kacariyosaken malih
dening : Rust Luh Getih
2
Wong loro sing lagi ketungkul sesuci nganggo banyu grojogan sing bening kuwi babar pisan ora ngira yen satemene salah siji ana sing jiwane sajroning bebaya. Ula sing gedhene sapupu kepara luwih gedhe maneh kuwi siaga, awake nekuk samekta nyaut mangsane saka dhuwur. Sajake ngenteni calon mangsane ngadege luwih jejeg, ora mbungkuk merga lagi sesuci. Rangga lan Marga saka kadohan wis weruh siagane si Ula, malah kepara olehe ngerti wiwit ula gedhe kuwi mrambat mudhun nurut wit. Nalika ula kuwi nunggu calon mangsane ngadeg, Rangga lan Marga sansaya cedhak. Dumadakan mbarengi salah siji saka wong loro kuwi rampung nggone sesuci lan ngadeg arep ngalih, Ula gedhe kuwi ngobahake sirahe, karo ngetokne suwara gemrutuk, cangkeme menga, nyamber sirahe wong sing lagi rampung sesuci mau. Wong kuwi kaget, nanging rumangsa wis ora bisa ngendhani maneh, pungkasan mung bisa pasrah marang nasib, mripate diremne karo mbengok banter sambat mati. Nanging nalika kurang sanyari cangkeme ula saka sirahe calon mangsane, Ula sing wis luwe kuwi, sirahe kontal nggeret awake nisih mengiwa, awit kanthi cepet Rangga bisa nyawatake watu sakepel ngarah sirahe Ula. Nadyan tumibane watu rada mleset, ora pas kena sirah, nanging kena ngisor gulu, ula kuwi kontal rada adoh. Lah meh bareng wektune, Marga wis mencolot karo nggeret wong loro kuwi ngadoh.
Krasa lara lan gagal anggone oleh mangsan Ula kuwi nesu, karo ngetokne suwara pangakak mripate abang nyawang marang pernah calon korbane sing wis ngalih panggonan, hingga ora gaduk yen ta disaut nganggo sirahe, sauntara pethite isih nggubet neng pang sing gedhe Panyawange ula banjur ngalih marang Rangga sing papane luwih cedhak. Ula sing nesu kuwi banjur obah maneh arep nyaut sirahe Rangga saka iringan. Nanging Rangga wis samekta, neng tangane wis ana teken bongkotan pring kuning limang kilan dawane, sajempolan sikil gedhene. Panyaute ula dipapag wani nganggo sabetan teken, ora mindhon gaweni sirah ula sing cangkeme mangap amba kuwi, kena dibabat nganggo teken, nuwuhake suwara banter, sirahe ula remuk. Pethit sing nggubet ing pang kendho, Ula Puspakajang sing galak kuwi ceblok neng lemah, ora karuwan polahe. Rangga mencolot ngedoh, getih ula mblambang neng lemah polone katut mawut.
Bareng ula kuwi wis ora polah maneh, lagi Rangga mlaku nyaketi wong loro sing isih ngewel ngoplok ora kuwat ngglawat ketang wedine.
"Wis Kisanak ora sah wedi maneh, ulane wis mati. Mula mbesuk maneh kuwi sing ngati-ati" kandhane Rangga sawise cedhak karo wong loro kuwi.
"Kula ngaturaken panuwun Denmas, upami boten wonten andika tamtu kula sampun pejah saestu" sawise sauntara salah siji saka wong loro kuwi ngaturne panuwun karo ucap sing isih glagepan .
Rangga mung mesem, banjur kandhane marang Marga :
"Wis Dhi, ayo sesuci wektune manembah wis teka"
Ora wangsulan Marga banjur nyedhaki grojogan, Rangga nututi, Kekarone banjur padha sesuci. Ing cedhak grojogan ana watu sing leter, sinoman loro kuwi padha nindakne panembah ing dhuwure watu kuwi. Maghrib karo Isyak dijamak lan Ngisake dikosor dadi rong rekaat. Nalika Rangga lan Marga rampung nggone sembahyang banjur mapan lungguh sila ing watu sing leter kuwi, wong loro sing mau padha ora bisa ngglawat, saiki nyedhak karo mbungkuk kurmat marang sinoman loro kuwi.
"Nuwun sewu lan nyuwun pangapunten Raden, kaparenga kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan awit pitulunganipun Raden, ingkang sampun paring kaslametan dhateng kula kekalih, kula pun Wukir lan punika adhi kula pun Kurantil" kandhane wong sing luwih tuwa karo nyembah.
"Aja kleru ya Kakang Wukir" Rangga wangsulan "sing paring kaslametan marang ndika lan Kakang Kurantil kuwi tenane dudu aku, nanging Gusti Sing Maha Asih, Gusti durung ngeparengake Kakang Wukir utawa Kakang Kurantil, mati dadi mangsane Ula sing luwe mau. Dene aku lan adhiku iku mung dadi sabab, Gusti kepareng ngobahake aku Rangga lan iki adhiku Marga tekan papan kene, mbarengi aku sakloron padha weruh yen ana Ula luwe sing nedya nguntal salah siji saka ndika".
"Inggih Denmas" Kuranhtil sing maune mung meneng genti melu omong "mila estu pejah gesanging titah punika namung wonten ing regemaning Gusti, sanaosa makaten tetep kula kekalih sampun utang gesang dhateng Denmas Rangga lan Denmas Marga, lan kadose utang punika boten saged kula saur ngantos puputing umur kula kekalih".
"Uwis-uwis kakang Wukir lan Kakang Kurantil, ora perlu ngrembug kuwi maneh. Saiki luwung bathaning Ula kae pendhemen ben dadi pakane cacing utawa sereten lan cemplungna menyang Bengawan dimen dadi pakane iwak-iwak Bengawan. Yen wis kuwi bisa ditutugne anggone jejagongan" Marga aweh prentah marang wong looro kuwi, karo obah mudhun saka watu arep mlaku menyang prau getheke sing mau dicancang ing pinggiring Bengawan.
"Punapa Denmas boten ngersakaken kulitipun sawer punika?" Wukir takon, awit Wukir ngerti kulite Ula gedhe ngono kuwi nduweni rega sing dhuwur.
Rangga ngguyu banter, wangsulane :
"Pancen akeh wong sing seneng ngrawati kulite Ula Gedhe kaya kuwi, nanging aku ora seneng. Lha nek ndika mbutuhne kulite Ula kuwi, ya sadurunge ndika pendhem utawa ndika kelekne bengawan, ndika tak lilani njupuk lan ngrawati kulite Ula kuwi. Mengko yen wis rampung, lan ndika isih mbutuhake rembugan karo aku lan adhiku, ndika wong loro tak enteni neng ngisore wit klumpit sing ana wetane gegrumbulan iki".
Rangga lan Marga banjur mlaku tumuju getheke sing dicancang neng wit Klumpit. Wukir lan Kurantil ditinggal, merga isih arep nguliti Ula sing wis mati kena sabet tekene Rangga mau. Ing ngisor wit Klumpit Marga nglumpukne kayu garing banjur disumet digawe bedhiyang kanggo madhangi panggonane leren. Rangga munggah menyang gethek njupuk pala kependhem sangune mlaku, banjur dibakar nganggo mawane geni Bedhiyang. mBarengi pala kependhem sing diakar Rangga padha mateng, olehe nguliti ula Wukir lan Kurantil wis rampung. Wong loro kuwi wis reresik awak lan sandhangane, banjur mara nyedhaki bedhiyang sing ditunggoni Rangga lan Marga.
"Kene nyedhak kene Kakang Wukir lan Kakang Kurantil" Marga mbagekne wong loro sing lagi nyedhak kuwi "karo iki Kakangku wis mateng anggone mbakar Uwi karo Gembili. Ayo padha dirahabi mbok menawa kena kanggo ngganjel weteng".
"Inggih Raden estu kula kekalih namung saged ngaturaken genging panuwun" wangsulane Wukir karo mapan lungguh ing pasuketan.
Wong papat sing durung suwe anggone padha tepung kuwi banjur nggedhuweng ing cedhak bedhiyang ngrahabi uwi lan gembili bakar sing isih kemebul, empur lan putih rupane. Marga menyat mlebu pomahane gethek, metune wis nyangking Kendhi lemah isi banyu kanggo ngombe. Hawa wengi wiwit krasa, suwarane jangkrik, walang kecek, campur lan suwara kumrosake banyu bengawan sing nanggor gegampengan, kala-kala diimbuhi suwarane manuk Truwok lan Sribombok sing lagi ngudang piyike, mratandhani yen wengi wis diwiwiti.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar