SENDHANG
MUSTIKANING WARIH III
kacariyosaken malih
dening : Rust Luh Getih
16
Katone wanita ayu kuwi duwe rasa sing kaya tak rasakne, rasa kepencuting pria marang wanita lan suwalike. Ki Nagaburik sajake uga luwih pana marang lepasing rasa ing antarane aku lan wanita kuwi. Mula karo mesem Ki Nagaburik banjur paring dhawuh :
"Ngger Sentani, sumurupa, bocah wadon iki ora liya anakku dhewe, ya anakku siji-sijine. Anak sing bakal marisi kalungguhanku samangsa-mangsa aku ngersakne lengser saka palungguhanku minangka rajaning Lelembut jinis ula sing mangayom marang Guwa Jambe Telu kene. Uga perlu kok sumurupi, putraku putri sing sesilih Naga Dewi Maharani iki durung kawengku ing kakung, isih kenya. Kamangka, aku ya sumurup yen sliramu Angger Sentani durung tau pala krama. Mula dina iki uga manawa Sentani ora kabotan sarta Naga Dewi uga nayogyani, sliramu wong loro bakal tak jodhokake dina iki uga. Kepiye panemumu Sentani lan sira Naga Dewi?".
Gandheng aku temen-temen wis kepencut marang wanita putrane Ki Nagaburik iki, mula rindhik asu digitik aku banjur wangsulan :
"Ngaturaken
saleksa genging panuwun awit kamirahanipun Kanjeng Rama Nagaburik, ingkang
sampun kepareng anjodhokaken kula kaliyan
Nimas Ayu Naga Dewi.Boten
langkung kula Sentani namung ngaturaken sendika ngestokaken dhawuh".
"Mangkono uga aku Bapa, kanthi
senenging atiku jodho peparinge Bapa sing wujud Kangmas Sentani, tak tampa
kanthi gembira".
Ing dina iku uga, aku karo Nagadewi
dijodhokake dening Rama Ki Nagaburik. Dina esuke lagi dianakake upaca gedhen-gedhenan
kanggo mahargya anggonku dadi manten. Ki Nagaburik nglumpukne para nayaka,
punggawa lan kawula ing Guwa Jambe Telu sing cacahe mahewu-ewu. Kabeh diajak
pista raja, sesukan sakatoge.
Dhasare aku ya banget tresna marang
sisihanku Nagadewi, samono uga Nagadewi uga banget tresnane marang aku, mula
ora jeneng mokal yen
saben dina ora ana gaweyan liya sing tak lakoni wong loro kajaba mung tansah
ulah asmara, lelumban ing samodraning tresna. Nganti meh wae aku lali karo
tujuwanku sakawit nalika lunga ninggalne Kademangan Jatipethuk. Tujune Ki
Nagaburik, ya Rama Marasepuhku ora nglalekake apa sing tau didhawuhake marang
aku.
Anuju sawijing dina Ki Nagaburik
kepareng rawuh ing taman sari papan anggonku sih-sinisihan karo Yayi Nagadewi.
Klawan rasa seneng lan kebak rasa panuwun, aku karo sisihanku nemoni Rama
Nagaburik ing taman kono.
"Angger Sentani lan kowe
Nagadewi putraku" ngendikane Ki Nagaburik sawuse aku rampung ngaturake
bekti "pun Bapa ngrasakne mulya sajroning urip iki, awit ora ana kamulyan
tumraping wong tuwa sing ngluwihi senenging ati sumurup anak-anake padha seneng
lan ngrasakne mulya sajroning uripe".
"Iya Bapa" wangsulene
sisihanku marang bapake "atiku ya krasa luwih seneng maneh bareng Bapa
ndhawuhake sing kaya mangkono kuwi, Bapa".
"Iya Ngger, nanging padha
sumurupa ya ngger, jroning suka aja banjur padha lali marang kuwajiban sing
durung rampung ditindakake" Rama Nagaburik nerusne ngendikane
"Sentani Ngger, apa sliramu isih eling apa sing dadi dhawuhku nalika
sliramu pamit arep nerusne laku banjur tak penging kae?".
"Inggih Rama, kula
kemutan" wangsulanku semu rada isin.
"Apa wae, coba?" Ki Nagaburik nyoba
pangeling-elingku.
"Sepisan kula dereng sumerep
sinten tiyang ingkang ngukir jiwa raga
kula, kaping kalih kula dereng mangertos sinten ingkang mbucal kula nalikanipun
kula taksih wujud bayi abang ing Margi Catur Kademangan Jatipethuk, kula ugi
dereng sumurup sinten sejatosipun Ki Demang Sudiya ingkang sadanguning gesang
kula punika kula kinten tiyang sepuh kula piyambak" aku wangsulan.
"Bagus" Ki Nagtaburik
ngendikia karo ngguyu "Kowe ora lali marang apa sing wis tak kandhakake.
Saiki apa sliramu isih kepengin ngerti apa-apa sing durung kok weruhi
kuwi?, apa ora?".
"Mesthi kemawon anggen kula kepengin sumerep sedaya kala wau boten badhe ical saderengipun kula mangertosi saleres-leresipun Rama" aturku jumbuh lan suwara sing ana dhasaring atiku.
"Yeng mangkono rungokna critaku iki, lan kowe Nagadewi uga meluwa ngrungokne ben ngerti critane" Ki Nagaburik prentah supaya aku lan sisihanku ngrungokne critane kang magepokan karo bab-bab sing kepengin tak ngerteni mau.
"Satemene Ki Sudiya kuwi isih ana urut-urutane trah karo Negara Majapahit. Awit simbahe Sudiya sing jeneng Kumala ya Raden Kumala, kuwi isih putra Sri Brawijaya Pamungkas ya Sang Girindrawardana. Nalika Majapahit bedhah dening wayahe Brawijaya Kalima yaiku Si Adipati Yunus utawa Pangeran Sabrang Lor sing mangun pasekuthon karo Anake Pangeran Handayaningrat ing Pengging kang jeneng Ki Kebo Kanigara. Raden Kumala lolos saka Praja didherekne abdi-abdine sing ora akeh cacahe. Bareng lakune wis rada adoh ninggalne Majapahit, Raden Kumala leren nggone mlaku. Banjur wiwit nedya mandheg nggone lelana kanthi yasa padhukuhan, padhukuhan iku diarani Padhukuhan Jatipethuk.
Sawuse Raden Kumala seda, aggone ndandani Padhukuhan sing mundak jembar kuwi diterusake dening putrane sing jeneng Sudima. Nadyan wektu kuwi Jatipethuk wis jembar lan wargane wis akeh, ing kiwa tengene uga ana padhukuhan sing awit idine Ki Sudima bisa dadi padhukuhan. Nanging Jatipethuk durung genah jejer utawa sebutane. Lagi bareng Adipati Yunus Sultan Demak Kapindho seda banjur ditutugne Sultan kaping telu yaiku Sultan Trenggana, Jatipethuk karawuhan punggawa Kasultanan sing nemoni sarta nanting Ki Sudima, gelem nyawiji lan ngakoni yen laladan kono kuwi perangan saka Bumi Demak Bintara apa ora. Gandheng Ki Sudima rumangsa durung duwe kekuwatan, iya banjur manut milih nyawiji lan ngakoni yen Jatipethuk lan padhukuhan sakiwa tengene kuwi perangan sing ora bisa pisah karo Kasultanan Demak. Dening Sultan Trenggana Ki Sudima didadekne wong kaparcayane Kasultanan Demak kanggo nata Jatipethuk sakiwa tengene supaya tetep dadi perangane Kasultanan Demak.
Satemene Sudima kuwi duwe sedulur lanang siji sing jenenge Ki Sutambar, sing wektu kuwi isih meguru bebarengan karo aku ing Sukuning Gunung Lawu iring lor wetan, yaiku ing padhepokan Jenggrik, sing dipangarsani dening Ki Nagabiru ya Ki Ageng Jenggrik. Beda karo lekase sedulure tuwa, Sutambar anggone kepengin bali ngedegne Kraton Agung Majapahit ora tau sirep. Saben dina tansah nambah kekuwatan lan ngudi ing reh tosing balung wuleting kulit, sarta tansah mangun sesambungan karo Trah Majapahit, mligine trah Brawijaya Pamungkas, kanggo nata kekuwatan kanggo males ukum menyang Demak Bintara. Bareng Ki Sutambar ngerti yen Ki Sudima gelem ngakoni yen Jatipethuk padhukuhan sing dibabat lan diwangun dening Raden Kumala kuwi perangan saka Kasultanan Demak, dadi gela lan cuwa karang sedulure tuwa.
"Kakang Sudima ya gene mung merga oleh pangkat minangka kaparcayane Wong Demak kanggo njaga supaya Jatipethuk ora ucul saka Demak, banjur Kakang nglalekne lakon sengsarane Kanjeng Eyang Girindrawardana sing gugur ing madyaning palagan awit aji Sasrabirawane Kebo Kanigara putune Brawijaya lima kuwi? Apa lara wirange Kanjeng Rama Raden Kumala sing keplayu saka Majapahit lan kedharang-dharang nganti tekan kene iki ora ana ajine babar pisan?, malah Kakang Sudima gelem ngakoni wohing rekasane Kanjeng Rama sing wujud padhukuhan ing Jatipethuk iki minangka perangane Demak sing diratoni dening wong-wong sing wis gawe sedane Kanjeng Eyang lan rekasane Kanjeng Rama. Ing ngendi dununge jiwa kamanungsanmu Kakang? ing ngendi dununge jiwa kasatriyanmu minangka Trah Majapahit?" akeh-akeh Ki Sutambar ngundamana marang sedulure tuwa, karo praupan sing abang mangar-mangar saking nesune.
Ki Sudima ora ngluputake apa sing dikandhakne sedulure lanang kuwi. Nanging, Ki Sudima duwe pawadan ya gene dheweke nganti nglakoni tumindak sing miturut pamawase Ki Sutambar tumindak sing banget nisthane kuwi.
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar