kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
39
Sugali nyawang Sontrot sajak ora percaya, amerga kena diarani mokal yen bocah lagi meguru lan sinau kanuragan kok wis nduweni kadigdayan sing ngdab-edabi. Ora mbutuhne wektu sapajagongan, wis bisa gawe dheweke rubuh tanpa daya. Nanging, yen ngelingi bocah loro kuwi, kaya sing dikandhakne nek isih putune mBah Jenggotarang, lelembut sing mbaureksa Sendhang Teleng, ya ana empere. Nanging, kanggo apa Rangga lan Marga meguru lan ajar Kanuragan ing Padhepokan cilik kaya ngene iki yen wis nduweni kaluwihan sing ngedab-edabi ngono kuwi?.
"Mengko dhisik, kowe kok bisa ngomong yen Marga lan Rangga kowe Cantrik anyaran neng kene, sing ngomongi kowe sapa?" timbang bingung dhewe Sugali banjur takon marang Sontrot.
"Wau enjing, wonten malih pandhereke Gusti Raden Sentani dugi mriki, cacah gangsal, sami didamel bengeb praupane kalih Rangga lan Marga, criyose merga ngganggu anggenipun lare kalih niku matun gaga teng tegilan, nggih tiyang gangsal nilku sing nyanjangi kula nek lare kalih nika Cantrik Anyaran" wangsulane Sontrot.
"Piye? Ana maneh pandhereke Gusti Raden Sentani sing digawe lumpuh, banjur ditambani neng kene? Bocah lima, sapa wae kuwi?" Sugali takon karo sajak ora seneng atine.
"Sing kula ngertos jenenge namung setunggal Giras, lintune kula boten apal jenenge, niku tiyang-tiyang saking Ngancar. Dening Gusti Raden Sentani, Giras sakancane didhawuhi damel kekes saha ajrihe Ki Guru Sukirna lan para cantrike, nembe ajeng ngajrih-ajrihi mpun ketanggor kalih cantrik sing dereng genep tigang sasi meguru teng mriki lajeng diajar ngantos boten saged ngadeg" Sontrot wangsulan karo sajak wedi merga mripate Sugali wiwit mentheleng.
Sugali ora omong maneh, mung bathuke banjur ketok pating jengkerut mretnadhani nek olehe mikir sansaya krasa luwih ruwet. Sontrot pamitan arep bali awor kancane nglakoni laku patobatan, amerga mau olehe ninggalne kanca-kancane sebab Sontrot kepengin mbuwang banyu neng pakiwan. Baline weruh lurahe lagi lungguh neng lincak banjur dicedhaki lan banjur omong-omongan. Sugali dipamiti Sontrot mung wangsulan karo manthuk thok, ora nyuwara apa-apa. Lurah Prajurit andhahane Raden Sentani kuwi ora leren-leren anggone mikir, apa sing kudu ditindakne sawuse awake krasa penak iki.
"Ah, ora!" tanpa krasa Sugali ngomong dhewe. Lambene mbantah pangajake ati supaya manunggal karo Ki Guru Sukirna, ninggalne Raden Sentani. Amarga wis katon nyata yen Ki Guru Sukirna kuwi ngajak marang kabecikan, mulang muruk para cantrik supaya nyebarne kabecikan kanggo karahayoning wong akeh. Nanging saka ati sing sasisih ana suwara :
"Uripku biyen sing menehi Ki Trenggilingwesi, cilik digedhekne, bodho dipinterne, diwarahi carane urip lan dituntun supaya tetep bisa urip, Ki Trenggilingwesi ngajak lan mrentah supaya manunggal karo Raden Sentani kanggo nggayuh urip sing luwih becik, kanggo nggayuh kaluhuraning drajat dimen luwih kajen lan kineringan dening sapepadhaning uwong. Raden Sentani ya wis nyaguhi, yen Ki Guru Sukirna bisa kapikut, aku bakal sing nggenteni kalungguhane nglurahi Padhepokan iki sarta nguwasani kabeh kas-kayane Padhepokan, Pekarangan, Pategalan lan sawah-sawahe. Aku ora kena gampang kegodha. Aku Sugali, muride Ki Trenggilingwesi, andhahane Raden Sentani, mbuh carane aku kudu bisa mbudidaya urip sing mukti wibawa".
"Nanging uripku kuwi kudune wis cuthel neng Gisiking Sendhang Teleng" ana suwara liya ing jero atine, "uripku sing keri iki sing menehi Ki Guru Sukirna lan Cantrik-cantrike. Nalikane aku ora eling apa-apa , njebabah ndhepani lemah neng cedhak Sendhang Teleng, upama ora dikukup awit prentahe Rangga lan Marga supaya digawa menyang Padhepokan Banyugurih kene kianggo ditambani, aku mesthi wis mati neng kana, mbuh merga dadi mangsane kewan galak, mbuh merga loiyane. Dadi urip paweweh saka Ki Trenggilingwesi kuwi wis entek, saiki kudu nyoba urip nganggo cara uripe sing nyambung umurku, yaiku Ki Guru Sukirna lan cantrik-cantrike".
"Apa?" suwara ati sing dhisik mau keprungu maneh "Kowe arep nyoba urip kaya cantrik-cantrik kuwi? Apa entuk-entukanmu mengko? dadi cantrik? banjur yen Ki Guru Sukirna wis kepikut dening Raden Sentani, kowe dikatutne dosane dicacah ragamu kanggo pakan ula? banjur dening Ki Trenggilingwesi kowe ditambahi pasiksan merga kowe wis nyidrani kasetyan marang panjenengane? Gelem kowe Sugali?".
"Ah, apa ya klakon Raden Sentani bisa mikut Ki Guru Sukirna? eling Sugali, lagi cantrike sing durung suwe nyecep ngilmu kanuragan wae wis bisa nglumpuhne kowe sakkancamu sajroning wektu kurang saka sapanginang lho?. Bisa - bisa malah mengko Raden Sentani lan Ki Trenggilingwesi sarta kabeh srayane bakal teluk lan nyantrik neng kene, kajaba kowe yen sida mbalik melu Raden Sentani, kowe bakal katon cetha yen ora kena dipercaya lan ora weruh ing kabecikan, kowe bakal disingkirne Sugali, merga ora ana papan neng donya iki sing pantes dipanggoni dening wong sing ora kena dipercaya!" suwara iki bali dumeling neng angen-angene Sugali maneh.
Sugali sansaya jibeg. Suwara-suwara kuwi ora leren padha padu ing sajroning angen-angen lan pikirane. Sugali ngrasakne kesel, tangane loro pisan ditutupne kupinge, nanging suwara-suwara kuwi tetep keprungu, malah sansaya cetha ing pangrunguning batine. Nganti banjur teka suwara anyar sing keprungu alus mlebu pangrungoning nalare :
"Aja kaya wong bodho Sugali, urip iki uripmu dhewe, uripmu dudu uripe Raden Sentani, dudu uripe Ki Trenggilingwesi uga dudu uripe Ki Guru Sukirna. Ana apa-apane wong-wong kuwi melu ngrasakne. Sing bisa ngrasakne ya kowe dhewe, tinimbang kowe bingung milih, becik ngetutna ilining banyu lan parane angin. Aja gumantung marang wong liya, nanging gunakne wong liya kuwi kanggo nyukupi butuhmu dhewe. Wis bener nalika Ki Trenggilingwesi bisa nguripi kowe, kowe manut dheweke, nalika Sentani murakabi tumrap uripmu ora luput kowe nggugu sing dikarepne samono uga nalika Sukirna tumindak murih becike ragamu, kuwi ya kudu kok enut. Nanging, kowe kudu pinter aja pisan-pisan kowe mati merga Trenggilingwesi, Sentani apa dene Sukirna kosok baline kowe aja pisan-pisan susah merga matine wong-wong kuwi, luwih-luwih yen matine wong-wong kuwi, ndadekne tekane kabegjanmu".
Sugali mesem. Atine nicil ayem.
Dina candhake, Pangeran Singasari minangka Senapati Agung Mataram sing masanggrah ing Banyugurih, isih repet-repet parak esuk wis mrintahne supaya Prajurit Mataram ninggalne Pasanggrahan budhal menyang Jatipethuk arep mikut Raden Sentani kang wis dianggep luput merga niyat mbalela ing ratu. Kaya padatan prajurit Mataram kuwi kapantha-pantha dadi pirang-pirang barisan nut lan kaluwihan sing diduweni dhewe-dhewe. Ana barisan sing gegamane Tumbak, ana sing gegamane pedhang, gada lan sapiturute. Kajaba Senapati Agung, uga akeh Senapati sing ngesuhi pepanthaning prajurit, lan ana Senapati sing ngesuhi para Senapati. Kabeh dikumpliti karo dwaja, rontek lan umbul-umbul sing maneja warna rupane. Gendera Gula Klapa katon kapanjer dhuwur kaya-kaya aweh pangayoman marang sakehing Prajurit Mataram sing pasang gelar Garudha Nglayang .
Para pangarepe pepanthan Cantrik bareng ngerti yen Prajurit Mataram wis dibudhalake uga banjur nata andhahane dhewe-dhewe. Sawise tumata Ki Guru Sukirna uga banjur aweh prentah supaya barisane para Cantrik budhal mlaku rada adoh manggon ing mburine barisan Mataram. Sanadyan tata gelar barisan Cantrik saka Banyugurih iki mung dadi pandhereke barisan Prajurit Mataram, nanging dening Rangga barisan cantrik iki diprayogakne gawe gelar dhewe. Rangga mrayogakne supaya barisan cantrik nganggo gelar Glathik Neba, perlune luwih longgar nggone obah lan ora dianggep ngganggu tataning baris prajurit Mataram sing dieloni. Rangga lan Marga sing dening Ki Guru Sukirna luwih dipercaya bisa mungkasi karya kuwi, pancen nduweni karep anggone mrayogakne para cantrik pasang gelar Glathik Neba iku murih anane Rangga lan Marga ora gampang bisa diweruhi dening Prajurit Mataram sing wis tepung marang bocah loro kuwi, luwih-luwih dening Pangeran Singasari.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar