kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
33
Sanadyan nampi pangincim saking Ki Sukirdi ingkang makaten kala wau, nanging Ki Guru Sukirna dereng nyarisosi para cantrikipun, awit Ki Guru Sukirna boten remen menawi ngantos sami ajrih lan kaganggu anggenipun sami ngudi ing kawruh. Ewa samanten duka ingkang nyariyosi, ing kalanganing para cantrik sampun kapireng pating klesik reraosan bab pangincim saking Raden Sentani lumantar Ki Sukirdi punika. Ki Guru Sukirna estunipun malah nguwatosaken menawi ewah-ewahan ing Jatipethuk ingkang kajalaran dening trekahipun Raden Sentani punika kapireng para Pangarsaning Mataram, lajeng Mataram ngetapaken Prajurit, biten sande badhe nuwuhaken kurban ingkang boten sakedhik, awit ugi kathah warga ing Jatipethuk punika ingkang kapencut kaliyan umukipun Raden Sentani.
Let sapeken saking dumuginipun Ki Sukirdi ing Banyugurih, Ki Guru Sukirna niyat badhe manggihi para Mancakaki lan para Bebau ingkang boten kapilut ujar manis saking Sentani. Nanging nalika nembe kemawon Ki Guru Sukirna badhe bidhal, dumadakan wonten suwanten tracak kapal ingkang tumuju ing Padhepokan. Boten dangu kasusul wonten tiyang tiga ingkang sami nitih kapal, mandhap ing sangajenging regol. Cantrik ingkang kajibah jagi Regol gurawalan anggenipun nyaketi. Pranyata ingkang nembe dugi kaliyan kekapalan punika Ki Suyudi, Ki Hudaya Bebau ing Ngerjang lan Ki Baskara Bebau ing Durenan. Sasampunipun nyancang kapalipun, tiyang tiga wau nunten nyuwun inah dhateng Cantrik ingkang Jagi Regol badhe manggihi Ki Guru Sukirna.
"Mangga Ki Suyudi lan Ki Ngerjang tuwin Ki Durenan" saderengipun Cantrik ingkang Jagi Regol wangsulan jebul Ki Guru Sukirna miyos saking wingking Regol lan mbagekaken ingkang nembe sami dugi "mangga bablas dhateng Pendha[a kemawon".
"Inggih Ki Guru, matur nuwun" Ki Suyudi ingkang wangsulan kasambet pangajak dhateng rencangipun "mangga Ki Bebau bablas minggah pendhapa kemawon".
"Mangga kula dherekaken Ki" wangsulanipun Bebau Ngerjang miwah Bebau Durenan meh sareng.
Sasampunipun bage binage ngabaraken kasugengan, Ki Guru Sukirna lajeng pitaken :
"Nuwun Sewu Ki Suyudi saha Ki Bebau Ngerjang lan Durenan, kok beneh kaliyan padatan rawuh ing Padhepokan priyantun tiga sesarengan, kok inggih sami nitih kapal, punika wau pancen sareng saking dalem punapa panggih ing margi nunten sareng-sareng rawuh mriki?".
"Nyuwun pangapunten Ki Guru" Ki Suyudi ingkang wangsulan "estunipun, kula kaliyan Ki Bebau kekalih punika rak saking kekesahan radi tebih ta Ki Guru? niki wau inggih dereng dumugi griya, lajeng njujug ing Padhepokan mriki, ketang kaselak kepenginipun kula kaliyan Ki Bebau kekalih ngadhep ing ngarsanipun Ki Guru".
"Saking tindak tebih Ki?" Ki Guru Sukirna pitaken "kok katingalipun wonten ingkang wigati sanget, ngantos boten kundur rumiyin, malah njujug Padhepokan. Wonten kabar lan badhe paring dhawuh punapa dhateng kula Ki?".
"Inggih Ki Guru" Ki Suyudi wicanten kaliyan nata anggenipun lenggah "kula lan Ki Bebau kekalih nyuwun pangapunten dene sampun tumindak tanpa nyuwun palilah langkung rumiyin dhateng Ki Guru. Estunipun kula tiyang tiga niki wau nembe kemawon sowan dhateng Mataram".
"Mataram?" Ki Guru Sukirna mlenggong "wonten prakawis punapa Ki Suyudi?".
"Kabar ingkang sumebar ing saindenging Jatipethuk sansaya santer Ki Guru, inggih awit saking punika ingkang nyurung lampah kula tetiga parikedah sowan dhateng Mataram temah supe boten nyuwun palilah langkung rumiyin dhateng Ki Guru" wangsulanipun Ki Suyudi.
"Kabar punapa punika Ki Suyudi?" Ki Guru Sukirna sansaya mlenggong "tiyang enjing niki wau tenanipun nembe kemawon kula badhe sowan Ki Suyudi lan para Kadang Bebau saperlu badhe pados kabar criyosipun, lha kedadak karumiyinan Andika tetiga rawuh, dados inggih dhawah kaleresan".
"Inggih Ki Guru" Ki Suyudi wicanten malih "kathah kabar ingkang badhe katur ing ngarsanipun Ki Guru, ingkang sapisan bab sansaya kathahipun tiyang manca ingkang mlebet ing Jatipethuk ingkang criyosipun para prajurit Trah Majapahit lan manunggal kaliyan Raden Sentani. Kaping kalih, kabar anggenipun Raden Sentani ngepyakaken saha misuda Ki Demang Wakil, dados Demang ing Jatipethuk tanpa langkung rumiyin ngawontenaken rerembagan kaliyan para Bebau lan Manca Kaki, kasambet pambiyawaranipun Ki Sukirdi ingkang sampun manunggal kaliyan Trah Majapahit sarta angemohi kabawah nagari Mataram. Kabar ingkang kaping tiga, bab anggenipun Padhepokan Banyugurih ingkang boten purun manunggal kaliyan Trah Majapahit sarta tetep setya dhateng Ngersa Dalem Kanjeng Panembahan Senapati ing Ngalaga, Mataram. Kasambet kabar bilih Raden Sentani boten dangu malih badhe ndhawahaken pidana dhateng para Bebau, para Manca Kaki lan sok sintena ingkang boten ngakeni bilih kebawah Raden Sentani minangka Pangarsaning Trah Majapahit, kalebet Ki Guru Sukirna lan para cantrikipun ing Padhepokan Banyugurih mriki. Inggih awit kula sumerep kathahing para Prajuritipun Raden Sentani ingkang manekawarni wujudipun, kula rumaos was saha kuwatos, pramila saking punika kula nunten ngajak Ki Ngerjang lan Ki Durenan munjuk dhateng Mataram".
Mangetos wartos ingkang kabekta lan kacariyosaken dening Ki Suyudi ingkang makaten punika, Ki Guru Sukirna tumungkul amarikelu. Salebeting manah nangis ngguguk, mrihatosaken lelampahan ingkang sinandhang dening Kademangan Jatipethuk. Menawi ngantos Raden Sentani saestu badhe ngecakaken pangincimipun, kirang-kirang bejanipun badhe nuwuhaken banjir ludira asareh bathang ing Jatipethuk, awit boten mokal ingkang badhe kapatrapan pidana dening Raden Sentani badhe lumawan sakiyatipun. Nanging menawi ngantos Mataram ndumugekaken prajurit sagelar sepapan dhateng Jatipethuk kangge mikut Raden Sentani sakanca rewangipun, tartamtu ugi badhe nuwuhaken perang brubuh ingkang boten sakedhik kurbanipun.
"Makaten Ki Guru, kabar tuwin wartos ingkang saged kula aturaken dhateng Ki Guru" Ki Suyudi wicanten malih sasmpunipun nengga radi dangu Ki Guru Sukirna mendel boten wicanten punapa-punapa "samangke kaparenga Ki Guru paring pitedah murih prayogining lampah".
"Inggih Ki Suyudi" Ki Guru Sukirna wangsulan kanthi suwanten ngemu prihatin "lajeng dhawuh dalem Panembahan Senapati Ing Alaga dhateng Ki Suyudi miwah Ki Bebau Ngerjang lan Durenan kadospundi?".
"Lumantar Rekyana Patih Mandaraka, Ngersa Dalem Kanjeng Panembahan Senapati ndhawuhaken bilih salebeting kalih utawi tigang dinten minggahipun dhateng sapeken mangke, Prajurit saking Mataram sampun dumugi ing jatipethuk, siaga milujengaken peranganing Nagari Mataram saha mikut para kraman ingkang dipun tindhihi dening Raden Sentani".
Bebasan nyabrang kali sampun kebes, wasana Ki Guru Sukirna lajeng suka pamrayogi dhateng Ki Suyudi :
"Manawi makaten murih rahayuning lampah, Ki Suyudi saha Ki Bebau milahi sinten ingkang badhe kapatrapan pidana dening Sentani, wiwit dinten mangke mugi kanthi sesidheman kaungsekna titiyang kala wau saking papanipun".
"Prayoginipun dipun ungsekaken dhateng pundi Ki Guru?" Bebau Ngerjang ingkang wiwit wau mendel, pitaken.
"Ing sakiduling padhepokan punika wonten wewangunan enggal, ingkang suwaunipun badhe kula ginakaken kangge papan paleremaning para cantrik, awit palereman ingkang wonten sampun kraos radi sesak, mbok bilih kangge santawis saged kaginakaken dados papan pangungsen Ki" wangsulanipun Ki Guru Sukirna "Salajengipun, para Bebau lan Manca Kaki tuwin para sinoman ingkang taksih setya dhateng Mataram, kula suwun saged mlempak dhateng Padhepokan mriki dados menawi wonten paridamel sawanci-wanci gampil anggenipun madosi".
Ki Suyudi lan Bebau kalih boten dangu lajeng sami pamitan wangsul badhe nindakaken punapa ingkang dipun dhawuhaken dening Ki Guru Sukirna.
Dalunipun, ing salebeting mahas ing samun, Ki Guru Sukirna karawuhan Ki Tanpa Rupa ingkang paring dhawuh lan paring pitedah menggah srananipun murih Jatipethuk lan Banyugurih saged wangsul tentrem kados saderengipun kadhatengan titiyang ingkang ngaken Trah Majapahit. Inggih punika Ki Banyugurih supados nyuwun sanjata pitulungan dhateng siswanipun Ki Tanparupa, inggih Pangumbara Kalih ingkang taksih Jakakumala-kala. Siswanipun Ki Tanparupa punika saged dipun cegat ing Grojogan Jambe kembar sacaketipun Benawi.
Ana candhake.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar