kacariyosaken malih
dening : Rust Luh Getih
18
Oleh telung sasi etungane manungsa, Sulastri lan Kudana cumondhok ing Kedhunggasrong, Sulastri krasa yen wiwit nggarbini. Kudana lan Sulastri seneng banget, wong loro kuwi uga nggambarake wong tuwane sing ana ing Jatipethuk mesthi melu seneng sing ora karuwan lamun ngerti Sulastri wis ngandhut. Sulastri kepengin nuduhake kandhutane marang wong tuwane, sing anggone kepengin bisa ngudang putu nganti kaya wong nyidham cempaluk . Mula Sulastri banjur ngajak sisihane matur marang Raden Bintulu yen arep bali menyang Jatipethuk. Nanging sepira kagete, Kudana luwih-luwih Sulastri bareng krungu wangsulane Raden Bintulu nalika anake lanang kuwi pamitan arep bali menyang omahe maratuwane.
"Ngene lho Ngger" Raden Bintulu ngabari mungguh kahanane Ki Sutambar wektu kuwi "padha sumurupa satemene Bapakmu ya Ki Sutambar wektu iki wis ora mapan ing Jatipethuk maneh, nanging wis manggon neng Padhepokan Jenggrik kumpul karo Kyai Nagabiru sing mapane ana alam kajiman. Kahanane Sutambar saiki wis padha karo kahanane Bapakmu iki, yaiku urip neng alam antara wujude rupa prayangan. Yen kowe kepengin ketemu karo Bapakmu Ki Sutambar, kowe njujuga ing Padhepokan Jenggrik. Murih gangsare laku bakal tak bukak dalan sing bisa kok lakoni kanthi lan kowe bakal tak gawani sumping kanthil kuning, mengko yen lakumu wis tekan regoling Padhepokan Jenggrik, tuduhna marang sing njaga regol. Mangka kowe ora bakal kangelan mlebu Padhepokan ketemu karo Ki Nagabiru. Nanging yen kowe ora nggawa sumping kanthil kuning iki, nglengkara kowe bisa mlebu Padhepokan kuwi, jeneh kowe wong loro isih abadan wadhag kaya saiki iki".
"Dados Bapa Sutambar samangke sampun seda Rama?" Sulastri takon karo nangis.
"Ora, malah Bapakmu saiki wis kalis saka pati Ngger" wangsulane Raden Bintulu "saiki Bapakmu wis kumpul karo Gurune ing jaman langgeng, ngayahi wajib dadi senapati ing Padhepokan Jenggrik, mung wae wujude wis dadi alus yaiku rupa perayangan. Wis saiki nek kowe kepengin pethuk, bakal tak bukak dalan sing anjog menyang Padhepokan Jenggrik lan aja pawelingku tuduhna Sumping Kanthil Kuning iki marang Cantrik sing jaga regol".
Raden Bintulu banjur nuding marang kori butulan, sanalika Kudana lan Sulastri weruh ana dalan sing kudu diliwati sing bakal anjog ing gapurane Regol Padhepokan Jenggrik. Kudana lan Sulastri nuli mlaku nurut dalan kuwi. Ora nganti sapanginang wis tekan panggonan sing dituju.
Ki Sutambar banget seneng ngerteni yen anake wadon wis ngandhut lan arep bali menyang Jatipethuk.Nalika kabar sing nyenengake atine kuwi diaturne marang Ki Nagabiru, Ki Nagabiru uga melu seneng. Sadurunge Kudana lan Sulastri bali, dening Ki Ageng Jenggrik ya Kyai Nagabiru dititipi aji jaya kawijayan supaya mengkone yen jabang bayi sing dikandhut Sulastri wis lahir diparingake kanggo sipat kandele Si Jabang Bayi. Kajaba saka iku Kudana lan Sulastri dituturi akeh-akeh magepokan karo Jabang Bayi sing isih ana Kandhutan kuwi.
"Kowe kudu ngerti Kudana lan Sulastri" pituture Ki Nagabiru marang Kudana lan sisihane "Jabang Bayi sing dikandhut Sulastri kuwi wis nampa pangestu saka Raden Bintulu ing mbesuke kudu bisa dadi pangarepe wong-wong ing Jatipethuk kanggo ngrebut wahyuning kraton Majapahit saka tangane anak putune Sri Brawijaya Kalima. Mung wae kowe kudu ngerti, ing tembe ana pepalang sing abot tumrap Jabang Bayi sing isih kok kandhut iki anggone arep ngayahi wajib, yaiku yen ing Jatipethuk nganti kadunungan manungsa sing wis ninggalne kapracayan sing dirasuk leluhure salin ngrasuk kapracayan saka negara manca. Mula murih kasembadaning sedya, jaganen Jatipethuk aja nganti kanggonan wong sing kaya mangkono iku".
"Sadaya dhawuhipun Kanjeng Eyang Nagabiru badhe kula estokaken" wangsulane Kudana lan Sulastri meh bebarengan.
"Kajaba saka kuwi Kudana" Ki Sutambar uga nambahi rembug "kowe kudu eling, biyen sing bisa njongkeng kawibawan lan nyedani Kanjeng Eyang Sri Brawijaya Pamungkas kuwi ora ana liya manungsa sing wis ninggalne kapracayaning leluhure lan ngalih ngrasuk agama saka manca negara, kaya sing didhawuhne eyangmu Ki Nagabiru mau, mula kowe kudu mentala marang wong-wong sing mangkono iku mau".
"Sendika ngestokaken dhawuh" wangsulane Raden Kudana.
"Wis saiki diage budhala bali menyang Jatipethuk" Ki Nagabiru aweh prentah "aja kaget, kandhutane Sulastri bakal tak gege, sajroning telung dina bakal lahir ing jagat padhang, murih enggal bisa nindakne wajibe".
Kudana lan Sulastri wis metu saka alam prayangan lan bali ing alaming kawadhagan. Wong loro banjur nerusne laku arep bali menyang Kademangan Jatipethuk. Dumadakan Raden Kudana kelingan marang wong tuwane wadon sing manggon ing Tambaksela.
"Mendah senenge Biyungku yen ngerti sedhela maneh bakal duwe putu" mangkono panglocitaning atine Raden Kudana. Mula sadurunge bali menyang Jatipethuk, Kudana kepengin mampir luwih dhisik menyang Tambaksela. Yen telung dina maneh, awit saking panggtegene Ki Nagabiru anake bakal lahir, Kudana kiepengin lahire jabang bayi tinunggon dening simbahe. Kanthi mangkono mesthi nambahi seneng lan mareme Nyai Lasmiyati, biyunge Kudana ya simbahe Jabang Bayi sing dikandhut Sulastri.
Klakon Sulastri nglahirake bayine ing omahe mara tuwane. Kaya sing didhawuhake Raden Bintulu, bayine Sulastri lahir lanang, katon sumunar cahyane. Dening Raden Kudana bayi kuwi diparingi tetenger Raden Sentani. Bareng wis umur sepasar, bayi kuwi digendhong Sulastri digawa bali menyang Jatipethuk. Senadyan Nyai Lasmiyati ngandhani supaya anggone padha bali ngenteni Raden Sentani umur selapan, nanging Raden Kudana lan Sulastri padha ora nggugu, awit ngelingi karo dhawuh sing ditampa saka para leluhur sing wis mapan ing alam parayangan. Wekasane Nyai Lasmiyati uga nglilani.
Nalika lakune Raden Kudana karo Sulastri meh tekan Kademangan Kalipethuk, wektune wis meh suruping srengenge. Dumadakan Sentani sing maune angler turu ana gendhongane ibune, nangis kekejer ora dingerteni apa jalarane. Nganti suwe bayi kuwi ora gelem meneng, ndadekne Kudana lan Sulastri padha jibeg. Tangise bayi sansaya suwe sansaya banter. Raden Kudana banjur ngetog kekuwataning batin, sedhakep saluku juga, nggoleki sing dadi sebab anake nangis sing nganti kaya ngono kuwi. Wusanane Kudana weruh, ing ngisoring wit gedhe ana wong loro sing lagi padha nindakne laku sembahyang.
Raden Kudana lan Sulastri sakala muntab, rumangsa yen ana sing wis ngganggu gawe marang dheweke. Kudana lan Sulastri eling yen salah siji pepalang tumtap Raden Sentani nggone arep ngrebut panguwasa saka Kadenangan Jatipethuk ing tembe, yaiku lamun ing Jatipethuk klebon wong sing ninggal kapitayan sing dirasuk leluhure ngalih kapitayan sing asale saka negara manca. Mula Raden Kudana lan Sulastri banjur tumandang nedya nyingkirne pepalang sing saiki wis katon ana ngarepe iku.
Bayi Sentani sing isih nangis didhukne saka gendhongan, ditumpangne ing watu sing leter. Banjur ditinggal arep nyingkirne sing dianggep marakake si Bayi nangis kekejer ora gelem meneng kuwi. Wong loro sing isih ngadeg jejer madhep mangulon kuwi diparani. Raden Kudana nyekel keris, Sulastri wis ndudut patreme. Sulastri nadyan wong wadon nanging tau diweleg ngilmu kanuragan dening wong tuwane kuwi nyawatake patreme ngarah gegere wong sing manggon ing sisih kidul, Kudana nyudukne kerise marang wong sing manggon sisih lor.
Ora katon ana getih sing muncrat ora keprungu suwara sambat, wong loro sing ketiban patrem lan keris sing sinurung kekuwataning batin kang sinartan mantra kuwi sakala rubuh mengarep, tibane sajroning sikep sujud. Kudana sansaya muntab, ngira lamun wong sing disuduk gegere kuwi wis nyepelekne marang dheweke, ketitik sajak ora ngrewes karo keris sing tumancep ing gegere. Wong sing lagi katon sujud kuwi didugang sakayange.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar