Total Tayangan Halaman

Jumat, 28 Mei 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (5)

 

Kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

5

Rangga lan Marga nerusake olehe ethok-ethok ora ngerti klawan tekane wong wolulas sing lelurahe mlaku nyaketi papane leren. Sinoman loro kuwi malah ngajak Wukir lan Kurantil ndelok lan ngomongne iwak-iwak sing padha slira-sliri saba ing sajroning sendhang sing bening kuwi. Ing Sendhang kuwi pancen akeh iwake, ora mung jinise wader lan iwak-iwak cilik sing ngaton ngambang, sanadyan iwak sing gedhe-gedhe jinising tambra lan gurameh uga kerep ngaton, nyabeg ing lumahing banyu sendhang. Ora mung Rangga lan Marga sing seneng nyawang asrining iwak sing padha saba, nadyan Wukir lan Kurantil uga kasengsem nyawang maneka iwak sing padha nglangi klawan ati mardika kuwi.

Lurahe wong sing ngupengi papan kuwi anggone mlaku wis cedhak karo papane wong papat sing lagi kasengsem nyawang iwak-iwak sendhang. Nanging ora ana sing migatekake, mula wong kuwi banjur omong banter takon semu rada nggetak :

"He, kok padha neng kene iki arep padha ngapa he?. Aja padha sembarangan, ngganggu ingon-ingone mBah Jenggotarang, nek nganti kesiku bisa mbilaeni.Ngerti?".

Wong papat sing mau padha nyawang iwak neng jero sendhang, kabeh bareng ndengngek, nyawang asale suwara. Bareng wis ngerti sapa sing takon karo nggetak kuwi. Wukir gage wangsulan :

"Boten kok Ki Lurah Sugali, kula namung ningali ulam-ulam niku kok, boten badhe ganggu damel".

"Ya wis, kowe rak wong Banyugurih ta? Wayah mene kok wis teka kene, arep menyang ngendi kowe?" Lurah Sugali takon maneh sajak ngemu sujana.

"Wau enjing, nyarengi kula dhateng pancuran, kula kalih Kang Wukir sumerep peksi kutut lan mireng suwantenipun sakalangkung sae. Peksi wau ketingale kok kuthuk sanget, mila lajeng badhe kula cepeng lan kula ingah, nanging saben kula tubruk kaliyan Kakang Wukir ajeg mleset, boten kenging, mabur radi tebih lajeng mandhap malih, makaten ngantos wongsal-wangsul, boten kraos anggen kula nguber plajenge peksi ngantos dumugi mriki, peksi ambyok lan ical ing sendhang punika. Lha Ki Sugali piyambak kok inggih sampun dumugi mriki? badhe tindak pundi?" Kurantil wangsulan lan dipungkasi genti takon.

Rangga lan Marga sing ngerti yen anggone wangsulan Kurantil kuwi dora, banjur duwe dudutan yen wong sing diarani Lurah Sugali kuwi dudu kancane Wukir lan Kurantil, lan nitik carane omong sarta slagane ketara yen wong kuwi seneng ngongasne panguwasa lan kekuwatane. Mula Rangga lan Marga ya ora ngucap apa-apa.

"Kok lancang temen ucapmu he?" dumadakan Lurah Sugali nggetak "wani-wanine kowe takon aku arep nyang endi? arep ngapa kowe? sasenengku aku arep nyang ngendi kuwi dudu perkaramu. Ngerti?".

"Nyuwun pangapunten Ki Lurah" Kurantil wangsulan njaluk pangapura, sajak wedi.

"Kowe kok ora blaka marang aku?" Sugali takon karo mlilik "mau kowe kandha nguber manuk mung karo sedulurmu sing jeneng Wukir kuwi, lha kok sing ana kene wong papat? Lha sing loro kuwi sapa?".

"Estu Ki Lurah, kula boten wani dora kaliyan ndika, sing disanjangne adhi kula Kurantil niku wau, leres. Nembe sareng dugi mriki, kula kepanggih piyantun kalih niki. Cobi nDika takeni piyambak" Wukir wangsulan, Wukir ngerti yen Rangga lan Marga kuwi dudu bocah nom lumrah, nanging nduweni kaluwihan sing pinunjul, banjur arep diadhepne karo Lurah Prajurit andhahane Raden Sentani sing seneng mara tangan milara wong sing dianggep luput marang dheweke kuwi.

Lurah Sugali genti nyawang marang Rangga lan Marga, banjuur takon nganggo basa sing luwih alus :

"O dadi sliramu bocah loro kuwi dudu bocah Banyugurih ya Gus?".

"Aku pancen dudu bocah Banyugurih Ki Lurah, nanging kepengin menyang Banyugurih" sing wangsulan Rangga karo mesem .

"Lha sliramu bocah ngendi Gus, sapa jenengmu lan ya gene kepengin menyang Banyugurih?" Sugali bali takon suwarane panggah sareh.

"Aku Rangga Ki Lurah lan iki adhiku Marga, aku bocah loro iki isih putune Simbah Jenggotarang kene, sing seje bapa biyung, aku karo adhiku kepengin menyang Banyugurih merga kepengin puruita, necep kawruh marang Ki Guru Sukirna" Rangga wangsulan.

Krungu wangsulane Rangga mangkono iku, wong sing jeneng Sugali kuwi njengkerutne bathuke, ketok nek ora seneng krungu rembuge bocah nom sing bagus rupane kuwi.

"He Bocah Bagus" Sugali bali omong nadyan ora kasar nanging suwarane ora alus kaya sadurunge "sliramu kuwi duwe rupa bagus, duwe slaga sing alus, nanging sethithik duwe cacad, yaiku sliramu kaya durung ngerti lagi rembugan karo sapa, ngertiya ya Gus sing kok ajak rembugan iki Lurah Prajurit Trah Majapahit piyandele Raden Sentani sing saiki kena diarani mangwasani Kademangan Jatipethuk. Dadi aja kok anggep wong lumrah utawa wong sepele sing kena kok ajak geguyonan sakarepmu dhewe. Aku takon sliramu kuwi bocah ngendi? wangsulana klawan sing sabenere".

Rangga ngguyu nyekakak krungu rembuge Sugali ngono kuwi, banjur bareng wis mandheg anggone ngguyu banjur aweh wangsulan :

"Sing gedhe pangapuramu Ki Lurah Prajurit Trah Majapahit, mesthine ndika ngerti nek kene iki wis ora kebawah Kademangan Jatipethuk sing jare ndika sajroning pangwasane sesembahan ndika Raden Sentani kuwi. Mula aku ya ora klebu kawula Jatipethuk, beda karo priyayi loro kuwi. Aku wis nyoba ngajeni marang ndika nganggo caraku, ndika takon wis tak wangsuli. Kuciwane wangsulanku ora padha karo sing ndika kersakne, kamangka sing duwe wangsulan kuwi aku dudu ndika, dadi nek wangsulan sing ndika butuhne kuwi kudu jumbuh lan kang ndika kersakne, ya aja takon nyang aku. Takona marang dhiri ndika dhewe. Wangsulanku ora owah, aku karo adhiku iki putune Simbah Jenggotarang sing nguwasani sakupenge sendhang Teleng kene, klebu sing ndika npidaki lan dinggo leren andhahan ndika cacah pitulas sing ndika prentah ngupengi Sendhang Teleng iki".

Satemene ora mung Sugali sing kaget krungu wangsulane Rangga sing terang trawaca ngono mau, nanging klebu Wukir lan Kurantil uga melu kaget. Kaget semu gumun, pranyata kajaba duwe panyawang sing luwih awas, nganti ngerti yen tekane Sugali ora ijen nanging ditutne andhahane cacah pitulas sing wis ngupengi Sendhang lan ngepung Rangga sakancane, Rangga uga wasis nganggit crita kanthi ngaku yen isih putune mBah Jenggotarang sing nadyan wong-wong akeh durung tau weruh wujude nanging padha percaya yen mBah Jenggotabang kuwi sing nguwasani Sendhang Teleng sakupengane. Nalika Kurantil nglirik Marga, Marga genti nglirik karo mesem.

Samono uga andhahane Sugali sing uga ngrungokne anggone Lurahe rembugan karo Rangga, uga padha kaget. Ana sing kaget merga nyumurupi ana bocah isih nom sing nadyan keker awake, nanging slagane alus, mratandhani durung pati akeh ngerti rasane wong kerengan, nanging wis wani rembugan klecon semu nyepelekne marang Lurah Sugali sing kondhang duwe sewu kaluwihan lan sekti mandraguna. Ana maneh sing kaget banjur kimbuhan rasa wedi, merga sithik akeh ana rasa percaya yen Rangga lan Marga kuwi temen-temen putune mBah Jenggotabang lelembut sing mbaureksa Sendhang.

 

ana candhake.


1 komentar:

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...