kacariyosaken malih
dening : Rust Luh Getih
4
Byar padhang wong papat budhal
saka Grojogan Jambe Kembar tumuju Padhepokan Banyugurih. Sadawaning dalan wong
papat kuwi karo rembugan bab alas lan thethukulan sing diliwati, jenenge
wit-witan utawa woh-wohan sing arang ditemoni. Babar pisan ora ngrembug kahanan
ing Banyugurih utawa ing Jatipethuk sing wis marahi Ki Banyugurih kongkonan
cantrike nyegat pangumbara ing cedhak Grojogan Jambe Kembar saperlu dijaluki
pitulungan murih bali tentreme Banyugurih lan Jatipethuk. Miturut kandhane
Wukir lan Kurantil, saka Grojogan jambe Kembar takan Banyugurih kuwi lakon
setengah ari punjul sathithik. Mula Rangga mrayogakne olehe mlaku ora perlu
kesusu, dadi dikira-kira sore mengko sadurunge surup wis tekan.
Nalika lakune srengenge oleh seprapating
langit ing sisih wetan, lakune wong papat kuwi kepethuk sawijining Sendhang
sing banyune bening nyarong, kinayoman wit preh sing gedhe lan ngrembuyung.
Marga ngajak kanca-kancane mandheg, leren anggone mlaku, wangune Rangga
kepengin nyedhaki sendhang sing sajak nengsemake pandulu kuwi.
"Sendhang punika sinebat
Sendhang Teleng, Ki Rangga" Wukir aweh weruh jenenge Sendhang marang
Rangga sing ora kedhep-kedhep namatne sesawangan asri ing sakiwa tengene
sendhang "sanadyan tebih saking padhusunan, nanging sok wonten ingkang
ndugeni papan punika".
"Oo, pantes, gisiking
Sendhang katon resik. Lha wong sing teka mrene kuwi mung arep ngenggar-enggar
ati apa duwe karep liyane?" Rangga takon.
"Inggih, Sendhang Teleng
punika kondhang wingitipun, resiking kawontenan boten awit dipun resiki
titiyang ingkang saba mriki, nanging awit perbawaning Sendhang piyambak. Cobi
ndika pirsani rak boten wonten ron utawi sanesipun ingkang nyebloki sendhang
lan sakupengipun, sadaya barang ingkang dhumawah badhe nisih. Punika awit
ingkang mbaureksa Sendhang punika ingkang ngersakaken. Titiyang ingkang ndugeni
sendhang punika kathah-kathah sami ngalap berkahipun mBah Jenggotarang, inggtih
ingkang mbaureksa sendhang Teleng punika" Wukir aweh katrangan ngenani
sendhang sing asri kuwi.
"O ngono?" wangsulane
Rangga sajak wis ngerti karo sing dicritakne Wukir.
"Lha mBah Jenggotarang kuwi
omahe ing sisih ngendi?" Marga genti sing takon "awake dhewe kudune
luwih dhisik kula nuwun neng daleme, merga arep leren ing papan sing dadi rereksane.Supaya
ora nuwuhake panyakrabawa ala marang awake dhewe. Rak ya ngono ta Kakang?"
Muni ngono kuwi Marga karo noleh
nyawang Rangga, njaluk tetimbangan.
"Iya bener kuwi Dhi"
wangsulane Rangga sing banjur mbaleni pitakone Marga mau marang Wukir lan
Kurantil "ayo Kang Wukir, aku tuduhna daleme mBah Jenggotaarang, tak kula
nuwun, ora kepenak atiku yen nganti diarani bocah nom sing ora weruh ing tatakrama.
Nek mBah Jenggotarang dhewe kira-kira ora apa-apa, nanging rewang utawa kulawargane
bisa rada ora kepenak marang awake dhewe".
Wukir lan Kurantil ngguyu, banjur
Kurantil omong alon-alon nanging cetha :
"Kula kaliyan Kang Wukir
niki, estunipun inggih dereng nate kepanggih kaliyan mBah Jenggotarang niku Ki.
Awit mBah Jenggotarang punika wujud badan alus, ingkang mapanipun ing wit Preh
niku. Criyosipun menawi wonten ingkang ngalap berkah ing mriki, saratipun caos
dhahar dhateng mBah Jenggotarang sarta mbesmi dupa ing ngandhaping wit preh.
Mangke menawi mBah Jenggotarang kepareng ngersakaken manggihi tiyang wau, mBah
Jenggotarang badhe ngetingalaken wujudipun".
"Dadi sing ngalap berkah
neng kene durung mesthi bisa weruh wujude mBah Jenggotarang?" Marga takon.
"Leres Ki Marga" Wukir
wangsulan "sok ngotena, liripun nadyan boten dipun panggihi boten ateges panyuwunipun
boten dipun kabulaken. Criyosipun ngakathah, kathah ingkang dereng sami nkepanggih
nanging nyatanipun panyuwunipun sami dipun kabulaken".
"Lha sing disuwunke marang
mBah Jenggotarang kuwi apa wae?" Rangga gtenti sing takon.
"Inggih gumantung ingkang
dipun betahaken punapa?" Wukir wangsulan "wonten ingkang nyuwun
supados anggenipun laku dagang saged laris, wonten ingkang nyuwun supados
anggenipun tetanen saged kathah wedalipun sarta dipun tebihaken saking ama, wonten
ingkang nyuwun enggal kaparingan momongan sasampunipun dangu nggenipun emah-emah
nanging dereng gadhah anak, wonten ingkang dipun caketaken jodhonipun, wonten
ingkang nyuwun supados tiyang estri ingkang dipun tresnani saged kepencut
dhateng piyambakipun, ugi wonten ingkang nyuwun kaparingan awet nom lan taksih
kathah malih".
"Lha Kang Wukir lan Kang
Kurantil tau nyuwun apa marang mBah Jenggotarang?" Marga takon karo mesem.
"Kula boten badhe nyuwun
utawi ngalap berkah mriki Ki" Kurantil wangsulan manteb.
"Lho kena apa?"
"Awit sinten ingkang ngalap
berkah ing mriki, benjing menawi sampun titiwancinipun pejah, alusipun kedah
netepi prajanjen, inggih punika kedah ndherek dados rewangipun mBah
Jenggotarang. Kamangka dhawuhipun Bapa Guru Ki Sukirna, sak apes-apesipun
tiyang punika ingkang benjang sasampunipun pejah boten saged wangsul dhateng
Gustinipun. Lan kula ajrih menawi ngantos awit dados rewangipun mBah
Jenggotarang ndadosaken kula boten saged
wangsul dhumateng Gusti" Kurantil nggenahne omonge.
"Sanaosa makaten Ki"
Wukir nambahi katrangane Kurantil "Bapa Guru Ki Sukirna ugi paring weling
dhumateng kula lan sadaya cantrik mentrik ing padhepokan Banyugurih, boten
dipun parengaken memada langkung-langkung ganggu damel dhateng sok sintena
ingkang remen ngalap berkah dhateng papan-papan wingit sarta nyenyuwun dhateng
ingkang mBaureksa papan kala wau. Bakenipun Bapa Guru namung dhawuh dhateng
Cantrik lan Mentrik supados namung nyenyuwun dhumateng Gusti ingkang yasa lan mbaureksa
jagad saisinipun punika".
Saking katreme anggone padha
rerembugan Wukir lan Kurantil padha ora ngerti, mung Rangga lan Marga sing
weruh, nanging ora dikandhakne, yen wong papat mau wis dikupengi wong wolulas sing
ana sacedhake sendhang. Tetuwane wong sing ngupengi kuwi wong papat kuwi
bisik-bisik karo salah sijine andhahane, ngrasani wong papat sing lagi katrem
jejagongan. Nadyan mung bisik-bisik sing kancane dhewe wae akeh sing ora
krungu, nanging Marga lan Rangga, bisa klawan cetha nangkep omongan
klesak-klesik kuwi.
"Genah kuwi wong-wong
Banyugurih ngono lho Trot?" sing dadi pangarepe wong-wong kuwi nakoni
andhahane.
"Sing kalih, pancen nggih
Lurahe" wangsulane sing ditakoni "nanging cobi ndika pirsani sing
kalih tasih nem-nem niku?".
"Iya-iya, mripatmu pancen
awas Trot, dedeg piyadege bocah loro kae pancen bisa gawe ngilere sing weruh,
pakulitane kuning ngemu giring, resik lan alus, kathik rupane ya bagus pisan,
aja samar kowe mengko mesthi nampa bebungah akeh dhewe, nanging ya nek wis
bocah loro kae klakon dikersakne Raden Sentani" sing diarani Lurahe dening
sing diceluk Trot kuwi wangsulan.
"Lha nek Gusti Raden Sentani
boten kepranan?" Sontrot takon.
"Kowe tetep oleh bebungah,
ora saka Raden Sentani nanging saka aku, nek Raden Sentani ora ngersakne, kuwi
jenenge rejeki kanggo aku? aku dhewe sing arep ngopeni hapsara loro kae" Lurahe
wangsulan karo cengar-cengir sajak seneng atine. Sontrot mesam-mesem melu
seneng, ing pikirane wis ketok bakal tampa redana sing ora sethithik, bisa
kanggo pista Tuak lan Arak ing warunge Badra Klentreng apese ana sepasar.
Lurahe banjur aweh sasmita marang
andhahane supaya waspada, wong kuwi banjur lon-lonan mlaku nyaketi papane sing
lagi padhya katrem jejagongan.
ana candhake. |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar