Total Tayangan Halaman

Rabu, 26 Mei 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (1)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

1

Ilining banyu bengawan mundhak banter, udan deres sing nggrujuk gunung  banyune mili mlebu menyang kalen-kalen banjur anjog mlebu bengawan ndadekne banjir. Gethek sing ditunggangi Raden Rangga lan Marga lakune dadi mobat-mabit katempuh ombak, sok kageret uwer sing mubeng seser. Sanajan tumrap nom-noman loro kuwi babar pisan ora nguwatiri, nanging bareng bledheg sing ana dhuwur terus sesamberan ora ana lerene, Marga banjur nginggirake prau getheke. Gethek dicancang neng wit gedhe sing mapan ana sapinggiring bengawan.

 

"Ya gene ndadak nganggo leren barang ta Dhi?" Rangga sing maune ngglethak neng joganing gethek nakoni Marga.

 

"Jagad ngelingne awake dhewe supaya leren kakang" wangsulane Marga karo nalekne dhadhunge gethek ing wit gedhe pinggir bengawan kuwi.

 

Rangga ngguyu, karo tangi mapan lungguh. Marga noleh, banjur genti dhangak, langite ketutupan mendhung peteng, sedhela maneh sajake sing udan ora mung sing ana gunung, sing ana kono uga arep tumiba.

 

"Miturut petunganku sedhela maneh srengenge surup Kakang" Marga nyedhaki Rangga karo kandha "dadi kajaba, ujare ila-ila ora becik lelaku ing wayah bledheg tetarungan, awake dhewe pancen ya wis wancine nindakne panembah wanci surup surya".

 

"Iya Dhi" wangsulane Rangga "karo maneh, awake dhewe lelungan iki rak ora kaiket dening wektu, kapan kudu tekan ngenggon uga ora ana sing ngudokne, jeneh kok wektu lha wong papan sing arep dituju wae ngendi awake dhewe rak ya durung ngawruhi ta?".

 

"Iya Kakang, Gusti Patih biyen mung dhawuh supaya awake dhewe yasa gethek lan numpaki manut ilining Bengawan, lan sawayah-wayah gethek ambyar, awake dhewe kadhawuhan mentas saka Bengawan, banjur ngunggahi Gunung Mahendra......."

 

"Kamangka ing ngendi Gethek iki bakal ambyar, awake dhewe rak ora ngerti ta Dhi? Kepiye saupama nganti tekan segara gethek iki ora ambyar?" Rangga nugel kandhane Marga klawan pitakonan.

 

"Kuwi pitakone nalar Kakang" Marga wangsulan karo mesem "nanging aku luwih percaya karo dhawuhe Gusti Patih sing mungguhku luwih ngudaneni katimbang landheping nalarku. Saupamaa nganti tekan sungapaning bengawan iki gethek tetep wutuh, kuwi ateges Gusti Patih ngersakne awake dhewe nindakne laku ndharat wiwit sungapan bengawan nganti tekan Gunung Mahendra. Lan aku percaya, sajroning lelaku kuwi awake dhewe bakal nemu tambahing kawruh sing ora sethithik".

 

Rangga meneng ora semaur, nanging menenge Rangga jebul lagi nilingake suwara, yaiku suwara jangkahing sikil sing nyedhaki papane leren. Marga tanggap karo lekase Rangga, banjur tiru-tiru nilingake. Suwara jangkah sansaya cedhak, lan mung ana sikile wong loro sing keprungu, sing ora mandheg nyedhaki papan kuwi.

 

"Dipapagne ana dharatan wae Dhi" kandhane Rangga lan tanpa ngenteni wangsulan banjur ndhisiki mencolot menyang dharatan. Ora kesuwen Marga banjur nututi, mudhun saka gethek ngunggahi stren bengawan.

 

Ora let suwe sing keprungu dudu jangkahing sikil, nanging suwarane wong loro sing lagi omong-omongan.

 

"Ya kene iki panggonane, lha kuwi wite jambe cacah loro sing padha gedhene" saka waliking grumbul keprungu salah siji saka wong sing mara kuwi ngandhani kancane.

 

"Bener kandhamu Kang, banyu sing mancur saka sela-selaning watu ing sisihe wit Jambe kuwi kena uga diarani grojogan. Dadi ya kene iki sing diarani Grojogan Jambe Kembar" wangsulane sing sijine mbenerne panemune kancane.

 

"Banjur saiki apa sing kudu ditindakne?" wong sing dhisik omong, takon marang kancane.

 

"Jumbuh dhawuhing Guru, neng kene awake dhewe kudu nyegat pangumbara loro sing kena diarani isih Jaka Kumala-kala banjur njaluk tulung murih Kademangan  Jatipethuk bisa bali tentrem kaya sadurunge katekan Raden Sentani" sing ditakoni wangsulan klawan cetha.

 

"Yen ngono, ayo Dhi, awake dhewe enggal sesuci banyu grojogan kuwi banjur nindakne laku nenuwun marang Sing Maha Wenang, supaya awake dhewe ditemokne karo Pangumbara Loro sing isih Jaka Kumala-kala kuwi".

 

Rangga lan Marga sing ngrungokne omongane wong loro sing pranyata lagi ngemban dhawuhing gurune kuwi, padhya inget-ingetan dhewe. Sinoman loro kuwi tanggap, yen anggone lelana kudu mandheg sedhela ing papan kono kuwi. Dhawuh pawelinge Ki Patih Mandaraka nalika samana tansah dumeling ing jero kupinge :

 

"Sumurupa Ngger putuku Rangga, sajroning kowe karo Marga lelana mengko, kowe bocah loro tak sampiri kuwajiban, yaiku ora kena selak lamun ketemu wong sing njaluk pitulungan, aja maneh kok nganti ditembung njaluk pitulungan, sedheng saupama kowe weruh wong sing mbutuhne pitulungan wae, kowe kudu mandheg aweh pitulungan nganti rampung. Lan kowe dak wenangake nglelimbang luwih dhisik, kepriye carane anggonmu aweh pitulungan marang sing mbutuhne pitulungan iku mau".

 

"Inggih mBah Juru, sedaya dhawuhipun mBah Juru badhe kula estokaken" wangsulane Rangga wektu kuwi.

 

"Lan Kowe Marga, padha dhawuhku marang Rangga, kowe kudu lila legawa lahir trusing batin nggonmu aweh pitulungan marang sok sapaa wae. yen kowe gelem mangkono, ing kono kowe bakal oleh piwulang mbuh apa rupane saka sejatining Guru" nalika samana Ki Patih Mandaraka uga paring weling marang Marga.

 

"Dhawuhipun Rekyana Patih badhe kula pundhi" wektu kuwi Marga uga nyaguhi.

 

Mula bareng sinoman loro kuwi dumadakan krungu rerasane wong loro sing lagi ngemban dhawuhing gurune, Rangga lan Marga duwe dudutan sing padha yen sing dikarepake karo sebutan Pangumbara Loro sing isih Jaka Kumala-kala kuwi ora ana liya kajaba dheweke sakloron.

 

"Kowe krungu omongane wong loro ing waliking gegrumbulan mau ta Dhi?" Rangga nakoni Marga "saiki kepriye mungguh panemumu ing bab iki?".

 

"Ngene Kakang" Marga aweh pamrayoga "iki mau awake dhewe rak arep golek banyu bening kanggo sesuci sadurunge nindakne laku panembah ing wanci suruping surya? Lha wong loro mau nyebut yen ing kono ana grojogan banyu lan wong loro mau uga arep sesuci nganggo banyuning grojogan, saiki luwih becik yen awake dhewe sesuci ndhisik ing grojogan kuwi, mengko wae yen wis rampung nindakne laku manembah marang Gusti, awake dhewe bisa wawan rembug karo wong loro sing genah yen mbutuhne pitulungan kuwi".

 

"Bener kuwi Dhi" Rangga mesem lega krungu wangsulane Marga sing ngono kuwi mau. Sauntara iku, mendhung ngendhanu sing mau wis meh njeblok, dumadakan ilang musna katut lakuning angin sing mengalor parane.  Langite bali katon biru.

 

Rangga alon-alon njangkahne sikile tumuju papane grojogan sing jarene karan Grojogan Jambe Kembar kuwi. Marga ngetutne ing mburine. Mesthi wae, Sinoman loro kuwi ora tinggal ing kaprayitnaning batin.  Ing papan - papan ngono kuwi ora arang ana bebaya sing nunggu tekane. Bisa wujud Macan Gembong sing lagi keluwen, ndhedhep ing waliking grumbul, bisa uga wujud Ula gedhe sing lagi luru mangsan, kanthi mlanggrang nggubetake buntute ing pange wit sing gedhe.

 

Bareng wis ngliwati gegrumbulan, grojogan sing diarani Grojogan Jambe Kembar kuwi wis katon cetha, watara lima las jangkah saka papane Sinoman loro kuwi ngadeg. Pranyata ora luput kawaspadane Marga lan Rangga, wong loro sing mau omong-omongan, sing saiki lagi arep nindakne sesuci, babar pisan ora ngira yen saka wit trembesi sing gedhene telung prangkulan lan dhuwure ora karuwan kuwi, ana ula Puspakajang sing gedhene sapupu lagi nggremet saka ndhuwur mangisor, bareng wis rada cendhek butute digubetne ing pang, awake ucul saka wit, cangkeme mangap nedya nyaut sirahe salah sijin saka wong loro sing arep sesuci kuwi.

 

Ana Candhake.

 

1 komentar:

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...