kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
15
Ki Guru Sukirna mendel ngentosi anggenipun nglajengaken anggenipun Ki Sukirdi cariyos, boten dangu Ki Sukirdi wicanten malih :
"Murih cethanipun bab bentening Kangmas Sentani siyen kaliyan sakniki, dhateng Kang Mas Sukirna badhe kula tirokaken anggenipun criyos Kang Mas Sentani dhateng kula, sawetahipun ingkang kados makaten punika :"
Lara, gela, cuwa, nelangsa campur dadi siji ngubek-ubek atiku sing peteng, nalika Bapa Demang ndhawuhake sapa sejatining awakku. Aku ora ngira babar pisan yen aku iki jebul anak sing ditemu neng pinggir prapatan. Bocah sing ora genah sapa wong tuwane. Bapa biyung Sudiya sing sasuwene iki tak anggep wong tuwaku dhewe, jebul wong liya braya, sing ora ana sambung getih karo aku.
Lungaku saka Jatipethuk wektu kuwi, ora merga aku kaneson karo Bapa Demang. Nanging lungaku sangu rasa gething lan sengit marang wong tuwaku sing sejati, sing wis mbuwang aku neng pinggir dalan prapatan. Sing kegambar ing angen-angenku wektu kuwi, upama ana dhedhemit sing paling lethek bebudene, tak kira ya dhedhemit kuwi sing wis nglahirake aku ana donya iki. Wani nglakoni seneng luwih dhisik, bareng wohing seneng jumedhul, malah disiya-siya, dibuwang kanggo nutupi tilasing pakartine sing nalisir saka bebener. mBuh sapa sing dadi Bapakku lan mbuh sapa sing dadi biyungku, sing cetha menungsa sajodho kuwi genah yen menungsa sing ora pantes urip neng jagad sing gumelar iki, ora pantes sinebut manungsa.
Tekading atiku wektu kuwi, aku kudu bisa nemokne wong sing nganakake aku. Bakal tak wales lara wirangku. Nek perlu bakal tak jejuwing kuwandhane, tak nggo keset sirahe. Merga mung kuwi piwales sing cocog kanggo wong tuwa sing pakartine luwih ina tinimbang pakartine iblis. Pirang-pirang dina aku mlaku, rina lan wengi ora nganggo leren. Tekadku luwih becik mati tinimbang urip nanging tanpa aji ngene iki.
Nalika lakuku tekan alas sing sansaya ketel lan rungkut, dumadakan aku katempuh ing udan angin sing ora karuwan deres lan bantere. Udan angin sing wor lan bledheg sesautan sing kaya-kaya arep ngendheg lakuku, arep nglebur kuwandhaku. Nanging ora niyat sajroning atiku kanggo mandheg. Dumadakan aku weruh cumlereting kilat nyamber sirahku sing ndadekne aku mencelat tiba klumah neng lemah. Remuk rasane sakujuring awakku. Aku kepengin tangi, nanging tansah bali tiba.
"Mulane ta Gus nek lagi ana udan angin kuwi leren, aja nerusne nggone mlaku, luwih-luwih nek ana bledheg sesautan ngene iki" dumadakan ora weruh sangkane nalika rasane awakku lara kabeh lan ora bisa tangi saka nggonku tiba klumah, ana tangan sing rosa, ngangkat awakku digawa mlayu saka papan kono kuwi mau. Saka panyawangku sing ngangkat awakku iku mung wujud wewayangan ngregemeng gedhe lan dhuwur ora cetha mungguh wujude.
Dening wong sing nulungi aku kuwi aku digawa mlebu sawijining omah sing gedhe lan katon mengku wibawa. Aku diglethakne neng amben, banjur ing panggonan awakku sing lara lan tatu merga kabentus ing lemah, diusap-usap nganggo tangane. Aneh sakehing tatuku padha ilang, lan rasa laraku dadi ora krasa lara maneh. Banjur aku dilungguhne lan diwenehi banyu sing rupane abang kaya getih diwadhahi cangkir bathok klapa gadhing sing rupane ireng.
"Iki sing diarani tirta langgeng, wis sinimpen sangang ewu tahun lawase ing Kahyangan Dhasarbumi" kandhane wong mau karo ngulungne banyu rupa abang ana cangkir bathok kuwi "ombenen dimen tenagamu pulih lan sakehing lelara sing mapan ing ragamu enggal sirna".
Cangkir tak tampani banjur banyune tak suntak ana jero cangkemku nganti entek gusis tanpa nisa satetes-tetesa. Aneh, let sakedheping netra, bubar nenggak banyu abang sing jare jeneng Tirta langgeng kuwi, awakku krasa anget, seger panyawangku dadi padhang, temah aku weruh sapa paraga sing wis aweh pitulungan marang aku kuwi. Wujude gedhe dhuwur, nganggo jubah warna ireng rinengga sulaman kuning lan abang, nganggo kalung mutiara rupa putih, ing sirahe temangsang makutha saka slaka rupa biru, tinaretes inten lan barleyan maneka warna.
"Piye Ngger Sentani, apa wis krasa kepenak rasane awakmu?" dumadakan wong kuwi nakokne rasane awakku klawan suwara sing adhem kepenak dirungokne neng kuping.
"Ngaturaken gunging panuwun Ki" wangsulanku karo aweh kurmat "awit pitulungan andika Kaki, kula sampun pulih malah kepara langkung seger saha langkung sae katimbang saderengipun"
Kaki-kaki sing umure kira-kira seket tahunan kuwi ngguyu, banjur kandha :
"Ya mesthi wae, kowe lagi wae ngombe Tirta Langgeng, kuwi tirone Tirta Amerta sing tau diunjuk para Dewa ing Kahyangan. Dene daya kekuwatane bisa ngilangne sakehing lelara kang cumondhok ing ragamu, sarta ndadekne kowe kalis saka ing pati".
"Ngaturaken genging Panuwun Kaki" sepira senenging atiku krungu ngendikane Kaki-kaki mau, mula aku banjuur matur "Menawi keparengaken sumerep, Kaki punika sinten? lan kula punika samangke dhateng pundi?".
Kaki-kaki kuwi banjur ngendika :
"Ya aku iki sing diarani Ki Nagaburik, lan saiki kowe lagi ana papan panggonanku sing diarani Guwa Grojogan Jambe Telu".
"Sewu ngaturaken gunging panuwun Ki Nagaburik, ingkang sampun paring pitulungan dhateng kula, temah kula boten siyos pejah kasamber kilating bledheg, saha awit paringipun nugraha Toya Langgeng ingkang sampun mlebet ing raga kula, temah sirna sakathahing sesakit sarta ndadosaken kula saged kalis saking pejah. Samangke kalilanana kula badhe nglajengaken lampah".
Krungu yen aku pamitan arep nerusne laku, Ki Nagaburik gumuyu ngakak, suwarane keprungu aneh, sing bisa ndadekne aku kasengsem awit suwara guyu kuwi krasa kepenak dirungokne sing angel digambarne nganggo ukara lumrah.
"Mengko dhisik lan aja kesusu ngger Sentani" Ki Nagaburik ngendika ing sela-selane guyune, "aja grusa-grusu mung nuruti suwara panjaluke ati sing lagi nesu. Yen kowe budhal saiki, kowe ora bakal weruh sapa sejatine sing ngukir jiwa ragamu, sapa sing nyelehne ragamu nalika isih wujud bayi abang ing prapatan Kademangan Jatipethuk, lan sapa sejatine Ki Sudiya sing tau kok kira yen iku wong tuwamu lan isih akeh maneh perkara-perkara sing durung kok ngerteni sing kudune kok ngerteni".
Krungu ngendikane Ki Nagaburik mangkono iku, aku banjur nggagas, yen sasuwene iki aku kinungkung ing rasa ora weruh nanging wis rumangsa weruh. Kabeh sing didhawuhne Ki Nagaburik kuwi ndadekne aku kepengin ngawruhi apa-apa sing nganti saiki durung tak weruhi. Mula aku banjur mung bisa meneng, ora bisa nata ukara kanggo mangsuli dhawuh lan pangandikane Ki Nagaburik sing nyata-nyata migatekne marang kahanan lahir lan batinku.
Sajroning aku meneng lan tumungkul nyawang jogan sawantara suwene, bareng aku ndengengek aku weruh ing sisihe Ki Nagaburik wis ana bocah wadon, remaja putri sing liringing mripate wis gawe kumesaring atiku lan nalika mesem, katon untune sing gumebyar nuwuhake rasa kasengsem. Cingak semu gawok rasaning atiku, lagi iki aku weruh wanita sing ayu tanpa cacat babar pisan. Sarandhuning salira sarta peranganing raga ora ana sing ora nuwuhake rasa sengsem lamun disawang. mBuh sepira suwene nggonku ngulati tanpa nganggo kedhep babar pisan marang wanita sing ana sisihe Ki Nagaburik sing wektu iku uga lagi nibakne panyawange marang aku.
Ana Candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar