kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
40
Sauntara kuwi sing ana Jatipethuk, ing Pendhapa Kademangan Ki Sukirdi lagi rerembugan karo Raden Sentani, Ki Trenggilingwesi, Ki Banjaran saka Gunungrambut, Ki Bantarangin saka Putatsanga lan Raden Buntas saka Kedhungtuwung. Kajaba Ki Sukirdi, Ki Trenggilingwesi lan Raden Sentani wong-wong kuwi kabeh lagi wingi sore tekane ing Kademangan Jatipethuk kono. Ki Banjaran nganthi murid-muroid lan andhahane cacah pitung puluh, disuhi dening Wirasekti karo Pothetwana, murid kapracayane Ki Banjaran. Loro-lorone kuwi wis kondhang kaloka minangka benggolane para kecu ing laladan alas brang lor. Ki Bantarangin ditutne murid lan andhahane cacah sewidak loro, sing dadi minangka tetindhihe aran Gilar sing kondhang ing laladan Putatsanga minangka tetuwane para brandhal. Raden Buntas sing kabare isih trahe Patih Anumerda, pepatihe Prabu Girindrawardana teka ing Jatipethuk karo nggawa turunane pandherek kepatihan, cacah patangpuluh sanga.
"Dadi kekuwatane Trah Majapahit iki wis kliwat saka wong patang atus" kandhane Raden Sentani "nanging tak kira cacah samono kuwi durung kuwat kanggo ngrangsang menyang Mataram".
"Mila leres Raden" Ki Trenggilingwesi nanggapi rembug "awakipun piyambak sampun kesesa ngrangsang dhateng Kutha Gedhe rumiyin, nanging kedah nengga mlempakipun kekiyatan ingkang dereng dugi".
"Nanging, yen kesuwen nggone nganggur bocah-bocahku sing saka Gunungrambut kuwi selak ora betah Ki Trenggilingwesi" Ki Bantaran nyauti rembuge Ki Trenggilingwesi "awit bocah-bocahku wis kulina ora tau leren suwe-suwe".
"Sami kaliyan lare-lare kula Ki" Ki Bantarangin numpangi rembug "malah kula kuwatos menawi kedangon anggenipun nganggur, saged mitunani, awit boten mokal lajeng gampil salah tampa sasaminining rowang nanging asalipun boten sami".
"Kados pundi punika Gusti Raden Sentani?" Raden Buntas matur marang Raden Sentani minangka pangarsane Trah Majapahit "ingkang dipun ngendikakaken Ki Banjaran miwah Ki Bantarangin punika sakalangkung leres, kajawi saking punika boten ateges kula ngremehaken kathahing pasadiyan tedha ingkang kacawisaken, nanging boten dangu malih pasadhiyan tedha punika tartamtu sansaya nipis sarta menawi njagakaken pados-pados kados ingkang dipun lampahi dening kanca-kanca saking Grojogan Kaligedhe lan Ngancar punika, kula kinten inggih boten badhe nyekapi, awit cacahipun tiyang ingkang saged dipun kampak punika inggih sansaya telas".
Raden Sentani mesem krungu tembunge wong-wong kuwi kabeh, banjur kandhane :
"Kabeh sing ndika ngendikakake iku ora ana sing luput lan bener kabeh. Pancen sadurunge nDika padha rawuh aku wis nata gagasan, gaweyan apa sing kudu ditandangi sadurunge awake dhewe duwe kekuwatan sing cukup kanggo njebol betenge Mataram lan nggantung Sutawijaya lan anthek-antheke ing alun-alun".
Raden Sentani leren sedhela, panyawange genti-genten diarahne marang sing diajak rembugan kabeh. Ki Banjaran, Ki Bantarangin, Raden Buntas lan Ki Trenggilingwesi ora ana sing semaur, mung mripate kabeh tumuju marang Raden Sentani, ngenteni tutuge tembung.
"Gagasan sing tak temu mangkene" sawuse ora ana sing semaur Raden Sentani mbacutake rembuge "kanggo ngelongi kekuwatane Mataram, ngiras pantes kanggo nambah sangune perang. Para kadang arep tak ajak luwih dhisik ngebroki Kademangan-kademangan sing ana sakiwa tengene Kademangan Jatipethuk kene, sokur yen para Demang sing diparani kuwi mengko gelem nungkul sarananing aris, lire gelem diajak manunggal ing barisane Trah Majapahit kaya Kademangan Jatipethuk iki, dene sing ora gelem nungkul tak kira awake dhewe ora bakal kangelan nguwasni kademangan-kademangan mau sarana kekuwataning perang. Kepriye panemu nDika kabeh karo gagasanku iki?".
Kabeh sing ana pendhapa Kademangan Jatipethuk kuwi padha manthuk-manthuk tandha yen mathuk karo gagasan sing diudhal dening Raden Sentani.
"Lha kanggo gladhen lan kanggo nuwuhake gregete para prajurit" Raden Sentani nerusne omong "sesuk kuwi tak njak miwiti mbedhah Padhepokan Banyugurih sing disuhi dening Guru Sukirna, sedulur tuwane Ki Demang Jatipethuk dhewe, nanging dheweke gemang manunggal karo Trah Majapahit lan sajake isih setya dadi gedibale Sutawijaya. Satemene nggonku kepengin ngrabasa Banyugurih lan mikut Guru Sukirna kuwi rada sauntara, nanging banjur tak endhe-endhe ngenteni wektu sing becik, lha iki sing ndadekne aku rada kuciwa Lurah Sugali siswa pinercayane Ki Trenggilingwesi malah dolan lan nganti saiki durung bali. mBuh parane. Mula sesuk kuwi, kapeksa ora ngenteni baline Lurah Sugali para sedulur tak suwun mbudhalne prajurite menyang Banyugurih. Ora perlu awake dhewe sing tumandang, cukup bocah-bocah cacah satus wae tak kira wis bisa ngebroki Padhepokan lan nguwasani kabeh isen-isene".
Krungu rembuge Raden Sentani sing mangkono iku, wong-wong sapendhapa padha katon sumunar guwayane, mratandhani seneng sajroning atine. Nanging dumadakan Raden Sentani dadi rada kaget nalika Anggada prajirit gawan saka Ngancar, munggah pendhapa sajak kesusu lan katon yen lagi nemoni perkara sing banget wigati sing perlu age-age dilapurne.
"Ana apa Anggada?" tanpa sranta Raden Sentani nakoni wong pinercayane kuwi.
"Ketiwasan Gusti" Anggada matur sajak wedi "wonten Prajurit sagelar sepapan tumuju mriki, samangke sampun meh dugi tapel wates antawisipun Padhukuhan Krajan kaliyan Banyugerih, Menawi nitik panji-panji saha rontek lan umbul-umbulipun kadose ingkang dugi punika Barisan saking Mataram".
"Saka Mataram?" Raden Sentani katon nek kaget "yen ngono wis ana wong Jatipethuk kene sing wadul menyang Sutawijaya. Kira-kira cacahe prajurit Mataram pira Anggada?"
"Kinten-kinten menawi kalih atusan Gusti" wangsulane Anggada.
"Bagus, wis tak tampa lapuranmu"
Anggada manthuk kurmat, karo nyembah banjur mundur mudhun saka pendhapa.
"Menawi namung samanten cacahing tiyang Mataram, kula kinten cekap dipun pethukaken kaliyan Prajurit saking Grojogan Kaligedhe lan Ngancar kemawon Gusti" sadurunge Raden Sentani ngucap apa-apa Ki Trenggilingwesi ndhisiki matur.
"Kula kinten makaten ugi prayogi Bapa" wangsulane Raden Sentani "ketingalipun Mataram dereng ngertos kekiyatanipun Jatipethuk lan sajak namung ngintunaken prajurit rucah ingkang boten sepinten cacahe".
"Nanging kula nggih kepengin sumerep kados napa kridhane sing jare prajurit Mataram niku Gusti" Ki Banjaran nyauti rembug "kula nyuwun palilah supados lare-lare kula tumut majeng mapag barisan saking Mataram niku".
"Nuwun sewu Gusti" Ki Bantarangin numpangi rembug "kangge nambahi gregetipun lare-lare saking Putatsanga, kula nggih nyuwun supados lare-lare kula dipun keparengaken ngangge dolanan bregejil-bregejilipun Sutawijaya punika".
"Menawi saged dipun rampungaken kanthi cepet, kenging punapa ndadak dipun endhe-endhe GustI?" Raden Buntas melu udhu rembug "kula kinten langkung prayogi sedaya prajurit lan senapati ing Jatipethuk punika dipun bidhalaken sedaya, mangke badhe ketingal bilih estunipun Mataram punika boten wonten napa-napane yen dibandhingaken kaliyan Trah Majapahit. Kanthi makaten badhe kathah Adipati mandhapipun para Demang ingkang samangke taksih mangayom dhateng Mataram, badhe malik tingal lajeng sami pados wilujeng, ngalih ndherek manunggal kaliyan Gusti kula Raden Sentani".
Raden Sentani manthuk-manthuk, sajak mathuk karo panemune wong-wong sekti sing ana pendhapa kuwi. Wasana klawan cetha , Raden Sentani banjur kandha semu nibakne parentah :
"Kula sakalangkung mathuk kaliyan pamanggihipun sadaya kadang, awit saking punika mangga dhatengipun barisan saking Mataram punika dipun pethukaken sareng-sareng. Kula piyambak ingkang madeg minangka tetindhih, panjawat kanan kula pasrahaken dhateng Ki Banjaran, panjawat kering kula pasrahaken Ki Bantarangin. Adhimas Buntas lan Ki Trenggilingwesi minangka tetameng saha cucuking pabarisan".
"Sendika ngestokaken dhawuh" kabeh sing ana kono bareng wangsulan.
Ora suwe rerembugan ing pendhapa kuwi bubar, kabeh banjur padha tata-tata mapagne tekane barisan sagelar sepapan saka Mataram. Arepa dikaya ngapa, ing antarane Ki Banjaran, Ki Trenggilingwesi, Ki Bantarangin lan Raden Buntas, kabeh kepengin nuduhake marang Raden Sentani lan kabeh wadya balane, yen sing paling kena dijagakne butuh, ora ana liya kajaba prajurit-prajurit sing digawa dhewe-dhewe.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar