wong kuwi uga nyritakne kabeh srana sing dikandhakne Marga murih bisa lepas lan luwar saka sesikune mBah Jenggotarang.

Ki Banyugurih klawan tekun ngrungokne apa sing dadi critane wong-wong kuwi. Lagi sawuse rampung critane, Ki Banyugurih banjur omong :

"Menawi makaten Ki Lurah lan sedherek sedaya, kula badhe mbudidaya ngleksanakaken punapa ingkang kadhawuhaken Angger Marga dhateng andika kala wau, samangke mumpung surya dereng serap, prayogi andika langkung rumiyin sesuci ing pancuran langkung rumiyin, lajeng samia lerem ing gandhok sisih wetan punika. Benjing enjing badhe kula aturaken punapa ingkang kedah andika tindakaken murih enggal luwar saking sesiku punika".

 

ana candhake.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...