Total Tayangan Halaman

Selasa, 15 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (38)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

38

Bengi kuwi kabeh Cantrik mlumpuk neng Pendhapa, Ki Guru Sukirna nekakne kabar sing ditampa saka Ki Suyudi sing digathukne karo kabar sadurunge sing digawa andhahane Raden Sentani sing kena ditelukne Rangga lan Marga nalika kerengan ing pategalan gaga. Kira-kira telung pasar kapungkur pancen Ki Guru Sukirna pancen wis ngandhani kabeh cantrike yen Sentani lan Ki Sukirdi wis nyawiji arep ngrabasa Padhepokan Banyugurih, nanging wektu kuwi kapan dinane durung cetha. Samengko adhedhasar kabar saka Ki Suyudi lan andhahane Sentani sing wis teluk mau, dina anggone bakal ngrabasa Padhepokan wis cetha, saiku nek ora sesuk ya sesuke. Mula sepisan maneh Ki Guru Sukirna banjur nanting para cantrike :

"Kaya pitakonku sing wis tau tak ucapne, pitakon iki tak baleni, sapa bocah Cantrik sing wani notohake uripe kanggo mbelani Padhepokan Banyugurih iki?".

Tanpa semaur, kabeh Cantrik gedhe cilik padha ngacungake tangane dhewe-dhewe tandha lamun sumadiya ngurbanke nyawa kanggo ngadhepi mungsuh sing arep ngejeki Padhepokane. Para cantrik kuwi kabeh wis padha manteb tekade, tinimbang kudu meruhi Padhepokan sing banget ditresnani kuwi arep dikuwasani Sentani, aluwung mati dadi bebantening Padhepokan.

"Nyuwun Pangapunten Bapa Guru" dumadakan ana sawijining Cantrik, sing sasuwene iki pinercaya dening Ki Guru Sukirna minangka lurahing Padhepokan, sing kajaba ngacungake tangane uga guneman.

"Iya, piye Wignya?" Ki Guru Sukirna tumanggap.

"Estunipun wiwit Bapa Guru paring dhawuh bab pangincimipun Raden Sentani lumantar Ki Sukirdi kapengker, meh saben saben dinten para kadang Cantrik sami nambahi anggenipun gladhen ing reh kanuragan lan saben dinten sampun tata-tata, sawanci-wanci mengsah dumugi ugi sampun siaga ngadhepi. Malah kathah ingkang sami reraosan, tinimbang kedangon anggenipun ngrantos upami kadhawuhan nglurug dhateng Jatipethuk ugi sampun sawega ing gati" Lurah padhepokan sing jeneng Wignya kuwi mblakakne isen-isening atine para Cantrik.

"Sokur yen pancen mangkono Wignya" wangsulane Ki Guru Sukirna sabanjure "pancen dina sesuk kuwi, awake dhewe ora ngenteni tekane mungsuh, nanging mapagne tekane mungsuh. Dadi perang sesuk kuwi, aja nganti ngregedi Padhepokan Banyugurih kene. Sesuk para Cantrik kabeh tak parentahne supaya melu budhal ing palagan, ndherekne Barisan Prajurit Mataram sing dipandhegani dening Gusti Pangeran Singasari, sanadyan mangkono aja ana sing duwe pangira dumeh manggon ing mburi ora bakal kepethuk mungsuh, awit sing diadhepi iki wadya kraman sing julig, dadi aja pisan-pisan ana sing tinggal kaprayitnan".

"Dhawuhipun Bapa Guru badhe tansah kula sakanca estokaken".

"Wis samene dhisik, saiki padha tata-tataa sesuk, samangsa-mangsa krungu trompeting Prajurit Mataram sing saiki masanggrah ing  wewangunan anyar calon gothakane para Cantrik kae, barisane Cantrik siagakna kaya sing wis tak wulangake".

"Nuwun inggih sendika".

Sauntara iku, ing Gandhok Wetan Lurah Sugali lagi lungguh lincak sendhen cagak, nyawang mendhuwur laya lagi ngetung usuk.  Pikirane Sugali lagi nglangut ngumbara menyang ngendi-endi, selawase urip ora tau ngangen-angen nek arep manggon neng papan sing kaya ngono kuwi. Papan panggonane para nom-noman sing sing padha ngangsu kawruh kanggo sangu urip ing tembe mburi, urip neng donya ya urip sawise nglakoni mati. Neng kene Sugali krungu yen jarene uripe kabeh manungsa kuwi diatur karo Sing Maha Suci, sing wujude ora kena kinaya apa. Kamangka sasuwene iki sing diweruhi Sugali, sing diarani sesembahan kuwi ya sing wis aweh kamukten marang awake. Biyen sesembahane ora liya ya Ki Trenggilingwesi, sing saiki wis manggon neng alam kumara, wujude Kewan Trenggiling sing gedhene telung prangkulane manungsa, dene panembahe sarana manut miturut apa sing dadi kersane sing diliwatne marang Ki Sugiwang kang wis marisi asmane, ya Ki Trenggilingwesi sing saiki-iki. Saka Ki Trenggilingwesi Sugali wis nampa pirang-pirang kabisan sing ora disuweni manungsa liyane. Sesembahan sing kaping pindho yaiku Raden Sentani, sing jarene isih Trah Majapahit, sing miturut gurune Sugali ing tembe bakal nyekel panguwasa ing tanah jawa. Kajaba wis aweh kamukten sarta kalungguhan sing bisa diajeni dening sapepadhaning uwong, Raden Sentani uga wis paring tambahing kasekten lan kaluwihan marang dheweke.  Lha saiki, Sugali krungu yen sing diarani sesembahan kuwi mung siji, sing nguwasani sakehing jagad saisine, kamangka sing muni ngono kuwi ya durung nate weruh wujude sing disembah. Nanging Sugali teka gumun kepati-pati, ingatase durung weruh wujude sing disembah nanging sing padha nyembah anggone ngestokne dhawuhe tenanan banget, ora mandheg neng lahir nanging dilakoni tumekeng batin. Kaya upamane nalika dheweke takon marang salah sijine Cantrik sing nambani larane :

"Kisanak ya gene kowe gelem ngopeni aku? kamangka aku iki dudu apa-apamu, lan aku ora bakal bisa aweh piwales apa-apa marang ndika, nganti ndika rewangi ngrekasa melek nunggoni aku ing paturon, kamangka wong liyane enak-enak padha turu. Lan saupama ndika tinggal turu, ya ora bakal ana sing weruh, wong Ki Guru Sukirna ya ora ngerti. Apa pamrihmu kisanak?".

"Kula aturi ngertos nggih Ki Lurah" Cantrik kuwi wangsulan kanthi alus "anggen kula purun mbudidaya nambani ndika niki, boten karana ndika, boten ngarep-arep napa-napa saking ndika, ugi boten krana Bapa Guru, nanging niki kula lakoni minangka sarana kangge manembah dhateng Gusti Ingkang Maha Asih, Dzat Ingkang tansah mirsani sadaya mobah-musiking titah ing alam donya punika,  kula namung ngajeng-ajeng murih saged katampi panembah kula dhateng Panjenenganipun kemawon".

"Lha anggon ndika kepethuk karo Gusti Sing Maha Asih kuwi dhek kapan?"

"Gusti ingkang Maha Asih punika, Dzat ingkang boten kuwasa mripating manungsa nyumerepi  ing ngalam donya punika, sampun ta ngantos nyumerepi, ngentha-ngentha kados punapa kemawon boten badhe saged ketang saking Maha Agungipun. Sampun samangke prayogi Ki Lurah boten menggalih ingkang awrat-awrat rumiyin, langkung sae menawi kangge kendel murih enggal pulih kados wingi uni".

Nyuuuut, dumadakan Sugali eling marang dhawuhe sesembahane, ya Raden Sentani, yaiku yen wis teka titiwancine Sugali kaparentah supaya ngrangket lan ngendharat Ki Guru Sukirna lan kabeh cantrike, yen ana banggane Sugali uga wis diprentah supaya mateni sing padha bangga. Sugali uga dijanjeni yen Ki Guru Sukirna lan kabeh cantrike klakon dirangket, dheweke sing genti sing nglurahi Padhepokan Banyugurih iki lan nguwasani kabeh bandha-bandhane. Nanging kanyatane, saiki malah dheweke wis mapan ana Padhepokan Banyugurih, diopeni kanthi becik dening cantrik-cantrike Ki Guru Sukirna.

"Iya aku diopeni ana kene iki merga aku tau nandhang tatu sing rada abot nalika aku kerengan karo bocah sing jenenge Marga adhine Rangga, bocah loro kuwi ngaku yen putune Ki Jenggotarang dhanyang Sendhang Teleng. Banjur apa sambung rapete antarane Marga lan Rangga karo Ki Guru Sukirna lan Padhepokan Banyugurih iki?" Sugali nggagas lelakone.

"Nembe menggalih punapa Ki Lurah?" tanpa ngerti sangkan parane dumadakan Sontrot wis lungguh neng cedhake Sugali karo takon "sajake Ki Lurah empun pulih saestu?".

"Ora mikir apa-apa" wangsulane Sugali "bener kandhamu, aku wis ora ngrasakne lara babar pisan. Lha bocah-bocah padha neng ngendi kok ora ana sing katon?".

"Kanca-kanca nembe nindakaken dhawuhipun Ki Guru Sukirna".

"Dikonkong apa?".

"Nindakaken lampah patobatan, nyuwun pangapunten dhateng Gusti Ingkang Maha Asih".

"Apa lupute wong-wong mau kok ndadak kudu njaluk ngapura marang Gusti Sing Maha Asih kuwi?" Sugali takon .

"Kathah sanget Ki Lurah, kula boten saged nyriyosaken, mangke mawon nyuwun pirsa dhateng Ki Guru Sukirna piyambak" Sontrot wangsulan "ingkang kula eling namung setunggal, menawi kepengin lepas saking walatipun Ki Jenggotarang, kula sakanca kadhawuhan nyaket dhumateng Gusti Ingkang Maha Asih, ingkang ugi Gustinipun sadaya titah kalebet mBah Jenggotarang lan Dhanyang-dhanyang sanesipun".

"Oh, iya kelingan aku" Sugali ngomong semu rada kaget "Putune mBah Jenggotarang loro kae saiki apa wis bali menyang Sendhang Teleng?".

"Ooo, Rangga kaliyan Marga ta?" Sontrot wangsulan "lare kalih nika pranyata Cantrikipun Ki Guru Sukirna, dereng dangu anggenipun nyantrik ing Banyugurih mriki. Dados nggih boten wangsul saderenge anggenipun nyantrik tutug".

 

ana candhake.

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...