Total Tayangan Halaman

Sabtu, 29 Mei 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (6)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

6

Gandheng wis kadenangan yen tekane ora ijen, Lurah Sugali banjur ngawe andhahane supaya nyedhak kabeh. Sing diawe gage padha nyedhak kanthi sikep sing padha yaiku ngepung Rangga lan kanca-kancane. Lurah Sugali mlintir brengose sing ketel lan dawa, banjur karo suwara anteb kandha marang Rangga :

"Pancen sajake kowe ora gelem nguwongne aku ya Gus? Tujune wektu iki atiku lagi seneng, dadi ora bakal aku aweh pidana marang kowe. Nanging kowe aja banjur sakepenakmu, dina iki kowe bocah loro kudu manut tak gawa menyang Jatipethuk tak sowanake marang Raden Sentani.Ngerti?"

"Ki Lurah" dumadakan Marga nyauti rembug "omongan ndika kuwi thik kaya omongane wong mendem kecubung? Sing luput kuwi ndika sakanca ndika kabeh, ndika wis teka tanpa kula nuwun ing laladan panguwasane Simbahku, saiki malah arep nggawa putune lunga. Satemene ndika kuwi bisa mikir nganggo polo apa ora?".

"Eh, Bocah bagus, kowe yen ngomong aja mung angger muni ya?" Sugali wiwit panas krungu rembuge Marga sing ngarani dheweke kaya wong mendem "wiwit mau aku nyoba sabar lan tumindak alus marang kowe bocah loro sing embuh pinangkane, nanging sansaya suwe, sikepmu sansaya nrucak ora kena disanak. Tak elingne apik-apikan, nek kowe kena dak eman manuta, ayo bareng salakuku tak jak sowan ing ngarsane Raden Sentani. Aja kuwatir, ora-ora yen kowe nganti disiya-siya kaya lumrahe wong dadi bandan, malah kepara yen kowe manut, kowe bakal nemu kamukten, bakal diuja apa sing dadi karepmu".

"Lurah Sugali" Rangga nyaut rembug "sing nrucak kuwi kowe, dudu aku utawa adhiku. Saiki mumpung aku ya durung nesu, becik kowe sakkancamu enggal lunga saka papan kene, selak nyepet-nyepeti panduluku".

Sugali muntab sakala, nanging dheweke isih eling yen duwe karep marang bocah loro kuwi, mula banjur aweh sasmita marang rowange supaya maju lan ngringkus Rangga lan Marga. Ana wong wolu sing bareng maju arep nyekel lan ngringkus Rangga lan Marga, wong papat kejatah ngringkus bocah siji, ngebyuk bareng. Sugali dhewe banjur minggir rada ngadoh, nyawang saka kadohan, karo ngenteni bocah loro kuwi bengok-bengok sambat njaluk diluwari.

Nanging, sepira kagete Sugali lan wong liyane, sadurunge klakon bisa ngringkus Rangga lan Marga wong wolu sing maju bareng kuwi padha tiba glangsaran gulung koming ana lemah. Nadyan ora padha, Rangga lan Marga tumindak bareng. Rangga nggunakne sikile sing tengen disadhukne mengarep kena dhadhane salah siji wong sing arep ngrubut dheweke, sing ketiban sadhuk kontal limang jangkah banjur nggeblak klojotan neng lemah, disusul sikil kuwi mubeng cepet kaya kitiran nyapu wong telu liyane sing uga banjur padha rubuh neng lemah gulung koming polahe. Beda karo Marga, bocah kuwi milih nggunakne tangane, musuh sing teka, disaut banjuur disendhal tangane, tiba krungkeb banjur dicandak sikil loro-lorone, digeret mendhuwur, klawan entheng diangkat diobat-abitne kanggo nyampluk wong telu liyane sing uga padha mencelat rada adoh, klumah neng lemah, banjur sing dicekeli kuwi disawatne menyang sing padha klumah. Dadi ora nganti sapanginang, andhahane Sugali wis kalong wolu, sanadyan ora ana sing nganti mati, nanging wis padha kanji ora wani nyedhak maneh marang bocah loro sing dikira ora bisa apa-apa kuwi.

Andhahane Sugali liyane sing cacah sanga, bareng ngliga gamane dhewe-dhewe siaga ngrangsang marang Rangga lan Marga, kari nunggu prentah saka lurahe. Sugali dhewe ora kober aweh prentah, kesusu mencolot maju, nyedhaki Marga karo ngirimne kepelan sing meh sak klapa srumbatan gedhene, ngener ngarah wetenge Marga. Nanging Marga ora lagi turu, kepelane Sugali diniyati ora arep diendhani, nanging malah diedu karo sikute sing ditekuk, klawan sikil sing tetep kukuh kuda-kudane. Ngerti yen serangane ditangkis nganggo sikut, Sugali njola kaget, nanging wis ora bisa narik tangane kanggo ngendhani sikute Marga. Ana kekuwatan tempuk, antarane kepelan sing nanggor sikut. Sugali kontal memburi nganti pitung jangkah, banjur mandheg klawan sempoyongan. Marga uga kesurung mundur rong jangkah, kuda-kudane rada owah.

"Setan" bareng wis bisa nata adege, Sugali misuh, ndudut pedhang saka wrangkane, banjur prentah marang andhahane "ora usah dieman, gunakna gamanmu kanggo ngringkus setan loro kuwi, urip utawa mati".

Wong sanga sing nampa prentah kuwi banjur maju mengarep sing uga banjur dipapagne dening Rangga kang uga wis nyekel teken bongkotan pring kuning sing sajempolan sikil gedhene lima kilan dawane. Weruh andhahane wis wiwit maju, Sugali banjur nyedhaki Marga karo muter pedhange sing dawa tur gedhe. Neng tangane Sugali pedhang kuwi ketok entheng, kaya wilah sing dicekel bocah cilik, kanggo dolanan perang-perangan.

"Mengke rumiyin, tengga sekedhap Ki Lurah" dumadakan saka papane Wukir mbengok ngendheg Sugali sing sansaya cedhak karo Marga.

Sugali mandheg, banjur semaur santak, karo mripat murup abang angatirah : "Mengko giliranmu keri, yen bocah loro iki wis rampung, ngerti?"

"Boten perkawis niku" Wukir semaur ayem "nanging kula namung ajeng omong, yen kula boten tumut-tumut anggen ndika tukaran kaliyan Ki Rangga lan Ki Marga niku, dados mengke nek wonten dukane mBah Jenggotabang, kula boten tumut-tumut".

"Mingkem!!!" Sugali nggetak karo menthelengi Wukir. Nanging Wukir sajak ora ngrewes, malah banjur bengok-bengok karo noleh menyang prenahe wit Preh :

"mBah Jenggotabang, bumi kalih langit nekseni, kula boten tumut-tumut tiyang-tiyang niku kabeh, kula ajrih kalih panjenengan kula boten ajeng wani kalih putu ndika kalih niku".

"Wong edan" Sugali sansaya nesu, banjur mbengok "nek kowe ora gelekm mingkem, klakon tak kekrek cangkemu nganggo pedhangku iki mengko".

Nanging Wukir malah sansaya banter anggone mbengok : "Estu mBah, kula boten tumut-tumut".

Disauti karo pambengoke Kurantil sing uga padha : "Kula nggih boten tumut-tumut lho mBah Jenggotireng, kula kalih kakang kula dede kancane tiyang sing ajeng nukari putu panjenengan......".

Wong sanga andhahane Sugali sing wis maju klawan gamane dhewe-dhewe, bareng nyumurupi trekahe Wukir lan Kurantil sing mbengok-mbengok sajak keweden marang mBah Jenggotabang kuwi, dadi padha mikir lan ketularan rasa wedi. Wiwit percaya yen Rangga lan Marga kuwi tenane dudu manungsa, nanging bangsa alus, putune mBah Jenggotabang tenan, sing lagi memba-memba dadi manungsa. Mula banjur kandheg anggone padha maju, pedhang sing padha dicekeli padha ndhengkluk, luruh mangisor pucuke ngarah lemah, sing nyekeli padha ndhingkluk kanthi praupan pucet, ketok wedi. Olehe wong sanga kuwi padha percaya yen sing diadhepi jebul bangsa alus, merga wong-wong kuwi uga nitik tandange bocah nom loro sing nyata katon nggegirisi, kancane cacah wolu wis pating blasah neng lemah karo gereng-gereng merga kelaran. Malah wong-wong iku ya weruh Lelurahe sing selawase yen perang ora tau bisa dikalahne, dina iki nadyan durung kalah nanging wis katon bisa kontal mundur nganti adoh merga adu kekuwatan karo bocah sing durung ilang pupuk lempuyange. Kang mangkono mau wis bisa ndadekne wong sanga kuwi njupuk dudutan yen sing diadhepi dudu manungsa wantah.

Beda karo Sugali, ngerti Wukir lan Kuranti mbengok-mbengok nyebut jenenge mBah Jenggotabang, atine dadi mundhak kebranang, Marga ditinggalne, ngalih genti marani Wukir lan Kurantil. Pedhange diangkat dhuwur, banjur dibabatne ngarah githoke wong loro siswa Padhepokan Banyugurih kuwi.

ana candhake.

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...