kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
14
Dumuginipun utusan saking Jatipethuk ing Mataram angleresi wontenipun ontran-ontran ing Kadipaten Pajang. Nenggih pambalelanipun Arya Wirabumi ingkang suwaunipun Adipati ing Tuban, sareng Sultan Hadiwijaya seda nunten jumeneng ing Pajang boten purun nungkul dhateng Mataram, malah gadhah sedya badhe nelukaken Mataram asarana perang. Inggih awit wontenipun ontran-ontran ing Pajang punika, Kanjeng Patih Mandaraka paring dhawuh dhateng utusanipun Mancakaki Kademangan Jatipethuk makaten :
"Heh, sira utusane Para Mancakaki ing Kademangan Jatipethuk, layang sing kunjuk Kanjeng Panembahan Senapati wis diwaos lan wis kauningan apa sing dadi isine. Saiki sira sakloron, dikeparengake bali menyang Jatipethuk, layang iki aturna marang para Mancakaki ing kana. Aturna yen Kanjeng Senapati rumangsa melu nandhang sungkawa awit sedane Ki Demang Sudiya, kaping pindho magepokan karo sapa sing kudu gumanti dadi Demang, lan kapan dikepyakake kabehy wis tinulis sajroning layang sing sira gawa kuwi. Wis saiki diage padha baliya mung wae naja padha nyuda ing kaprayitnan".
"Terang dhawuhipun Rekyana Patih, samangke keparenga abdi kekalih wangsul dhateng Jatipethuk" utusan kekalih saking Jatipethuk punika lajeng sami pamitan badhe wangsul.
Boten kacariyosaken reroncening lampah, utusan kekalih sampun dumugi ing Jatipethuk malih lan ugi sampun kepanggih kaliyan Ki Suyudi nenggih tetuwaning para mancakaki ing Jatipethuk. Ing dalunipun para Mancakaki wangsul kaklempakaken malih, ugi ngaturi Ki Sukirdi miwah Ki Guru Sukirna, kaajak sareng-sareng mbikak lan maos isining Serat ingkang kakintun dening Ki Patih Mandaraka ing Mataram. Sasampunipun mlempak sadaya, Ki Suyudi nunten nedha tulung dhateng Ki Sukirdi supados maosaken isining serat kanthi suwanten ingkang banter lan cetha murih saged kapireng sadaya ingkang sami rawuh
"Kadhawuhake Ing Mataram" Ki Sukirdi wiwit maosaken isining nawala " Ingsun Mandaraka Pepatih Dalem Nagari Ing Mataram, ambacutake dhawuh timbalaning Sang Mulyaningrat Kanjeng Panembahan Senapati Ing Alaga Ngabdul Rahaman Sayidin Panatagama Kalipatullah Kang Jumeneng Ing Nagari Mataram, marang Mancakaki ing Kademangan Jatipethuk. Dhawuh kapisan : Kanggo ngukuhake sapa sing kudu madeg dadi Demang ing Jatipethuk isih ana sajroning panggalihan lan panlitening para winasis ing Kutha Gedhe Mataram. Dhawuh Kapindho : Marentahake supaya Demang Wakil lan Para Mancakaki makarya kanthi sabecik-becike adhedhasar paugeran kang ana, kongsi ana dhawuh maneh saka Jroning Puri Kadhaton Mataram".
Ki Sukirdi kendel anggenipun maos nawala kekancingan saking Patih Mandaraka kala wau.
"Punapa sampun telas ukara ingkang sinerat ing nawala punika Ki Sukirdi?" Ki Suyudi pitaken dhateng Ki Sukirdi.
"Sampun Ki" Ki Sukirdi wangsulan alon.
"Manawi makaten saged dipun biwarakaken bilih Ki Sukirdi tetep jejer minangka Demang Wakil ingkang wewenang saha kuwajibanipun kados kacethakaken ing salebeting Paugeran Kademangan, dene Ki Guru Sukirna inggih panggah minangka Mancakaki ingkang angawat-awati lampahing parentah ing kademangan Jatipethuk, saha minangka salah satunggaling paraga ingkang kedah kaajak rembagan menawi Ki Demang Wakil kapeksa badhe damel putusan".
Sadaya ingkang sami rawuh nunten sami wangsul ing griyanipun piyambak-piyambak. Ki Guru Sukirna ugi nunten wangsul dhateng Padhepokan Banyugurih.
Watawis setunggal wulan saking lumampahing parentah ing Jatipethuk mawi lelandhesan serat kekancingan ingkang katapastanan dening Ki Patih Mandaraka, Ki Sukirdi ndhatengi Padhepokan Banyugurih. Inggih wiwit Padhepokan punika madeg ngantos dumugi sapriki, nembe punika Ki Sukirdi lumawat ing Banyugurih. Mila dening Ki Guru Sukirna inggih dipun panggihi kanthi sae, punapa malih Ki Guru Sukirna angemuti bilih kajawi Ki Sukirdi punika taksih rayinipun piyambak, Ki Sukirdi inggih jejer minangka Demang Wakil ing Kademangan Jatipethuk ingkang laladanipun ugi nyakup laladan sakupengipun Padhepokan Banyugurih.
"Njanur gunung kadhingaren si Adhi teka ing Padhepokan" pambagenipun Ki Guru Sukirna dhateng Ki Sukirdi ing Pendhapa Padhepokan "iki mau mampir saka lelungan, mertinjo kawarasaning pun kakang, apa ana perlu liya Dhi?".
"Inggih kangmas" wangsulanipun Ki Sukirdi "mila kula niyati saking griya, kula badhe sowan Kangmas ing Padhepokan mriki. Dene wigatosing lampah, kajawi kepengin sumerep kasugenganipun kangmas, waleh-waleh punapa kepengin matur sakedhik saha ngaturi kabar ingkangt radi sae dhateng Kangmas".
"Sokur ta Dhi, yen ngono" tumanggapipun Ki Guru Sukirna kanthi sabar lan sareh "gek si adhi arep kandha bab apa? banjur kabar kabar becik iku kabar bab apa?".
"Atur kula magepokan kaliyan jejeripun Kangmas saha kula ing Kademangan Jatipethuk ingkang taksih ngambang punika, kula raosaken saya dangu kok sansaya boten sekeca, samangke sampun setunggal wulan langkung, nanging kabar saking Mataram panggah boten wonten. Punapa punika boten ateges Mataram sampun nglirwakaken kuwajiban minangka pangayomaning kawula ing Kademangan kangmas?" Ki Sukirdi nelakaken raos cuwaning manah dhateng Mataram.
"Mengko dhisik Dhi" Ki Guru Sukirna nanggapi atur cuwanipun ingkang rayi "ing babagan iki panemune si adhi lan panemuku katone rada beda, sanadyan aku ora ngarani yen panemuku mesthi benere lan panemune si adhi mesthi lupute, utawa kosok baline".
"Bentenipun wonten pundi Kangmas?" Ki Sukirdi pitaken, semu boten sekeca.
"Panemuku ing bab iki Mataram babar pisan ora luput" Ki Guru Sukirna njlentrehaken pamanggihipun "awit wiwit biyen tekan saiki, pangrengkuhe Mataram marang Jatipethuk ora beda karo pangrengkuhe marang laladan liya. Lakuning paprentahan ing Kademangan Jatipethuk uga wis ana paugerane dhewe, sarta Mataram ora bisa ngowahi paugeran kang ana kuwi mau. Dene perkara durung ditetetepake anane Demang minangka gantine Bapa Demang sing wus suwargi iki, pancen wis dadi wewenange Mataram. Lha kapan wektune kuwi ya mesthi dijumbuhake karo kahananing praja, sing ngerti kahanane praja kuwi ya mung wong Mataram. Awake dhewe ora ngerti merga awake dhewe adoh saka Kutha Gedhe, lan ora melu ngurusi ubeng ingere praja. Dadi mungguhku ora ana lekas tumrap Mataram arep nglirwakake kuwajiban marang kawula, mligine kawula ing Jatipethuk, jalaran kahanane kawula Jatipethuk ya ayem tentrem wae".
"Makaten inggih Kangmas?" Ki Sukirdi ketawis boten saged nginggahi pamanggihipun Ki Guru Sukirna.
"Iya kuwi panemuku lho? bisa bener lan bisa uga luput" wangsulanipun Ki Guru Sukirna ayem.
"Inggih Kangmas, kula saged nampi pamanggihipun Kangmas ingkang makaten kala wau" Ki Sukirdi wicanten malih "nanging punika wonten kabar sae, tumrap Kademangan Jatipethuk. Punika ingkang badhe kula suwunaken pirsa menggah pamanggihipun kangmas Sukirna".
"Kabar becik kepriye Dhi?" Ki Guru Sukirna pitaken .
"Sampun sepeken punika Kang Mas Sentani kundur ing Jatipethuk Kangmas" Ki Sukirdi wangsulan.
"Adhi Sentani wis bali? sokur, sokur" Ki Guru Sukirna ketingal remen manahipun tampi wartos sedherekipun pupon sampun wangsul.
"Nanging Kangmas Sentani samangke sampun benten tebih kaliyan Kangmas Sentani saderengipun kesah Kangmas" Ki Sukirdi suka katrangan menggah kawontenanipun Sentani.
"Beda sing kepiye Dhi? Apa mundhak njenthara? mundhak luwih diwasa? apa mundhak apane?".
"Pranyata kesahipun Kang Mas Sentani punika boten kesah tanpa tujuwan, nanging kesahipun Kang Mas Sentani punika madosi tiyang sepuh ingkang ngukir jiwa lan raganipun. Ugi sampun kepanggih, lha punika ingkang ndadosaken bentenipun Kang Mas Sentani kaliyan jaman saderengipun kamangertosan sinten tiyang sepuhipun ingkang satuhu" Ki Sukirdi wangsulan kanthi nglajengaken anggenipun cariyos.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar